Nia Ramadhani

Prianti Nur Ramadhani utawa kang luwih akrab diundang Nia Ramadhani yaiku aktris lan bintang iklan Indonesia kang lair ing Jakarta nalika tanggal 16 April 1990.

Dhèwèké kalebu artis wédok kang nganut agama Islam. Nia Ramadhani tau pacaran karo penyanyi R&B, yaiku Ressa Herlambang, nanging ora suwé banjur pedhot. Nia Ramadhani banjur pacaran karo Bambang Reguna Bukit utawa kang kondhang kanthi Bams, yaiku penyanyi utawa personèl saka grup band Samsons. Hubungané karo Bams uga mung sedhéla, banjur pedhot. Nia Ramadhani banjur pacaran karo putra ragilé Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono, yaiku Edi Baskoro, kang uga ponakané calon Gubernur Sulawesi Selatan, yaiku Syahrul Yasin Limpo, Adnan Puritcha Ichfan Yasin Limpo. Nia Ramadhani ngrubah jenengé dadi Ramadhania Ardie Bakrie sawisé nikah karo putra pengusaha kaloka Aburizal Bakrie, Ardie Bakrie nalika tanggal 1 April 2010.

Nia Ramadhani
LairPrianti Nur Ramadhani
(1990-04-16) April 16, 1990 (umur 34)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
Dhuwur170 cm (5 ft 7 in)
BojoAnindra Ardiansyah Bakrie (o. 2010)
Anak2
Wong tuwa
  • Priya Ramadhani
  • Chanty Mercia
Dulur
  • Thalita Ramadhani
  • Wawan Ramadhani
Nia Ramadhani
Nia Ramadhani

Karir

Nia Ramadhani miwiti kariré awit umur 15 taun. Sinétron kang kapisan dimainaké yaiku Siti Nurbaya. Nia Ramadhani tau main ing pirang-pirang sinétron, kaya ta Alisha, Kisah Adinda, Benci Jadi Cinta, Soleha, Hey Cantik, Candy, Bembi, lan Diva. Nia Ramadhani uga tau main ing sinétron sèrial, yaiku Bawang Merah Bawang Putih. Nia Ramadhani uga tau main ing filem layar lebar kaya ta main ing filem horor Suster Ngesot. Sawisé iku, Nia Ramadhani main ing filem horor Hantu Kreteg Ancol, lan ing taun 2008 kanthi filem kang irah-irahané Kesurupan. Nia Ramadhani uga tau main ing iklan. Iklan kang tau dimainaké Nia Ramadhani yaiku Frutamin.

Filmografi

Sinetron

Sinetron kang tau dimainake Nia Ramadhani yaiku:

  • Srimulat
  • Unyil
  • Bidadari 2 ing taun 2002 minangka Gisela
  • Hantu Cilik ing taun 2003 minangka Alya
  • Inikah Rasanya ing taun 2003 minangka Nanda
  • Surga di Telapak Kaki Ibu ing taun 2003 minangka Bunga
  • Kisah Adinda ing taun 2004 minangka Aulia
  • Sitti Nurbaya ing taun 2004 minangka Sitti Nurbaya
  • Bawang Merah Bawang Putih (sinétron RCTI) ing taun 2004 minangka Siska/Bawang Merah
  • Anakku Bukan Anakku ing taun 2005 minangka Wilda
  • Iman (sinétron) ing taun 2005
  • Leida ing taun 2005 minangka Nabila
  • Benci Jadi Cinta ing taun 2006 minangka Alya
  • Gue Sihir Lu ing taun 2006 minangka Luna/Sofie
  • Hikmah 3 ing taun 2006 minangka Amanda
  • Ratapan Anak Tiri ing taun 2006 minangka Nina/Marsha
  • Ridho ing taun 2006 minangka Aisyah
  • Alisha (sinétron) ing taun 2007 minangka Alisha
  • Cinta Jangan Buru-Buru ing taun 2007 minangka Mia
  • Cinta Kirana ing taun 2008 minangka Kirana
  • Syarifa ing taun 2008 minangka Syarifa
  • Kian (sinétron) ing taun 2008
  • Alisa (sinétron) ing taun 2008 minangka Natasha
  • Cinta Nia ing taun 2009 minangka Nia
  • Timur Cinta minangka Alisha
  • Cinta Andre Kauffman
  • Legenda: 7 Bidadari

Film

Film kang tau dimainake Nia Ramadhani yaiku:

  • Suster Ngesot
  • Hantu Kreteg Ancol
  • Kesurupan

Cathetan suku

Tags:

Nia Ramadhani KarirNia Ramadhani FilmografiNia Ramadhani Cathetan sukuNia RamadhaniAburizal BakrieAktrisGubernurIndonesiaIslamJakartaPrésidhènRessa HerlambangSamsonsSulawesi SelatanSusilo Bambang Yudhoyono

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

ꦄꦭꦸLionel MessiGibran RakabumingSurat At TalaqElizabeth OlsenPutri PatriciaUni SovyètTeleskop HubbleOmah adat JawaSemarFilem pornoPanambangBale Sigala-galaBasa InggrisZionismeSunan BonangGandane arum jambanWikisumberKampakBrandon BarkerGlenn FredlyDante AlighieriAndhaLesothoWengi28 Maret1562DiktatorCiléDian SastrowardoyoAngela Dorothea MerkelWarschauPerang BadarLi Keqiangꦎꦪꦺꦴꦢ꧀GaranganBasa Arab Mesir990Paus FransiskusArab SaudiMontorAli-aliRépublik Rakyat CinaSemana SantaSurat Al FurqaanBernTembung katranganIbnu TaimiyahLinkin ParkInstagramWilhelmina saka WalandaEmasꦏꦭꦺꦴFédération Internationale de Football AssociationTim nasional bal-balan PrancisTransistor sambungan dwikutubMarmutMia KhalifaBuenos AiresDominique HouraniBasa IndhonésiaMahfud MDRepublik Otonom KriméaWayang dongèngꦄꦮꦤ꧀Encyclopædia BritannicaBanjulBloemfonteinNoe LettoChantal Della ConcettaSepi ing Pamrih Ramé ing GawéArané pérangan awakꦏ꧀ꦭꦱGeorgia (praja)A🡆 More