Ra

In Mitologi Mesir, Ra iku minangka déwa srengéngé.

Dhèwèké uga diarani Re, Amun-Ra, Ra-Horakhty lan manéka warna jeneng liyané. Dhèwèké iku déwa sing paling gatèn ana ing Mesir kuna. Disebutaké yèn dhèwèké lair saben isuk ing Wétan lan tinggal donya saben wengi ing Kulon. Ing wayah wengi dhèwèké nyabrang liwat yamani. Iki njalari pérangan Kulon saka kali Nil diarani tanah pati.

Ra
Ra kanthi sirah garuda

Jeneng

Ra dipitaya minangka déwaning srengéngé lan panyipta. Jeneng Ra asal mulané saka Re lan Amen. Jeneng Re asalé saka Mesir Udhik lan jeneng Amen saka Mesir Ilir. Nalika Mesir Udhik lan Ilir manunggal jenengé malih dadi Amen-Re. Punjul éwonan taun, jeneng Amen-Ra owah dadi Amen-Re nuli owah manèh dadi Ra. Wiwit dina iku, wong-wong nuli ngarani dhèwèké Re utawa Ra.Ra biyén artiné "cangkem" ing basa Mesir Kuna. Jeneng liyané ya iku Re, sang Panyipta, Khepry, lsp.

Praupan

Ra nduwé wujud sing manéka warna, dhèwèké bisa muncul kanthi rupané sing paling kondhang awujud manungsa sirah garudha mawa piringan srengéngé ing sandhuwuré. Dhèwèké uga asring digambaraké minangka sekarab utawa manungsa. Sing sijiné ya iku Amun-Ra, sawijining bandhot, lan sing liyané, Ra-Hakorthaty, déwa akasa srengéngé.

Kanca lan mungsuh

Ing sawijining kala ing Praja Tengahan, Ra lan Osiris kekancan. Bab iki ora lumrah amarga Osiris dumunung ana ing Yamani lan Ra dumunung ana ing Swarga. Déwa-déwa liyané péngin uga kekancan karo Ra, kanthi pangajab, yèn kekancan karo Ra, dhèwèké bakal ngandani jeneng wadiné. Nanging Ra uga nduwé sawèneh mungsuh. Seth kala-kala dadi mungsuhé Ra, nanging Seth ngréwangi Ra nalika dhèwèké tarung klawan Apep, déwa ula. Kasunyatan yèn Seth ngrewangi Ra ngélingaké para déwa liyané yèn Seth satemené ora kabèh ala. Isis minangka mungsuh Ra sing liya. Isis ngakali Ra supaya mènèhi jeneng wadiné saèngga bojoné, Osiris, bisa dari ratuning para déwa.

Kadigdayan

Ra kapitayan minangka déwa Mesir sing paling sekti ing babagan kadigdayan. Kasektèné dhèwèké ana ing jeneng wadiné. Sing ngerti jeneng wadiné amung dhèwèké mula mligi dhèwèké sing bisa nganggo kasektèné. Dhèwèké bisa nyipta apa waé, manungsa, donya, lan uga swarga. Mangkono iku karosané. Nuju sawijining dina, Isis péngin bisa nduwéni kadigdayané Ra. Dhèwèké ngutus sarpa saperlu ngracun Ra nalika dhèwèké lagi lumaku-lumaku, lan nalika kelaran, dhèwèké teluk, nuli ngandani Isis jeneng wadiné. Isis banjur nyingkiraké Ra marang Duat mula Osiris, bojoné, bisa dadi ratu.

Rujukan

  1. Remler, Pat, Egyptian Mythology from A-Z 180-181
  2. Watterson, Barbara, Gods of ancient Egypt
  3. Wilkinson, Richard, The Complete Gods and Goddesses of Ancient Egypt
  4. John, Banes and Jaromir, Malek, The Cultural Atlas of the World: Ancient Egypt 173

Tags:

Ra JenengRa PraupanRa Kanca lan mungsuhRa KadigdayanRa RujukanRaMesirSrengéngé

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Rafael StruickHelmy YahyaCristiano RonaldoBika ambonKLMPada pangkatHiraganaMonsters, Inc.Persija JakartaIPhoneFilippo InzaghiCristian GonzálésJay ChouKabinet NatsirIndonesia SuburMsabbahaAl-Mustadrak ala ash-ShahihainKembang sepatuꦠꦠꦃGrand CanyonLaos (bumbu)EmasAlbert EinsteinSiputWawancaraSurat Al MuzzammilRini S. BonoPerang Donya IIAksara CarakanWidi WidajatLesmanaNathan Tjoe-A-OnJulius CaesarPrastawa BudayaVladimir PutinAdeodatus I2006Umar bin Abdul AzizVoltaireJohorWayang JemblungSepur LodayaPecel léléArtikelIndhonésiaKarbonCitra ScholastikaAnwar FuadySajarahKali NilBremKalimantanPelaminanFilem pornoGajah gajahPizza HutRasukan adat JawaRukun IslamBale Sigala-galaWeightlifting Fairy Kim Bok-jooTarakan TVBatagorTapéAtambua, BeluWignyanGunung PrauTunggak jarak mrajak tunggak jati matiSurat Al LahabDurmaBurisrawaMasturbasiAstinapuraParis Saint-Germain FC🡆 More