Fungisida

Fungisida inggih punika salah satunggaling jinis pestisida ingkang mliginipun kanggé mejahi jamur (fungi) ingkang anjalari lelara.

Wujud fungisida saged cair ingkang kathah piyambak dipun-ginakaken, gas, butiran, lan bubuk. Peusahaan ingkang ngasilaken winih padatanipun ngginakaken fungisida ing winih, umbi, oyod, kaliyan organ propagatif sanèsipun kanggé mejahi cendawan ing bahan ingkang badhé ditanem kaliyan ngayomi tetuwuhan enèm saking cendawan patogen. Kajawi punika, ngginakaken fungisida saged dipun-ginakaken lumantar injeksi ing gagang, semprotan cair kanthi langsung, kaliyan ing wangun fumigan (gas ingkang disemprotaken). Fungisida saged diklompokaken dados kalih golongan, inggih punika fungisida selektif (fungisida sulfur, tembaga, quinon, heterosiklik) kaliyan non-selektif (fungisida hidrokarbon aromatik, anti-oomycota, oxathiin, organofosfat, fungisida ingkang ngalang-alangi sintesis sterol, sarta fungisida sistemik sanèsipun).

Fungisida
Struktur 3-dhimènsi salah satunggaling fungisida, diiodometil-p-tolilsulfon

Fungisida alami

Fungisida alami inggih punikabahan aktif fungisida ingkang dipunpundhut saking alam. Jinisipun inggih punika:

  1. Fungisida mikrobiologi, inggih punika fungisida ingkang dipunrembakaken saking mikroorganisme (mliginipun jamur kaliyan baktèri.
  2. Fungisida nabati (fungisida botani), inggih punika bahan aktif fungisida ingkang diekstrak saking tetuwuhan.
  3. Fungisida ingkang saking fermentasi mikroorganisme, kejawi jamur lan baktèri ingkang dipun-ginakaken minangka fungisida kanthi langsung, fermentasi saking jamur lan baktèri ugi saged ngasilaken senyawa kimia ingkang saged mejahi mikroorganisme sanès. Senyawa punika dipunwastani antibiotika.

Jinis

Adhédhasar sipat lan kagiyatan fungisida tumrap jisim sasaranipun, fungisida saged dipunklompokaken dado kalih inggih punika:

  1. Fungisida Nonsistemik

Fungisida nonsistemik boten saged dipunserep lan dipuntranslokasi ing salebetipun jaringan taneman. Fungisida nonsistemik namung mbantuk lapisan kanggé ngalangi. Fungisida punika namung migunani kanggé nyegah infèksi fungi kanthi cara ngrendhétaken perkecambahan spora utawi miselia jamur ingkang nèmplèk ing lumah taneman. Pramila, fungisida kontak migunani minangka protektan lan namung efektif manawi dipun-ginakaken sadèrèngipun taneman kénging infèksi déning lelara. Saéngga fungisida nonsistemik kedah asring dipun-ginakaken supados saged ngayomi taneman saking infèksi énggal.

  1. Fungisida Sistemik

Fungisida sistemik dipunabsorbsi déning organ-organ taneman lan dipuntranslokasi menyang pérangan taneman sanèsipun lumantar pembuluh angkut utawi jalur simplas (lumantar salabeting sel). padatanipun, fungisida sistemik dipuntranslokasi menyang pérangan inggil (akropetal), inggih punika saking organ oyod menyang godhong. Sawetawis fungisida sistemik ugi saged obah meynag ngandhap, inggih punika saking godhong tumuju oyod (basipetal).

Cathetan suku

Tags:

GasHidrokarbon aromatikLelaraOomycotaOrganOyodPestisidaSulfurTembagaTetuwuhan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

David BeckhamAmérika SarékatPada andhapBumiJagoJalaluddin RumiPakuburan al-BaqiAgama YahudiTembung wod2020Radèn PatahRama TambakIndrajitSurat Al JinCrash Landing on YouSelena GomezC++Gunung IjenWikipédiaHeather StormNitrogenCepu, BloraMohammad HattaGunung WelirangOmah LimasanBabad PakepungKarajan ManunggalBenazir BhuttoLionel MessiSurfaktanMetaforaElipsKethukSega liwetAsem nitratMasuk anginDuryodanaJalur SutraKomputerUmar bin Abdul AzizMikro-organismePangarep-arepDrupadiTiongkokPèmpèkKendhangGarang asemNakulaIsuzu PantherKabupatèn SumbawaWektu Universal KakoordhinasiGamelanKasurOtolaringologiJamal MirdadKabupatèn KlungkungMangkokAgus Harimurti YudhoyonoBanjirBunglonPanganan legiBismaDrijiNagaraCakung, Jakarta WétanGunung RaungGong YooTitilarasPalung Marianaꦕꦏ꧀TrimurtiYin lan YangKunir🡆 More