Paragraf, tinilik saka dunungé ukara lajer (kalimat utama) kaperang dadi 4:
Jati dhiri kapribadhene bangsa Indonesia iku ing watak gotong royong. Ing ngendi waé bangsa Indonesia mapan watak gotong royong tansah katon ig tata panguripane. Nyambut gawé disangga bebaarengan kanthi guyub rukun. Ing swasana susah utawa bungah padhaa dirasakake bareng. Manawa ana ruwet renteng diudari lan ditandangi barenga kanthi gotong royong. Umpamane ana wong ngedengake omah, bakal kabukten guyub rukune masarakat.
Wis rong dina iki dalan saka Prambanan menyang Klaten macet. Akèh tetumpakan kudu antri pirang- pirang jam suwene. Sing saka Klaten menyang Yogya, semono uga sing saka Yogja menyang Klaten lan Sala. Macete tetumpakan mau jebul disebabakeambroe kreteg Pandansimping. Udan gegerotan nganti seminggu suwene iku kang dadi jalarane. Pancen kreteg mau wus kepangan umur, ora kuwawa nanah gedhene banyu.
Krana boten rumesep ing siti, sumber toya inggih langka pinanggihipun, mila tlaga tuwin sendhang boten saged nandho toya, amargi boten kisenan toya saking tuk. Semanten ugi kéwan ingkang gesangipun wonten ing salebeting wana. Awit saking wananipun padhang, kéwan sami ura pados tedha dhateng pundi- pundi. Boten maiben manawi lajeng mlebet dhateng dhusun ngganggu pendhudhuk sakupengipun. Pramila wana punika kedah kajagi lestarinipun, supados sampun ngantos ndadosaken risaking lingkungan.
Kita kabèh becike kudu ndhisikake kepentingane bangsa lan nagara. Bab iku nuduhaké sepira tresna kita marang bangsa lan nagara kang kita panggoni iki. Sok sapaa kang tresn bngsa mesthi bkal njaga katentreman lan tansah nyipta manunggaling bangsa iku wujud nyata saka tumindak ngluhurake kepentingane bangsa lan kepentingane bangsa lan nagara tinimbang kepentingane pribadi utawa golongan.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Paragraf, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.