13 Cara Memanggil Setan: Filem Indhonésia

13 Cara Memanggil Setan iku filem horor Indonésia kang dirilis tanggal 7 April 2011, disutradarai déning A Liong Wong lan dibintangi Debby Ayu lan Five Vi.

13 Cara Memanggil Setan
13 Cara Memanggil Setan: Filem Indhonésia
poster filem
DisutradaraniA Liong Wong
DiprodhuseriAxel Putra Kusuma
Ditulis déningRobin
DibintangiDebby Ayu
Five Vi
Ki Kusumo
HIM Damsyik
Fairly Wattimena
Ayank Merinda
Roy Saputra
Diki Al Mubaraq
Yoga Hoebner
Dewi Aida
Febriyane
Dibabar déningPutra Kusuma
Tanggal metu
7 April 2011
Suwéné
80 menit
NagaraIndonésia

Sinopsis

Nalika lagi golèk buku tilas ing toko buku tuwa, ana papat mahasiswa, ya iku Fredi (Yoga Hoebner), Tera (Debby Ayu), Dilo (Diki Al Mubaraq) lan Venus (Roy Saputra) nemu buku kuna kang samaké kulit ula: 13 Cara Memanggil Setan. Buku mau namung bisa dibuka nalika kena satètès getih manungsa kang seger. Larangan supaya ora mbuka lan mraktèkaké cara-cara ngudang sétan kang ana ning buku mau malah angawé mahasiswa-mahasiswa mau dadi penasaran. Bocah papat mau malah ngajak kancané manèh, ya iku Sonya (Dewi Aida) lan Essy (Ayang Merinda), kanggo mraktèkaké apa kang ana ning buku kuna mau. siji baka siji, apa kang dikongkon ning buku mau dituruti. Saka kono bencana diwiwiti. Wis wiwit ana kurban, Jingga (Febriyanie), sétan ayu, lan kang seneng karo kang padha jinisé kang dikisahaké ing buku mau reinkarnasi, bebarengan karo enem seliré (Anindita Putri, Tia Agustin, Vicka Sagita Ayu, Tamara Ciciel, Rosemarry, Mona). Jingga iku puteri kang urip atusan taun kapungkur. Dhèwèké uga tukang tenung. Ora ana wong kang bisa numpas kajahatané, amarga dhèwèké wis nyekutokaké karo iblis. Sauripé dhèwèké Jingga dadi sumber malapetaka, amarga kanggo nyempunakaké ilmuné dhèwèké kudu matèni akèh manungsa. kanggo ngebaki nafsu angkara murkané, Jingga nulis kitab 13 Cara Memanggil Setan. Ing kitab iku dhèwèké manggon, lan unggal wektu bisa metu manawa dhèwèké diundhang. Sapa waé bakal dipatèni, kaya ta pustakawati (Five Vi) lan kang duwé toko buku tuwa (Fairly Wattimena), kang tau nyimpen buku iku. Penangkalé dilakoni déning paranormal Hadi (Ki Kusumo), pak Leké Tera, bebarengan karo guruné (HIM Damsyik).

26 April 2011, filem kang judhulé 13 Cara memanggil Setan anggawe puluwan wong njerit-njerit, lan anggawe para rumaja putri nanngis ora mandhek-mandhek ning BTM Bogor lan anggawe lalu lalang kendaraan ning area parkir macet. Ki Kusumo kang dadi prodhuser filem 13 CARA MEMANGGIL SETAN mbeneraké yèn kadadéan iku sawisé metu saka lawang teater 5 biyoskup BTM21. Ki Kusuma pesen supaya para panontoné ora mraktèkaké apa kang ana ning filem mau.

Ingkang maragani

Para Paraga ning filem 13 Cara Memanggil Setan:

  • Yoga Hoebner,
  • Debby Ayu,
  • Five Vi,
  • Ki Kusumo,
  • HIM Damsjik,
  • Fairly Wattimena,
  • Ayang Merinda,
  • Roy Saputra,
  • Diki Al Mubaraq,
  • Dewi Aida,
  • Febriyanie,
  • Anindita Putri,
  • Tamara Ciciel,
  • Tia Agustin,
  • Vicka Sagita Ayu,
  • Rosemary,
  • Mona

Cathetan suku


Tags:

20117 AprilFive ViIndonésia

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Surat Al Jumu’ahHiraganaTajikistanGathotkacaGunung PrauGisella AnastasiaWidi WidajatTukul Arwana2009PurwakanthiAnjaniCatherine WilsonSinomGunung RinjaniÈnsiklopédhiFerry MaryadiWiki EnterpriseKLMAkulturasiParis Saint-Germain FCWektuUpacara tingkebanSon Heung-minW.S. RendraKabinet NatsirSurat Al 'Alaq1999KarbonJason StathamBlangkonDurmaRyan GiggsNathan TellaPerang Badarꦄꦩ꧀ꦮꦂꦱAchmad SoebardjoFarhana NariswariKerata basaPersija JakartaSami KhediraKulawarga basaMein KampfLaos (bumbu)GajahRas KaukasoidMedia CirebonThiwulBillie EilishKeramat (film)1986ꦮꦸꦁꦏꦭ꧀Manuel RoxasKethukBerukꦠꦺꦥꦱ꧀TumpengFilipinaPangkurVladimir PutinPattimuraSurat An Nisaa’Ambal warsaOlimpiadhe Mangsa Panas 2024Brandon SalimHypertext markup languageBarongsaiBélarusTembung aranGunung PapandayanPevita PearceSyekh Abdul Qadir JaelaniAsmaaulhusnaWahid HasyimC++Taman🡆 More