Garudha Haast (Harpagornis moorei), inggih punika salah satunggalipun jinis garudha raseksa ingkang sapunika sampun cures ingkang rumiyin gesang ing Pulo Kidul Selandia Ènggal.
Garudha Haast | |
---|---|
Gambaran Seniman babagan Garudha Haast ingkang taksih nyerang moa. | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Falconiformes |
Famili: | Accipitridae |
Génus: | Harpagornis |
Spésies: | H. moorei |
Jeneng binomial | |
Harpagornis moorei Haast, 1872 |
Garudha punika pinitados déning suku Māori kanthi sesebatan Pouakai; nama ingkang asring dipunanggé Hokioi (utawi hakawai) ingkang maksidipun akasa ingkang dipunhiasi Berkik Selandia Baru.
Garudha Haast ingkang èstri gadhah abot 10 kg ngantos 15 kg, ingkang jaler gadhah abot 9 kg ngantos 10 kg. Garudha punika kathahipun gadhah rentang swiwi 2,6 ngantos dumugi 3 m (garudha emas paling ageng lan garudha laut steller ingkang gadhah rentang swiwi ingkang méh sami panjangipun), ingkang saged mbiyantu Garudha Haast anggènipun bebedhag (mbeburu) ing wana Selandia Ènggal. Garudha Haast asring dipungambaraken minangka évolusi saking péksi ingkang boten saged miber, nanging bab punika boten leres; sajatosipun garudha punika munculaken satunggalipun kakerabatan saking gaya moyangipun ingkang saged miber. Garudha punika gadhah sikil lan otot ingkang kiyat. Buntutipun meh saged dipunpastékaken gadhah panjang 50 cm, kanggé spésies èstri). Jembar kamungkiananipun langkung saking 1,4 m kanggé jinis ingkang èstri, kanthi inggilipun watawis 90 cm utawi langkung. Garudha Haast bebedhag mados mangsa ingkang boten saged miber, kados moa ingkang abotipun 15 langkung abot tinimbang abotipun Garudha Haast.
PDF fulltext Archived 2006-11-08 at the Wayback Machine.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Garudha haast, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.