Propagandha

Propagandha iku pratélan, mligi kang sipaté sih-sihen, kanggo ngangkat lan mbiwara ancas utawa cara pandeleng pulitik tinamtu.

Propagandha iku ana gayutané karo mékanisme psikologis kanggo mrabawa lan ngrobah cara pandelengé wong akèh marang ancas, kéblat, utawa agèndha pulitik tinamtu nedya minangka konsènsus tumrap saprangkat pola kapitayan kang baku.

Propagandha
Lukisan propagandha Prancis Napoléon Nyabrang Alpen (1805), minangka gegambaran romantik déning Jacques-Louis David nalika Perang Napoléonik.

Propagandha iku pratélan kang ora adil lan mligi kanggo mrabawani pamirsa lan kanggo agèndha ing tembé mburi, asring kanthi pilih-pilih saperlu nuduhaké kasunyatan (contoné goroh lumantar panyawad) nedya nyantosani sintèsis tinamtu, utawa kanthi pamekas-pamekas kabobot murih éntuk wales émosional, dudu rasional, marang pratélan kang dituduhaké.

Ing wektu iki, istilah propagandha iku magepokan karo pamarekan jingoistik tur manipulatif, nanging duk nguni propagandha iku istilah dhèskriptif kang nétral.

Ètimologi

Propaganda iku tembung Latin modhèren, wujud gèrundhif saka tembung propagare, kang werdiné mratahaké utawa nyebaraké, mula propaganda ateges kang disebaraké. Purwané, tembung iki asal saka badan administratif anyar ing Gréja Katulik (konggrégasi) kang diyasa ing taun 1622 ingaran Congregatio de Propaganda Fide (Konggrégasi kanggo Nyebaraké Kapitayan), utawa ora resminé ingaran Propaganda. Kagiyatan-kagiyatané ngarah "nyebaraké" kapitayan Katulik marang nagara-nagara nir-Katulik.

Kawit taun 1790-an, istilah iku wiwit dianggo marang kagiyatan-kagiyatan propaganda sèkulèr. Istilah iku lekas ngemu konotasi péyoratif ing kala tengahan abad ping 19, nalika tembung iku dianggo ing mandala pulitik.

Pratélan tetembungan

Tegesing tembung-tembung

Ana ing ngisor iki tembung-tembung Jawa kang dianggo ing artikel iki, dikanthèni jarwané ing basa Inggris.

  1. adil - impartial
  2. ancas - cause
  3. baku - standard
  4. cara pandeleng - point of view
  5. diyasa - to be created
  6. goroh - lying
  7. ingaran - to be called
  8. kapitayan - belief
  9. kasuyatan - fact
  10. kéblat - position
  11. mandala - sphere
  12. mrabawa - to influence
  13. ngangkat - to promote
  14. ngarah - to aim
  15. ngrobah - to alter
  16. mbiwara - to publicize
  17. nyantosani - to encourage
  18. pamarekan - approach
  19. pamekas kabobot - loaded message
  20. panyawad - omission
  21. pratélan - information
  22. purwané - originally
  23. sih-sihen - bias
  24. wales - response
  25. werdi - meaning
  26. wujud - form

Cathetan

Tags:

Psikologi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Irfan BachdimUlil Abshar AbdallaMalaysiaAl-Qaéda1530-anMi ongklokTembung panggandhèngAngka JawaMangkunagara ICornelia AgathaDina MarianaTeletubbiesRukun IslamA.C. Chievo VeronaWest VirginiaYurike PrastikaTaun wuntu2012DinaSon Heung-minAremaSatéKodhok godhogKenongSaturnusSoenarkoLee Min HoTitilarasReza RahadianSurtanahPramoedya Ananta ToerÈnsiklopédhiSalakJakartaKhulafaur RasyidinSoehartoMikèl ArtétaPiknik wudaKodhokTom HollandWalandaAmérika sarékatRuwatanKopi LuwakIklanSundar PichaiWukuCilokHaumeaBrexitUdohPenyuTrombositSt. PetersburgDenzel Washington800VenusGaruda Wisnu KencanaBaworPratélan Mahamantri JepangUmar bin Abdul AzizGemblongJenang sungsumIowaPratélaning Wali Kutha SurabayaFilem pornoAlamGibran RakabumingAnang HermansyahRossaSepi ing Pamrih Ramé ing GawéMasjidil KaramXabi AlonsoTèknologi informasi🡆 More