Sègel Kakèiseran Jepang (ing basa Jepang: 菊の御紋 Kiku No Gomon, tegesé kang barès Sègel Mulya Krisantemum utawa Sègel Kamaharajan Krisantemum) iku sègel kang digunakaké kulawarga kakèiseran Jepang.
Mirid pageran Méiji, ora ana kang diidinaké nganggo sègel kakèiseran kajaba kèiser Jepang. Mula, saben anggota kulawarga kakèiseran migunakaké versi sègel kang rada béda. Pamujan-pamujan Shinto darbéné kulawarga kakèiseran uga migunakaké versi-versi sègel kang wis diowahi sethithik.
Nganti taun 2005, ora ana paugeran kang nyatakaké sègel apa kang dadi sègel praja ing Jepang. Lumrahé sègel kakèiseran dianggep sègel praja. Tuladhané, sègel mau kaanggo ing samaking paspor Jepang.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Sègel Kakèiseran Jepang, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.