Jacques Chirac

Jacques René Chirac (lair ing Paris, Prancis, 29 Novèmber 1932; umur 91 taun) inggih punika pulitikus lan mantan Présidhèn Républik Prancis.

Piyambakipun njabat ing période 17 Mèi 1995-16 Mèi 2007. Piyambakipun wangsul malih taun 2002 kanthi pemilu présidhèn kalih puteran. Jabatanipun paripurna taun 2007, kajawi dados présidhèn, piyambakipun ugi dados ex officio Ko-Pangéran Andorra lan Grand Master Légion d'honneur. Piyambakipun dipungantosaken Nicolas Sarkozy tanggal 6 Mèi 2007.

Jacques Chirac
Jacques Chirac
Présidhèn Républik Prancis ka-22
Présidhèn ka-5 Républik Kalima Prancis
Ko-Pangéran Andorra
Linggih
17 Mèi 1995 – 16 Mèi 2007
MahamantriAlain Juppé, Lionel Jospin, Jean-Pierre Raffarin lan Dominique de Villepin
Kang sadurungéFrançois Mitterrand
Kang sawiséNicolas Sarkozy
Rerincèn dhiri
Lair (1932-11-29) Novèmber 29, 1932 (umur 91)
Paris, Prancis
Parté pulitikUDR, RPR, lan UMP
SisihanBernadette Chirac
PanggaotaPegawé Sipil
AgamaKatulik Roma

Chirac miyos ing Paris taun 1932, sabibaripun sinau wonten d'Etudes Politiques de Paris lan École Nationale d'Administration, Jacques Chirac miwiti padamelanipun minangka pegawé negri ingkang jabatanipun paling inggil, lan salajengipun mlebet wonten donya pulitik. Kawit punika piyambakipun lenggah ing mawarni-warni kalungguhan sénior, kados déné Mantri Pertanian, Mahamantri, Wali kitha Paris, lan Présidhèn Prancis.

Taun 1956, piyambakipun krama kaliyan Bernadette Chodron de Courcel, lan pikantuk kalih laré, Laurence lan Claude. Claude sampun dangu dados asistèn pribadinipun lan rèncang wonten ing urusan gayutan masarakat. Chirac tiyang ingkang agaminipun Katulik Roma.

Chirac saha garwanipun Bernadette kanthi boten resmi ngangkat laré, Anh Dao Traxel, ingkang dipunaturi lenggah wonten ing dalemipun taun 1979, nalika Anh Dao gadhah yuswa 21 taun.

Tags:

16 Mèi17 Mèi19321995200729 Novèmber6 MèiNicolas SarkozyParisPrancis

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Coto MakassarPulusCrash Landing on YouKim Tae-heeJay IdzesTaun wuntuAthletic BilbaoSundaeWignyanKabupatèn LamonganKenongBasa SangsekertaDelimaMbobotBasa kramaAl-QaédaMi ongklokAryo WahabIrfan BachdimBiskopPrancisKopi LuwakMesut ÖzilOstraliSlankKansai PaintArané pérangan awakultravioletJamur merangRizky RidhoKomètWibisanaBasa ngokoWikisastraSahTyo NugrosBillie EilishAri WibowoTatune arang kranjangKluwungPanambangRizky NazarSundar Pichai1550-anMaulana Malik IbrahimKemayoran, Jakarta PusatAsmaradanaEmil DardakTiara Andini13 AgustusSurat Al 'AnkabuutMikro-organismeTasÈngklèkIbnu SinaKembang sepatuMálagaBonangPutihMangkunagara ISurat Adh DhuhaPencak silatCumbanaKazakhstanKandangan, Hulu Sungai KidulMa Dong-seokPatih SuwandaKendhang gendhingBudayaRadèn PatahSpanyolGambyong pareanomNikel🡆 More