Seiyū (声優, aktor suara?) (seiyu UTAWI seiyuu) inggih punika sébatan kanggé pengisi suantèn ing Jepang.
Pekerjaannya ngisi suara kanggé anime, permainan video, sandiwara radio, narasi, lan ngèlampahi sulih suantén filem seri, filem carita, acara televisi impor. Istilah CV ingkang dipunsérat ing ngajéng asma seiyū inggih punika cékakan saking Character Voice (suantén karakter).
Seiyū asring nyekarakén piyambak lagu saking anime ingkang dipunbintangi. Sebagian ing antawisipun ngrilis album minangka penyanyi J-pop, dados penyiar radio, utawi aktor drama ing panggung. Seiyū wanita ingkang ugi dados penyanyi, model bikini, utawi penyiar radio dipunsébat idol seiyū.
Ing Jepang, lulusan Sekolah Menengah Atas ingkang badhé dados seiyū saged ndhèrèk kuliah ing jurusan drama ingkang dipunwontenaken akademi, universitas, utawi sekolah kejuruan (senmon gakkō). Ing lembaga pendidikan formal ingkang terakreditasi, lami pendidikan ingkang sekedik satunggal tun langkung (minimal 800 jam wulangan). Setunggal angkatan seiyū ing akademi utawi sekolah kejuruan dipunkedhahaken minimal kapérang 40 siswa. Kurikulum ing sekolah kejuruan langkung asifat umum, wiwit saking dhasar-dhasar akting ngantos praktikipun. Boten namung ing sekolah kejuruan mliginipun pengisi swanten, calon seiyū ugi saged kuliah ing jurusan seiyū gadhah sekolah kejuruan umum ingkang ugi ndidik narator, penyiar, staf médhia elektronik, lan staf produksi anime.
Ing kursus swasta pengisi swanten, kurikulum boten seintensif pendidikan ing akademi utawi sekolah kejuruan. Biaya pendidikan ugi langkung mirah. Benten kaliyan akademi utawi sekolah kejuruan, kursus swasta umuipun boten mbhaken ujian mlebet. sanèsipun sinau ing akademi lan sekolah kejuruan, calon seiyū saged langsung nglamar ing pusat pelatihan gadahanipun kelompok teater. Ing pusat pelatihan (yōiku-jo) gadahanipun grup teater utawi agen seiyū, calon siswa kedah ndhèrèk ujian mlebet ingkang asring sangat kompetitif. Siswa limrahipun kapérang saking lulusan akademi utawi sekolah kejuruan. manawi makaten , kurikulum langkung wujud pendidikan tingkat lanjut kanggé merdamel dados seiyū profésional. Sanèsipun jalur pendidikan formal, calon seiyū saged nyobi cara-cara sanès, kalebet gegayutan kaliyan grup teater ingkang nampi calon anggota.
Sajarah donya isi suaten ing Jepang wiwit ing taun 1925 kaliyan ngudara stasiun radio Biro Penyiaran Tokyo (mangke dipunsebat NHK). Tasih ing taun ingkang sami, 12 siswa dipuntampi kanggé dipungladen main sandiwara ing radio. Saksampunelulus, punika dados "seiyū" génerasi kawiwitan. Surat kabar nyebataken mereka minangka radio yakusha (aktor radio). Salajengipun ing taun 1941, NHK mbikak kursus juru main sandiwara radio ingkang dipunparingi asma Pusat Pelatihan Aktor Teater Biro Penyiaran Pusat Tokyo (Tokyo Chūō Hōsō Kyoku Senzoku Gekidan Haiyū Yōseijo). Taun salajengipun (1942), lulusan angkatan pertama mbentuk Teater Biro Penyiaran Pusat Tokyo (Tokyo Hōsō Gekidan) lan wiwit giyaran. Mereka saged dipunsebat génerasi kaping kalih seiyū. Sekitar masa itu, istilah "seiyū" sudah wiwit banyak digunakan médhia massa.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Seiyū, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.