Dewan Kesenian Semarang

Dewan Kesenian Semarang (cara Jawa: Paheman Seni Kutha Semarang) dicekak DEKASE ya iku organisasiné mitra pamaréntah Kutha Semarang kang tugasé ngayahi jejibahan saperlu nyuksèsaké pambangunan masarakat ing babagan seni-budaya.

Organisasi iki ngadeg nalika taun 1999 dhedhasar Instruksi Mantri Dalam Negeri No. 5A taun 1993. DEKASE dibawahi katuwa, lan diampingi déning carik (sékretaris), artaka (bendahara), lan sawenèh panitya. Taun 2017, Katuwa Dewan Kesenian Semarang dicekel déning Handry TM, tilas juru warta koran Harian Suara Merdeka kang uga sastrawan (carita cekak lan novèl). DEKASE nduwéni sesambungan raket karo paheman seni kutha lan kabupatèn liyané, kaya ta Dewan Kesenian Jawa Tengah, nanging ora duwé hiérarki amarga pangemunahé diurus dhéwé-dhéwé kang saben taun dilapuraké marang Pamaréntah Kutha Semarang.

Panitya

  • Panitya fotografi
  • Panitya sastra
  • Panitya pawayangan & pawara
  • Panitya jogèd tradhisi
  • Panitya jogèdi modhèren
  • Panitya lawak
  • Panitya seni rupa
  • Panitya filem
  • Panitya téater tradhisi
  • Panitya téater modhèren
  • Panitya musik tradhisi
  • Panitya musik modèren

Kagiyatan

  • Panalitèn potènsi seni-budaya enggonan
  • Pamekaran potènsi seni-budaya enggonan
  • Pangrumat potènsi seni-budaya enggonan
  • Dhokumèntasi karya lan kagiyatan
  • Panerbitan buku
  • Pangiriman duta seni menyang njaban kutha lan njaban nagara
  • Kajian (wawan rembug, seminar, lokakarya, lan gladhèn)
  • Wahana aprésiasi (gelar seni lan pamèran)

Taman Budaya Raden Saleh

Kawit madegé organisasi tekan sapéné, méh kabèh kagiyatan seni kang dicakaké déning Déwan Kesenian Semarang ana ing Taman Budaya Raden Saleh ing Dalan Sriwijaya, Semarang. Komplèk kang ambané kurang luwih sahèktar kuwi nyepakaké fasilitas antarané Gedung Narto Sabdo, kantor sékrétariaté DEKASE, téater ing njaban gedhong, téater kalangan, lan sandhingan karo Perpustakaan Daerah Kutha Semarang lan Gedung Wanita. Nanging, kawit anané wacana arep madegé Trans Studio ing laladan kono, Dewan Kesenian Semarang ngaturaké panguneg-uneg tumrap rancana kuwi menyang Wali Kutha. Sawenèh bab kang dadi uneg-uneg antarané nyuwun supaya paguyuban wayang wong Ngesti Pandhawa diwènèhi panggon ing komplèk Trans Studio kanggo gelaran nguri-uri kabudayan Jawa. Semono uga, para seniman saka kabèh babagan seni uga perlu diwènèhi panggon kang cukup kanggo ruwang èksprèsi.

Rujukan

Pranala njaba

Tags:

Dewan Kesenian Semarang PanityaDewan Kesenian Semarang KagiyatanDewan Kesenian Semarang Taman Budaya Raden SalehDewan Kesenian Semarang RujukanDewan Kesenian Semarang Pranala njabaDewan Kesenian SemarangDewan Kesenian Jawa TengahHandry TMKutha SemarangSastrawanSuara Merdeka

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Pratélan pawiyatan luhur swasta ing JakartaTransistor sambungan dwikutubSurat Al KaafiruunBurgundian1851Ignatius LoyolaUcengKasaktènMarparan, Sreseh, SampangLiga Utama InggrisRuwatanBumi6StegosaurusSaturnusKabupatèn KaranganyarInstagramSeksePaus Hyginus2010Brandon Salim86Bancakan WetonKethoprakPlutoSpesies jroning bebaya curesPersiwa WamenaSerat BimapaksaPratélaning nagara bagéan Amérika Sarékat miturut cacah sirahRadius Prawiro241899Go, Dog. Go! (serial TV)Vlad ŢepeşBendiMohammad HattaCentre-Val de LoireManuel RoxasSurat Al Anbiyaa’AustralopithecusWuku MedangkunganLimas (Wangun)Surat Al QadrRuqyah3Obahan Non-BlokBale Sigala-galaPengilon196423Tokaido ShinkansenTlaga TobaYevgeny PrigozhinDinaJéngkolGS1Abad ping 18ManungsaNikah41405CPangidhèntifikasi Obyèk DigitalSandiaga UnoWarner BrosRawas Ulu, Musi RawasTajikistanIndonesia2003HaumeaLabu air🡆 More