Kali Tigris: Kali ing Turki

Kali Tigris (basa Pèrsi Kuna: Tigr, basa Asiria Aram: Deqlath, basa Arab: دجلة, Dijla, basa Turki: Dicle; sajeroning Alkitab ingaran Hiddekel) iku kali ing Mesopotamia kang mili saka pagunungan Anatolia ing Turki nganti Irak, dawané udakara 1.900 km.

Kali Tigris
Kali Tigris: Ètimologi, Uga delengen, Rujukan Alkitab Injil
Kapernah
Kahanan fisik
PungkasanéArvand Rud
Dawané1,900 km (1,150 mi)

Ètimologi

Jeneng asli ing basa Sumerian iku Idigna utawa Idigina, mbokmanawa saka *id (i)gina "banyu mili", kang bisa ditafsiraké dadi "kali kang mili rikat", kosokbalèn karo kali ing sacedhaké, Kali Efrat, kang mili alon-alon amarga ngandhut luwih akèh blethok lan endhapan tinimbang Tigris. Tembung iki disilih saka basa Akkadian Idiqlat. Apa liwat serapan ing basa Pèrsi utawa langsung saka basa Akkadian, tembung iki diadhopsi déning basa Yunani dadi Tigris (kang tegesé "macan"). Ing kitab Injil Hebrew, kali iki diarani חִדֶּ֫קֶל (Ḥiddẹqel, KJV Hiddekel)

Ing basa Turki, diş tegesé untu lan uga nuduhaké kaanan "landhep". Basa Pahlavi tigr tegesé "panah", ing kulawarga basa kang padha kaya déné Pèrsi Kuna tigra- "lancip" (bandhingaké tigra-xauda), basa Pèrsi modhèren têz "landhep". Sanajan mangkono, bab iki ora nuduhaké yèn kabèh mau jeneng asli saka kali iki, nanging (kaya wangun ing basa Semitic jeneng mau) dowahi dadi tiron saka jeneng asli ing basa Sumeria. Bab iki mèmper karo jeneng saka basa Pèrsi Kali Efrat, Ufratu, kang ora duwé makna ing basa Pèrsi, nanging isih dianggep saka jeneng basa Sumeria, Purattu.

Jeneng liya kali Tigris, dipigunakaké mataun-taun déning Kakaisaran Pèrsi, ya iku Arvand Rud, tegesé Kali Arvand. Saiki jeneng Kali Arvand mau dadi jeneng basa Pèrsi kanggo patemon antara Kali Efrat lan Tigris, kang ing basa Arab diarani Shatt al-Arab.

Jeneng Kali Tigris sajeroning basa kang wigati tumrap tlatah iki:

Kali Tigris: Ètimologi, Uga delengen, Rujukan Alkitab Injil 
Tigris ing sajabané Diyarbakır, Turki
Basa Jeneng kanggo Tigris
Akkadian Idiqlat
Arab دجلة, Diğlä
Armenia Տիգրիս, Tigris
Yunani ἡ Τίγρης, -ητος, hē Tígrēs, -ētos;

ἡ, ὁ Τίγρις, -ιδος, hē, ho Tígris, -idos

Hebrew חידקל , Ḥîddeqel
Hurrian Aranzah
Kurdi Dîcle
Pèrsi Old Pèrsin:Tigrā; Middle Pèrsin:Tigr; Modern Pèrsin:دجله Dijle
Sumeria Idigna/Idigina Kali Tigris: Ètimologi, Uga delengen, Rujukan Alkitab Injil 
Suriah ܕܩܠܬ Deqlaṯ
Turki Dicle

Uga delengen

Rujukan Alkitab Injil

Sajeroning kitab Genesis, Kali Tigris iku kali saka papat kang ana ing swarga. Nabi Daniel dikabaraké tau nampa vision(wahyu?/penampakan?), ing pinggir Kali Tigris.

Rujukan


Tags:

Kali Tigris ÈtimologiKali Tigris Uga delengenKali Tigris Rujukan Alkitab InjilKali Tigris RujukanKali TigrisAlkitabAnatoliaBasa ArabBasa TurkiIrakKaliMesopotamiaTurki

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

DhandhanggulaAchmad SoebardjoUmar bin Abdul AzizAsian Football ConfederationSelat LombokAlfred RiedlMenara EiffelIvar JennerYodiumTunggak jarak mrajak tunggak jati matiMozambikJason StathamBima (paraga Mahabharata)Jefri NicholSandi morseAkulturasi2002Bella SaphiraHelmy YahyaRukun IslamSerat WédhatamaEgy Maulana VikriSalatPitulungPangéran DipanegaraÉgrangAstinapuraBurisrawaNagita SlavinaBendiAWarakSepur Jaka TingkirSri Mulyani Indrawatiꦥꦼꦛꦺꦭ꧀Cut Nyak DhienBélarusRonaldo KwatehKali NilNarto SabdoLudwig Ingwer NommensenRamaMijilIqbaal Dhiafakhri RamadhanIndonésiaPallywoodIMMGBanjirBebrayanZanzibarAtambua, BeluParto PatrioRini S. BonoAswatamaMahfud MDKarnaMary DouglasWikipédiaAK-47Sajarahꦄꦁꦏ꧀ꦭꦺꦴDurmaCristian GonzálésDua Garis BiruFerry RotinsuluGendhingKartiniHidrogenNanotèknologiSunan Gunung JatiPecel lélé🡆 More