Universitas Carleton

Universitas Carleton (Carleton University) ya iku universitas ing Ottawa, Kanada.

Diadekaké taun 1942 minangka salah sijining akademi, Universitas Carleton saiki duwé 65 babagan studi wiwit saka komunikasi massa, gayutan internasional, jurnalisme, sinematografi nganti teknik lan teknologi. Universitas iki duwé punjul rong èwu staf pengajar kanggo 23 èwu mahasiswa program sarjana tekan program dhoktoral. Mahasiswa asalé saka kabèh provinsi ing Kanada lan punjul 100 nagara ing donya.

Carleton University
Universitas Carleton
Diadegaké1942
Jenisuniversitas swasta
Motto"Ours the Task Eternal"
Afiliasinondenominasi
Dana abadiCA$230 juta
KonselorDr Marc Garneau
PresidhènDr Roseann Runte
Sarjana20.901
Magister3.362
Alumnilebih dari 100.000
Alumnilebih dari 100.000
Kampuspinggir kutha, 62 hektare
LokasiOttawa, Ontario, Kanada
tim ulah ragaCarleton Ravens
JulukanRavens
MaskotRodney the Raven
AfiliasiASAIHL, APSIA, AUCC, IAU, COU, ACU, CIS, OUA, Fields Institute, Ontario Network of Women in Engineering
Situs webwww.carleton.ca
Universitas Carleton
Lukisan potret Guy Carleton

Universitas iki dijenengi Universitas Carleton amarga nalika diadekaké, kutha Ottawa isih kalebu ing wewengkon Carleton County. Jeneng Carleton County dijupuk saka jeneng Gubernur Jenderal Guy Carleton I Baron saka Dorchester.

Rektor Universitas Carleton sing saiki ya iku Marc Garneau, antariksawan kapisan Kanada. Enem panarima Orde Kanada lan rong pemenang Bebungah Nobel naté tugas minangka rektor, Gerhard Herzberg lan Mahamantri Lester B. Pearson.

Sajarah

Universitas Carleton 
Menara Dunton ing Universitas Carleton

Carleton diadekaké taun 1942 déning sapropirané kelompok usahawan lokal lan pejabat pamarintah sing njenengaké panjenengané The Ottawa Association for the Advancement of Learning.

Kampus kapisan wujud gedung sewaan, lan mung nawaraké kursus wengi ing babagan studi administrasi publik lan mata kuliah universitas tingkat dhasar. Sawisé Perang Donya II, Carleton ing taun 1945 yasa fakultas seni lan ngèlmu kawruh, kalebu ing antarané nawaraké jurusan jurnalisme lan taun kapisan babagan teknik.

Ing taun 1946, Carleton pindah ing kawasan The Glebe ing bekas lokasi Ottawa Ladies' College. Gelar kapisan saka Carleton diwènèhaké déning lulusan program jurnalisme lan administrasi publik ing taun 1946.

Sawisé Dewan Perwakilan Ontario ngesahaké Carleton College Act taun 1952, lembaga pendidikan iki resmi nduwé jeneng Carleton College, lan kanthi resmi nduwé hak mènèhi gelar. Ing taun sing pada, Carleton College nukoni tanah sing jembaré 62 hektare ing antarané Kanal Rideau lan Kali Rideau minangka lokasi pembangunan gedung kampus. Sebagian saka lemah lokasi sing asalé saka sumbangan usahawan Ottawa, Harry Stevenson Southam. Pembangunan kampus diwiwiti taun 1953.

Struktur organisasi

Rektor

  • 1952-1954: Harry Stevenson Southam
  • 1954-1968: Jack Mackenzie
  • 1969-1972: Lester B. Pearson
  • 1973-1980: Gerhard Herzberg
  • 1980-1990: Robert Gordon Robertson (emeritus 1992-)
  • 1990-1992: Pauline Jewett
  • 1993-2002: Arthur Kroeger (emeritus 2002-2008)
  • 2002: Ray Hnatyshyn
  • 2003-saiki Marc Garneau

Wakil rektor

  • 1942-1947: Henry Marshall Tory
  • 1947-1955: Murdoch Maxwell MacOdrum
  • 1955-1956: James Alexander Gibson (pro tempore)
  • 1956-1958: Claude Bissell
  • 1958-1972: Davidson Dunton
  • 1972-1978: Michael Kelway Oliver
  • 1979: James Downey (pro tempore) 1 Januari-15 Mèi
  • 1979-1989: William Edwin Beckel
  • 1989-1996: Robin Hugh Farquhar
  • 1996-2005: Richard J. Van Loon
  • 2005-2006: David W. Atkinson
  • 2006-2008: Samy Mahmoud (pro tempore), dari 20 November 2006
  • 2008-saiki: Roseann Runte

Rujukan

Pranala njaba


Tags:

Universitas Carleton SajarahUniversitas Carleton Struktur organisasiUniversitas Carleton RujukanUniversitas Carleton Pranala njabaUniversitas Carleton1942AkademiDonyaKanadaMahasiswaOttawaSarjanaTaunTeknikTeknologiUniversitas

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

HeksanaJepangAsem lemakAhmad ArifGhanaJefri NicholBorja ValeroArané pérangan awakGanjar PranowoKoréa LorAsia Kidul-wétanDiego MaradonaCarrie Fisherꦠꦩ꧀ꦥꦃAntoine-François FourcroyꦕꦁꦏꦶꦂMao ZedongNirwanaTim nasional bal-balan PrancisMGM MirageLauraceaeGathotkacaBahrainArtikelMacapatUniversitas OxfordSurat Al Anbiyaa’International Standard Serial NumberÉtikaBenikꦉꦧꦺꦴYusril Ihza MahendraPranatacaraGiri SimaBeyoncé KnowlesDavid BeckhamThelo AasgaardLiga Super IndonésiaÉnérgi kaanyarakéTatune arang kranjangISBNPétrukIdahoOperasi plastikBlangkonRuslanUBlock OriginLelara koronavirus 2019BaliStéphane SessègnonBunkyō, TokyoNikahDelimaShigeo TokudaBrazzavilleAung San Suu KyiAksara Pégonꦗꦒꦿꦒ꧀Masjid NabawiKutha SurabayaUyon-uyonČvarciKipas anginSanta LuciaSosis ItaliaSingaBengkuluRuwatanAngela Dorothea MerkelUniform Resource Locator🡆 More