Justin Timberlake miyos ing Memphis, Tennessee tanggal 4 Fèbruari 1981.
Justin Timberlake | |
---|---|
Jeneng lair | Justin Randall Timberlake |
Saka | Shelby Forest, Tennessee, United States |
Génre | Pop, dance, R&B |
Pakaryan | Singer-songwriter, musician, record producer, dancer, actor |
Piranti | Vocals, keyboards, guitar, beatboxing |
Mangsa akarya | 1993–present |
Labèl | Jive |
Sing magepokan | 'N Sync, The Y's |
Sana jaringan | www.justintimberlake.com |
Bapaké ya iku Randy Timberlake lan ibuné ya iku Lynn Harless. Justin Timberlake iku warga Amérika Sarékat sing penggaweané nembang. Jenenge dikenal wiwit dadi anggota grub band lanang 'N Sync. Taun 2002, Justin wiwit karir solo lan ngluncurné album Justified, album iku payu luwih 7 yuta kopi sak dunyo. Ing taun 2004, Justin Timberlake menang penghargaan Grammy déning kategori Album lan lagu (Cry me a river) paling apik.
Wiwit taun 2002, Justin Timberlake ribet karo nulis lagu gawé album soloné lan putus karo pacaré Britney Spears wektu iku. Taun 2004, Justin dadi pacaré Cameron Diaz.
Justin Timberlake uga dhuwe pirang-pirang usaha, kaya ta:
Justin Timberlake dhuwe tiga restoran-bareng(gabungan ska wong liya) ing Amérika Sarékat: "Chi" dibuka ing West Hollywood, California ing taun 2003, "Destino" lan "Southern Hospitalty" ing New York dibuka ing taun 2006 lan 2007.
Justin uga duwé merek tequila dhéwé sing karan "901"; jeneng iku dijupuk saka pérangan kodhe area kelairané ing kutha Memphis. Tequila iku mimikan distilasi saka wit agave sing asalé saka kutha Tequila, Mexico.
Ing taun 2005, Justin Timberlake lan kancané Ayala, ngluncurné perusahaan klambi, William Rast. Ing taun 2007, perusahaané wis nggawé jaket, sweater, clana jins lan kemeja.
Ing taun 2007, Justin Timberlake tuku usaha Golf Big Creek Golf Course ing kutha kelairané, Millington, Tennessee, sing dibangun bali minangka Mirimichi Golf Course sing ngutamakaké ramah lingkungan karo biaya kurang-luwih $ US16 yuta. Iki dibuka manèh tanggal 25 Juli 2009, nanging ditutup manèh tanggal 15 Januari 2010 gawé perbaikan luwih lanjut.
Film | |||
---|---|---|---|
Taun | Film | Peran | Cathetan |
2000 | Longshot | Valet | |
Model Behavior | Jason Sharpe | TV filem | |
2001 | On the Line | Make-up artist | Uncredited cameo |
2005 | Edison | Josh Pollack | |
2006 | Alpha Dog | Frankie Ballenbacher | |
Black Snake Moan | Ronnie | ||
2007 | Shrek the Third | Artie Pendragon | Ngisi suara |
Southland Tales | Pvt Pilot Abilene | ||
2008 | The Love Guru | Jacques "Le Coq" Grande | |
2009 | The Open Road | Carlton Garrett | |
2010 | Shrek Forever After | Artie Pendragon | Ngisi Suara |
The Social Network | Sean Parker | Dirilis 1 Oktober | |
Yogi Bear | Boo-Boo Bear | Dirilis 17 Dhésèmber | |
Acara ing Televisi | |||
Taun | Irah-irahan | Peran | Cathetan |
1993–1995 | The Mickey Mouse Club | Awaké dhéwé | |
1999 | Touched by an Angel | Street performer | "Voice of an Angel" |
2005–2009 | Saturday Night Live | Pirang-pirang peran | Telu Episode |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Justin Timberlake, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.