Donga Rosario

Donga Rosario yaiku salah sijining donga sing ana ing tradisi Gereja Katulik.

Donga Rosario sanyatané yaiku donga renungan bab misteri kaslametan (wiwit Yesus dikandung nganthi dimuliaké ing suwarga lan ngutus Roh Kudus).

Donga-donga sajroning Rosario

Tandha Salib

Konjuk ing asma dalem Hyang Rama,

saha Hyang Putra,

tuwin Hyang Roh Suci.

Kawula Pitados

Kawula pitados ing Allah,

Rama Sang Mahakuwasa,

ingkang nitihaken bumi langit.

Saha ing Gusti Yesus Kristus,

Putra Dalem ontang-anting,

Pangeran Kawula.

Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria,

kagarba déning kuwasa Dalem Hyang Roh Suci.

Ingkang nandhang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus,

saha kapenthang,

séda sarta kasarèkaken.

Tedhak dhateng papan pangentosan,

tigang dintenipun wungu saking séda.

Mekrad dhateng suwarga,

pinarak ing satengen Dalem Allah,

Rama Sang Mahakuwasa.

Saking ngriku badhé rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah.

Kawula pitados ing Hyang Roh Suci.

Pasamuwan Katulik ingkang suci,

lan panunggiling para Suci.

Pangapuntening dosa.

Tangining badan.

Saha gesang langgeng.

Amin.

Kanjeng Rama

Kanjeng Rama ing suwarga,

mugi asma Dalem kaluhurna,

Kraton Dalem mugi rawuha,

Karsa Dalem kalampahana,

Wonten ing donya kados ing suwarga.

Kawula nyuwun rejeki kanggé sapunika,

sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem,

kados déné anggèn kawula ugi ngapunten dhateng sesami.

Kawula nyuwun tinebihna saking panggoda,

saha linuwarna saking piawon.

Amin.

Sembah Bekti

Sembah bekti katur ing Putri Dalem Hyang Rama, Sembah bekti kawula, Dewi Mariah, kekasihing Allah. Pangeran nunggil ing Panjenengan Dalem. Sami-sami wanita Sang Dewi pinuji piyambak, saha pinuji ugi wohing salira Dalem, Sri Yesus. Dèwi Maria, Ibuning Allah, kawula tiyang dosa sami nyuwun pangèstu Dalem, samangké tuwin benjing dumugining pejah.

Amin.
Sembah Bekti Katur ing Ibu Dalem Hyang Putra, Sembah Bekti Kawula Dewi Mariyah...

Sembah Bekti Katur ing Prameswari Hyang Roh Suci Sembah bekti kawula Dewi Mariyah...

Mugi Linuhurna

Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci.

Kados ing mulabuka, sapunika, sarta ing salami-laminipun.

Pinujia

Pinujia Asma Dalem Sri Yesus, Dewi Maria lan Santo Yusup,

Sapunika sarta langgeng.

Amin.

Donga Fatima

Dhuh Gusti Yesus ingkang maha agung, sakathahing lepat nyuwun pangapunten dalem.

Kawula ugi nyuwun kersa Paduk nebihaké saking mawa neraka, tansah tuntun raga kawula wonten ing suwarga,

Ingkang utami kanggo sadhèrèk-dhèrèk kawula ingkang sanget butuhaké kerahiman Paduka.


Kadadean-kadadean sajroning Donga Rosario

  • Kadadean-kadadean Seneng : dina Senin lan Setu; mangsa Adven
  • Kadadean-kadadean Sengsara : dina Selasa lan Jemuah; mangsa Prapaskah
  • Kadadean-kadadean Mulya : dina Rebo; ing jaba mangsa Adven lan Prapaskah
  • Kadadean-kadadean Padhang : dina Kemis
Kadadean-kadadean Seneng
  • Maria nampa kabar bungah saka Malaikat Gabriel (Lukas 1: 26-38).
  • Maria ngampiri Elizabeth, mbakyuné (Lukas 1: 39-45).
  • Yesus lair ing Betlehem (Lukas 2: 1-7).
  • Yesus dipasrahaké ing Padaleman Suci (Lukas 2: 22-40).
  • Yesus ditemukaké ing Padaleman Suci (Lukas 2: 41-52)
Kadadean-kadadean Sengsara
  • Yesus donga kaliyan Bapa wonten ing suwarga ing pati sing suci (Lukas 22: 39-46).
  • Yesus digebugi (Yokanan 19: 1).
  • Yesus dilantik makutha nganggo eri (Yoh 19: 2-3).
  • Yesus gawa salib (menyang Gunung Calvary) (Lukas 22: 26-32)
  • Yesus sèda ing salib (Lukas 23: 44-49).
Kadadean-kadadean Mulya
  • Yesus wungu saking sèda (Lukas 24: 1-5).
  • Yesus munggah suwarga (Lukas 24: 50-53).
  • Roh Suci tumurun saka para Rasul (Para Rasul 2: 1-13).
  • Maria dijupuk menyang suwarga (1 Cor 15: 23; DS 3903).
  • Maryam dilantik ing suwarga (Pdt. 12: 1, DS 3913-3917).
Kadadean-kadadean Padhang
  • Yesus kabaptis ing Kali Yordan (Ma 3: 16-17).
  • Yesus ngumumaké awaké ing pésta ing Kana (Yokanan 2:11).
  • Yesus martaké Kratoning Allah lan nyeruaké tobat (Mat. 4: 17-23).
  • Yesus nampakaké kamulyané (Mt 17: 2-5).
  • Yesus netepaké Ékaristi (Mrk. 14: 22-24).

Urut-urutaning Donga Rosario

  • Tandha Salib
  • Kawula Pitados
  • Mugi Linuhurna
  • Pinujia
  • Kanjeng Rama
  • Sembah Bekti (3x)
  • Mugi Linuhurna
  • Pinujia
  • Kedadean Seneng
  • Kanjeng Rama
  • Sembah Bekti (10x)
  • Mugi Linuhurna
  • Pinujia
  • Kedadean Sengsara
  • Kanjeng Rama
  • Sembah Bekti (10x)
  • Mugi Linuhurna
  • Pinujia
  • Kedadean Mulya
  • Kanjeng Rama
  • Sembah Bekti (10x)
  • Mugi Linuhurna
  • Pinujia
  • Kedadean Padhang
  • Kanjeng Rama
  • Sembah Bekti (10x)
  • Mugi Linuhurna
  • Pinujia
  • Donga Fatima

Réferènsi

Tags:

Donga Rosario Donga-donga sajroning RosarioDonga Rosario Kadadean-kadadean sajroning Donga Rosario Urut-urutaning Donga Rosario RéferènsiDonga RosarioGréja KatulikYésus Kristus

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

XboxTumpengBasa JepangPerangSpanyolSurat Al A’Raaf3Mohammad Yamin1898Enting-enting gepuk1961WikipédiaOmeshRépublik CinaArjunaJavaScriptRio 2Amir TatalooPrancisSurat Al FathKerata basaPiranti gamelan JawaHeather Storm19Soedarpo SastrosatomoBanyuDrupadiGuamWong AlasChazey-sur-AinAsmaradanaSitosin2IndhonésiaAdolf HitlerCenilSurat Al IkhlashDhomain publikSurat MuhammadMohammad HattaMicrosoftOklahomaBudaKumbakarna22Yuri GagarinCristina Fernández de KirchnerBendiNusantaraGeorg Wilhelm Friedrich HegelUpacara tingkeban7SikilPrastawa Budaya2004InternètDuka yayah sanipi, jaja bang mawinga-wingaWewengkon dependensiKane WilsonUni SovyètScarlett JohanssonRansomwareSogok telikFebruari 2012Bilal bin RabahIsabel I saka KastiliaGolfRama TambakBagongUtah64Dhandhanggula🡆 More