Dallas Buyers Club: Filem taun 2013

Dallas Buyers Club nggih punika filem drama biografi saking Amérikah Sarékat ingkang dipundamel taun 2013.

Filem punika dipunarahaken déning Jean-Marc Vallée kanthi juru damel Robbie Brenner lan Rachel Winter. Skénario kagem filem punika kaanggit déning Craig Borten lan Melisa Wallack. Juru paraga ingkang kadhapuk maragani filem punika antawisipun Matthew McConaughey, Jennifer Garner lan Jared Leto.

Dallas Buyers Club
Barkas:Dallas Buyers Club poster.jpg
Poster film Dallas Buyers Club
DisutradaraniJean-Marc Vallée
DiprodhuseriRobbie Brenner
Rachel Winter
DiskénariyoniCraig Borten
Melisa Wallack
DibintangiMatthew McConaughey
Jennifer Garner
Jared Leto
SinématografiYves Bélanger
Dibesut déningJohn Mac McMurphy
Martin Pensa
Perusahaan
prodhuksi
Truth Entertainment
Voltage Pictures
Dibabar déningFocus Features
Tanggal metu
Suwéné
116 menit
NagaraAmerika Serikat
BasaBahasa Inggris
Rantaman$5 juta
Kalarisan$55,198,285

Filem Dallas Buyers Club kagiyaraken kaping pisanipun nalika adicara Festival Film Internasional Toronto surya 7 September 2013. Lajeng dipunbabar wonten Amerika Serikat ing surya 1 November 2013 winatesan, lan 22 November 2013 kagem sagung pamirsa. Filem nampèni pangalembana saking para juru kritik.

Juru paraga

  • Matthew McConaughey minangka Ron Woodroof
  • Jennifer Garner minangka Dr. Eve Saks
  • Jared Leto minangka Rayon
  • Denis O'Hare minangka Dr. Sevard
  • Steve Zahn minangka Tucker
  • Michael O'Neill minangka Richard Barkley
  • Dallas Roberts minangka David Wayne
  • Griffin Dunne minangka Dr. Vass
  • Kevin Rankin minangka T. J.
  • Bradford Cox minangka "Sunflower", kekasih Rayon
  • Scott Takeda minangka Mr. Yamata
  • Adam Dunn minangka bartender

Tanggapanipun juru kritik

Filem Dallas Buyers Club nampi pangalembana saking para juru kritik. Miturut Rotten Tomatoes, filem punika gadhah pandhemen dumugi 93%, adhedhasar saking 243 pangulasan, kanthi rata-rata 7.8/10. Sawetawis miturut Metacritic, filem punika pikantuk biji 84 saking100, adhedhasar saking tangganipun 47 juru kritik.

Box office

Filem Dallas Buyers Club kasil ngempalaken arta dumugi $27,298,285 saking pamirsa Amerika Ler, lan $27,900,000 saking negari sanèsipun, kanthi gunggung $55,198,285, nglangkungi ardhana ingkang sampun medal kagem kabetahan pandamelan, nggih punika $5 yuta.

Rujukan

Pranala njawi

Tags:

Dallas Buyers Club Juru paragaDallas Buyers Club Tanggapanipun juru kritikDallas Buyers Club Box officeDallas Buyers Club RujukanDallas Buyers Club Pranala njawiDallas Buyers ClubAmérikah SarékatBiografiDramaFilemJared LetoMatthew McConaughey

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Jinising paragrafPanganan pokokHappy AsmaraLebak Bulus, Cilandhak, Jakarta KidulXherdan ShaqiriGibran RakabumingKulawarga (biologi)Joko WidodoBulusꦒꦺꦴꦔꦤ꧀Pada andhapHabib Muhammad Luthfi bin YahyaGajah gajahSugriwaIjmaSadéwaTembung katranganReal BetisFisikaPrabu MatswapatiPencak silatSaron panerusꦏꦸꦥꦠ꧀RéyogGanjar PranowoMegawati PrabowoLogikaꦱꦶꦠꦺꦂTembung wodStephen ChowKempyangTembung sesulihNike ArdillaSurat Al FathKulchaWikisastraMission Santa Clara de Asísꦒꦿꦺꦴꦧꦺꦴꦒꦤ꧀ (ꦒꦩꦼꦭꦤ꧀)Up (filem)Pimchanok Leuwisedpaibool (Fern)Desy RatnasariNyadranSesantiFreya JayawardanaSurat Al BaqarahSesorahMinato, TokyoFuji ElectricMikroblogS.S. LazioGendèrAkri Patrioꦖꦼꦩ꧀ꦥꦭꦧꦫꦺꦴꦔꦤ꧀Tedhak jadah pitung warnaMikul dhuwur, mendhem jeroSiterMohammed Sameer LamiMangsa udanPierre-Simon LaplaceTembung sarojaIvar JennerDhomain publikLuhut Binsar PanjaitanIsah-isahGamelanLouis IX saka PerancisGeodesiPanambangAwu vulkanikStadion OlimpicoSinomVitaminBumiBasa krama🡆 More