Kali Amazon (Basa Portugis: Rio Amazonas; Spanyol: Río Amazonas) iku sawijining kali ig Amérika Kidul kang gedhé dhéwé dhéwé sadonya (ing babagan isi utawa volume), ya iku kanthi cacahing ilèn banyu kang luwih akèh tinimbang sepuluh kali gedhé sangisoré digabungaké dadi siji.
Kali Amazon kapétung watara saproliman cacahing banyu kali kang mili ing donya, lan duwé tlatah ilènan utawa drainage basin kang paling jembar ing donya in the world. Pancen ana sawatara pasulayan bab dawaning kali iki, lan bareng karo Kali Nil kali iki minangka pesaing tumrap posisi minangka kali paling dawa ing donya. Amarga ukurané kang gedhé banget, kadhangkala kali iki uga diarani Kali Sagara (o rio-mar sajeroning basa Portugis), lan sadawaning kali ora ana kretegé babar pisan. Ing taun 1500, Vicente Yañez Pinzón minangka wong Éropah pisanan kang nglayari kali iki. Pinzón njenengaké ilèn kali iki "Río Santa María de la Mar Dulce", sabanjuré dicekak dadi "Mar Dulce" (sagara legi).
Kali Amazon duwé punjul 1,000 anak kali utawa tributary, 17 ing antarané, dawané punjul 1,000 kilomèter. Sawetara kang wigati ya iku:
|
|
Wiki Commons duwé médhia ngenani Amazon river. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Kali Amazon, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.