Vidi Aldiano

Vidi Aldiano (lair ing Jakarta, 29 Maret 1990; umur 34 taun; kanthi jeneng lair Oxavia Aldiano), ya iku penyanyi solo pendatang anyaran ing jagad musik Indonésia.

Penyanyi iki wus kenal musik kawit cilik. Wong tuwané mantan panatacara acara musik ing stasiun TV TVRI. Vidi, uga nyinaoni piano kawit umuré nembé 3 taun.

Vidi Aldiano
LairOxavia Aldiano
(1990-03-29) Maret 29, 1990 (umur 34)
Jakarta, Indonesia
PakaryanMusisi, Penyanyi, Artis
Taun aktif2008 - saiki
Dhuwur178 cm (5 ft 10 in)
PasanganDiva (Adik) Vadi Akbar (Adik)
Wong tuwaHarry Kiss lan Besbarini
Sana jaringanhttp://www.vidialdiano.com/

Nalika isih bujang, mahasiswa Univèrsitas Pelita Harapan jurusan Tèknik Elektro iki kesengsem karo piranti musik piyul. Bebarengan karo grup band-né, Vidi wis duwé pangalaman kang cukup kang bisa dipétungaké kanggo tampil ing Java Jazz taun 2005. Ing sasi November 2008, Vidi ngetokaké dhebut album kang pisanan kang judhulé Pelangi Di Malam Hari kanthi single jagoané Nuansa Bening. Suksès ing single pisanané Vidi ngrilis kang kaping loroné ya iku, Status Palsu. Manawa sadurungé dhèwèké ngrilis single recycle, saiki dhèwèké percaya dhiri manawa ngrilis tetembangan anyar.

Salah sijining ritual kang dilakoni Vidi, sadurungé manggung ya iku mesthi kudu menyang kamar mandhi sadurungé tampil.

Lumebu sasi Ramelan 2009, Vidi umiluni ngramèkaké kanthi ngrilis album religi, Lelaki Pilihan. Album iki isiné 6 tetembangan, tetembangan kang dinyanyèkaké déning Vidi ya iku Keagungan Tuhan, Rindu Rasul (dhuét karo Sam Bimbo), lan Surga di Bawah Telapak Kaki Ibu. 3 tembangan liyané ditembangaké déning adhiné, Vadi Akbar Kalamata.

Sanadyan kagolong penyanyi anyaran, nanging Vidi kang dikabaraké cedhak karo pesinétron Putri Titian iki, patut dipétungaké. Amarga ing ajang MTV Indonésia Awards 2009, kang digelar nalika tanggal 25 November, dhèwèké kasil nyabet 'Most Favorite Male'.

Ing umuré kang wus 21 taun, Vidi isih santai kanggo mutusaké kanggo palakrama. Dhèwèké malah duwé pepénginan palakrama ing umur 30 taun. Dhèwèké nerusaké S2né ndhisik, lan kerja ndhisik. Dhèwèké ngakoni manawa dhèwèké durung péngin pacaran, anangng kanggo njalin gayutan karo wanita, Vidi luwih seneng njalin gayutan tanpa status. Dhèwèké ngakuoni manawa dhèwèké pancèn ora patiya seneng pacaran, apa manèh manawa kudu lunga bareng karo pacar. Vidi luwih seneng mangan ing ngomah, nonton DVD bareng ing ngomah. Santai ing ngomah bebarengan karo wong tuwa loro lan adhi-adhiné, dadi dhèwèké ngrasa uripé dikontrol.

Cathetan sikil

Tags:

199029 MaretIndonésiaJakartaMusikPenyanyiPianoTVRI

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Tatune arang kranjangPrastawa BudayaFranz Magnis-SusenoSurat YunusꦱꦶꦠꦺꦂTèknologiJoe BidenGirona FCPedhètIjmaꦧꦼꦝꦸꦒ꧀28 MaretꦏꦼꦕꦺꦂSCTVMarco MaterazziKetéla pohungꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦶꦒꦩꦼꦭꦤ꧀ꦗꦮADO Den HaagOstraliKim Soo-HyunJathilanSahurWadya BayaranAremaJinising paragrafSevilla FCꦢꦼꦩꦸꦁTembung aranSamuel RizalSevillaPerang BadarPuthuDominique HouraniUnicodeAl BattaniSawahWajikSato kéwanMitoniHypertext markup languageMangan1407Éjaan Basa JawaReal Betisꦧꦺꦱ꧀ꦏꦥ꧀Star WarsLeléwaning basaArtikelSaronꦕꦼꦊꦩ꧀ꦥꦸꦁRama TambakJohn RawlsFiqihGanjar PranowoSerangan 11 Sèptèmber 2001Langkap, Burneh, BangkalanKrakatau SteelPallywoodCreative CommonsAkri PatrioPrastawaGongAnthony GiddensBasa InggrisXherdan ShaqiriWunguUyon-uyonMakruhLion AirKabiskopan ColimaTembung panyilahWikiꦒꦩ꧀ꦧꦁ1838Bale Sigala-galaTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)🡆 More