- Kompetisi wiwit 15 Juli 2016 nganti 15 Sèptèmber 2016 (2 sasi)
Jejibahan sing kudu diayahi ya iku:
- Sajeroning 2 sasi iki gawéa 150 artikel. Artikel kang wis digawé ing tataran-tataran sadurungé padha kaétung. Conto: panyarta sing wis gawé 20 artikel ing tataran sadurungé, mung butuh nambah 130 artikel manèh.
- Artikel sing digawé dumadi artikel sampurna lan rintisan. Cacahé artikel sampurna lan rintisan bébas, nanging cacahé artikel sampurna saorané kudu telu. Kabèh artikel kudu gawéané panyarta.
- Wacaa apa iku artikel sampurna lan apa artikel rintisan ing katerangan ing ngisor. Artikel sing ora minangkani, ora bakal mlebu étungan.
- Kompetisi dipérang dadi rong puteran
- Puteran I wiwit 15 Juli nganti 14 Agustus 2016
- Puteran II wiwit 16 Agustus nganti 15 Sèptèmber 2016
- Saben pungkasaning puteran, panyarta kudu numpuk artikel sampurna murih dibiji juri. Deleng linimasa kapan wayah numpuké.
- Panyarta ora kena absèn telung dina terus-terusan.
- Kawit 28 Juli 2016 yèn panyarta absèn 3 dina terus-terusan, panyarta dianggep gugur saka kompetisi, kejaba ana alesané sing kuwat.
Apa iku artikel rintisan lan sampurna?
Artikel rintisan
Sing diétung minangka artikel rintisan ya iku:
- ngandhut paling ora 100 tembung;
- nganggo saorané 2 rujukan;
- artikel kudu ngamot: gambar, interwiki, kategori;
- conto artikel rintisan: Pangalapan (150 tembung lan 3 rujukan).
Artikel sampurna
Sing diétung minangka artikel sampurna ya iku:
- ngandhut paling ora 300 tembung, lan ora ana pranala abangé;
- nganggo saorané 5 rujukan;
- artikel kudu dumadi saorané 3 subbab sajeroning artikel;
- artikel kudu ngamot: gambar, interwiki, lan kategori;
- conto artikel sampurna: Maria Ulfah Santoso (839 tembung, tanpa pranala abang, 9 rujukan).
Apa sing bisa dak éntukaké saka kompetisi iki?
Kabèh panyarta bisa éntuk:
- Kamus Jawa - Indonesia (2015) anggitané Sutrisno Sastro Utomo menawa kasil nggawé 50 artikel.
- Partisara (Sèrtifikat) Pangakuan saka Wikimédia Indonésia menawa kasil nggawé 100 artikel.
- Laptop kanggo telung panyarta sing kasil nggawé artikel paling akèh lan kwalitèté paling apik.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Ayahan, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.