Kaisar Tang Gaozu

Kaisar Tang Gaozu (Hanzi: 唐高祖, 566-26 Juni 635) utawa kang duwé jeneng asline Li Yuan (李渊) ya iku kaisar kaping pisan Dinasti Tang kang maréntah nalika taun 618 nganti 626.

Dhèwèké uga kang ngadegaké dinasti Tang. Dhèwèké asline ya iku gubernur kang duwé kuwasa ing wewengkon kang saiki dadi Provinsi Shanxi nalika Dinasti Sui lagi ana kisruh kang nganti dadi pecahe Tiongkok dadi praja-praja kang dikuwasani déning para pemimpin pambrontak lan mantan pejabat Sui. Li Yuan uga nglakokaké prakara kang padha, iku saran saka putrane kang nomer 2, Li Shimin, dhèwèké mbalela lan ngangkat putune Kaisar kang saka Sui, Yang You dadi kaisar bonékah kanthi gelar Kaisar Gong lan dhèwèké dadi waline. Mangsa pamaréntahane kanggo naklukake saingan-saingane kanggo usaha nagara.

Kaisar Tang Gaozu
Kaisar Tang Gaozu (Li Yuan)

Li Yuan lair ing Chang'an (saiki Xi'an, Shaanxi). Dhèwèké ya iku keturunan kaping 7 saka raja ing jaman Zaman 16 Nagara, ya iku Li Gao, pangadegé Karajan Liang Kulon. Sawisé ambruke karajan iku, putune Li Gao, Li Chong’er dadi pejabat ing Karajan Wei Lor, nanging génerasi sawisé ambruke keturunan namung dadi pejabat militèr kang tingkate ngisor.

Cathetan sikil


Tags:

26 Juni566618626635Dinasti TangGubernurHanziProvinsiTiongkok

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Wulan GuritnoAntibiotik beta-laktamWhatsAppAndhika PratamaIndhonésiaSrengéngé mlethèkAndra JunaidiBonangTrombositTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)VidéoGandane arum jambanNajelaa ShihabBika ambonRerengganIrfan BachdimTitilarasAllahMetanolFreya JayawardanaSadéwaSurat As SajdahPratélaning Wali Kutha SurabayaforexBrésaolaGaruda Wisnu KencanaRizky NazarBale Sigala-galaAmien RaisLydia KandouKabupatèn KarangasemUmpan gaweanTaun wuntuJangka sorongPutri PatriciaIndonArjunaHibiki ŌtsukiThiwulGendariMangsa katigaKriptonWayback MachineSatelit alamiA.C. Chievo VeronaPattimuraSurinameBleachWiji jagungMálagaSri Mulyani IndrawatiTaman Mini Indonésia IndahKapuloan MalukuSlipi, Palmérah, Jakarta KulonKodhok godhogSoenarkoKerisMusisiMia KhalifaSiriusStadion Jassim Bin HamadBaworIan KaselaDewan Perwakilan RakyatTahu campurJulius CaesarIwel-iwelLombokTitiek PuspaWignyan🡆 More