Kirkuk

Kirkuk (Arab: كركوك‎‎ Karkūk, Basa Turki: Kerkük, Kurdhi: کەرکووک‎ Kerkûk; Karkh-Selokh) ya iku sawijining kutha ing Irak lan mujudaké kutha krajané Kagubernuran Kirkuk ing Irak, 238 kilomèter (148 mil) sing dumunung ana pérangan lor kutha Baghdad.

Wewengkoné Kirkuk iki nduwé populasi sing manéka warna lan basa sing dituturaké uga rupa-rupa, kawit pirang-piran abad kapungkur. Démografiné Kirkuk ngalami owahan nalika ana urbanisasi Kirkuk ing abad ka-20, sing njalari anané manéka warna golongan ètnis mara menyang Kirkuk. Wong Kurdhi, wong Turkmen, wong Arab lan wong Suryani padha carukan ngenani wewengkon iki, lan padha ndhesek tuntutan bab tanah iki migunakaké crita, lan latar wuri sajarahé kanggo nyengkuyung tuntutané dhéwé-dhéwé. Wong Turkmen ing Irak nganggep Kirkuk minangka kutha krajané Turkmeneli.

Kirkuk
كركوك
Kerkûk
Kutha Kirkuk
Kutha Kirkuk
Kirkuk kapernah ing Iraq
Kirkuk
Kirkuk
Kirkuk's location in Iraq
Koordhinat: 35°28′0″N 44°19′0″E / 35.46667°N 44.31667°E / 35.46667; 44.31667 44°19′0″E / 35.46667°N 44.31667°E / 35.46667; 44.31667
NagaraKirkuk Irak
KagubernuranKirkuk
Élepasi350 m (1,150 ft)
Cacah warga (2009 Est.)
 • Gunggung850 787
Zona wektuGMT +3

Kutha Kirkuk iki dumunung ana ing sakupenge patilasané Kutha Kirkuk, sanané kutha kuna ing Asyur, ya iku Arrapha, saka tengahaning milénium kaping 3 SM, sing prenahé ana ing sacedhaké Kali Khasa. Kutha iki disebutake ing salah sawijining tulisan kuneiform nalika jaman Sumero-Akkadian ing Asyur saka 2400 SM. Wewengkon iki dadi péranganing kakaisaran Akkadian (2335–2154 SM) sing manunggalaké wong Mésopotamia sing nuturaké basa Akkadian lan Sumeria ana sangisoring siji papréntahan. Sawisé kakaisaran iki bubar, wong Gutian sing nyaturaké basa isolat, golongan ras saka Iran Kuna, nguwasani wewengkon iki suwéné sawenèh abad, lan Arrapha didadèkaké kutha krajané, banjur nalikané jaman papréntahan Mésopotamia déning wong Sumeria sasuwéné 2112-2004 SM, wong Gutian iki diusir saka wewengkon kono. Banjur kutha kasebut didunungi akèh-akèhé déning wong Hurrian sing nuturaké basa isolat saka Anatolia wétan. Tumuli, wewengkon iki digabungaké ana sangisoré Kakaisaran Kuna Asyur (2025–1750 SM). Arrapha dadi kutha ing Asyur sing penting nganti bubaré kakaisaran Asyur antarané 615–599 SM. Banjur Arrapha uga dadi salah sawijining pérangan géo-politik ing provinsi Asyur sangisoré manéka warna papréntahan asing. Ing antarané abad ka-2 SM lan ka-3 Masèhi dadi kutha krajané nagara ing Asyur Anyar ya iku Beth Garmai, nuli wewengkon iki diteluk déning kakaisaran Sassanid lan dadi pérangané Assuristan.

Wong Kurdhi lan wong Turkmen ngarani kutha iki minangka kutha sana budaya. Kutha iki dijenengi kutha "sana budaya Irak" déning kamentrèn kabudayan Irak ing 2010. Kutha iki saiki akèh-akèhé didunungi déning wong Kurdhi, wong Arabs, wong Turkmen ing Irak, lan wong Asyur.

Démografi

Sènsus sing miyatani ngenani golongan ètnis sing ana ing Kirkuk titimangsané saka taun 1957. Tapal watesé provinsi Kirkuk diowahi, provinsiné salin jeneng dadi al-Ta'mim lan dhistrik sing akèh didunungi wong Kurdhi didadèkaké pérangané provinsi Erbil lan Sulamaniya.

Étungan sènsus ing Liva (saindhengé kagubernuran) Kirkuk ing 1957
Golongan ètnis adhédhasar basa asliné Cacahé Prèsentase
Basa Kurdhi 187,593 48.2%
Basa Arab 109,620 28.2%
Basa Turkmen 83,371 21.4%
Basa Suriah 1,605 0.4%
Basa Ibrani 123 0.03%
Gunggung 388,829
Étungan sènsus ing City Proper ing Kirkuk taun 1957
Golongan ètnis adhédhasar basa asliné Cacahé Prèsentase
Basa Turkmen 45,306 37.6%
Basa Kurdhi 40,047 33.3%
Basa Arab 27,127 22.5%
Basa Suriah 1,509 1.3%
Basa Ibrani 101 0.1%
Gunggung 120,402
Étungan sènsus ing Kagubernuran Kirkuk
Golongan ètnis 1957 Prèsentase 1977 Prèsentase 1997 Prèsentase
Wong Arabs 109,620 28.2% 218,755 45% 544,596 72%
Wong Kurdhi 187,593 48.2% 184,875 38% 155,861 21%
Wong Turkmens 83,371 21.4% 80,347 17% 50,099 7%
Wong Suryani 1,605 0.4%
Wong Yahudi 123 0.03%
Liyané 6,545 1.77% 0 0% 2,189 0.3%
Gunggung 388,829 100% 483,977 100% 752,745 100%

Rujukan

Kapustakan

Uga wacanen

    Dibabar ing abad ka-19
  • Edward Balfour, èd. (1871). "Kirkook". Cyclopaedia of India and of Eastern and Southern Asia (édhisi ka-2nd). Madras.
  • Charles Wilson, èd. (1895), "Kirkuk", Handbook for Travellers in Asia Minor, Transcaucasia, Persia, etc., London: John Murray, OCLC 8979039
    Dibabar ing abad ka-20
  • "Kerkuk", Encyclopædia Britannica (édhisi ka-11th), New York: Encyclopædia Britannica Co., 1910, OCLC 14782424
  • "Kerkuk", Palestine and Syria (édhisi ka-5th), Leipzig: Karl Baedeker, 1912
    Dibabar ing abad ka-21
  • Michael R.T. Dumper; Bruce E. Stanley, èd. (2008), "Kirkuk", Cities of the Middle East and North Africa, Santa Barbara, USA: ABC-CLIO, ISBN 1576079198

Tags:

Kirkuk DémografiKirkuk RujukanKirkuk Uga wacanenKirkukBaghdadBasa ArabBasa KurdhiIraqWong KurdhiWong Suryani

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

WinduKodhokBimasektiLaptopSistem koordhinat géyografisBenny SimanjuntakEmha Ainun NadjibMozambikSisingamangaraja XIIMarie AntoinetteUyon-uyonPejuTembung aranGunung IjenTinKumarinCilincing, Jakarta LorSurat An Nisaa’Marina ShiraishiOlah-olahan JawaRachel AmandaEricsson GF 388New JerseySarungTèknologiTampahMlathiGajah gajahWignyanVenusLaura Basuki633Kabupatèn BarruWayang purwaHeather StormTahu petisKorupsiPolenPrasejarahCumbana payudaraKaskusLintangPattimuraReliefRuwahanBig Bang (grup musik)Yuen BiaoHabis Gelap Terbitlah TerangJay IdzesRaditya DikaWatakPakan manukJaran KecakSukarniUpacara WiwitHotman Paris HutapeaFosforTarmizi TaherBasa Jawa KramaCublak-cublak suwengPurwakanthiSoetomoPitulungSepongPsikopatErisWajikIShowSpeedDelimaRoger DanuartaLitiyumSasandoBendiMaca🡆 More