Kali Serayu: Kali ing Indonésia

Kali Serayu iku kali kang sumberé saka Kabupatèn Wonosobo (Tuk Bimo Lukar) ngliwati 6 kabupatèn, ya iku antarané laladan Wanasaba, Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas lan pungkasané tumuju menyang muarané ing Kabupatèn Cilacap.

Sumbere kali serayu ana ing Dhataran dhuwur Dièng. Kali Serayu dianggep akli saing gedhé dhéwé lan dadi sumbar penguripan warga lan olèh pangawasan mirunggan saka warga kang ana ing saubengé. Kali serayu kang duwé amba antara 12 mèter-25 mèter iki muarane ana ing Samodra Hindia. Akèh wong kang nyandaraké urip ana ing kali Serayu. Saliyané dadi sandaran urip warga kali Serayu uga kalebu salah siji obyèk wisata kang akèh kang ngremeni. Wisata Arung Jeram iku dawi wisata kang paling diremeni déning masyarakan. Nalika taun 1997, kali serayu dadi panggonan kanggo lomba arung jeram tingkat nasional. kanggo kang ngremeni arung jeram kang mbutuhaké adrenalin akèh, wisata arung jeram kali Serayu dadi tujuwan kang pas. Kali serayu kang dawane 25 km bisa ditempuh kira-kira 4,5jam-5 jam pengarungan. Wektu sakmono mau diwiwiti pengarungan saka kretek ing Désa Blimbing utawa Désa Tunggoro Kabupatèn Wonosobo lan Désa Prigi Kabupatèn Banjarnegara tumuju Désa Singomerto, Kacamatan Sigaluh, Kabupatèn Banjarnegara. Wektu tempuh mau wis karo wektu kanggo ngaso ana ing tengah-tengahing lelampahan. Ing tlatah Banjarnegara kali iki diwangun sawijining wadhuk ya iku wadhuk Mrican lan pembangkit tenaga listrik Mrican.

Kali Serayu: Kali ing Indonésia
Serayu Banjarnegara

Cathetan suku

Tags:

BanjarnegaraKabupatènKabupatèn BanjarnegaraKabupatèn CilacapKabupatèn WonosoboKali

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

KuthaCatherine WilsonTembung garbaNéro19 AgustusꦗꦸꦩꦸꦮꦃSinarmas GroupBlegudregRukun ImanQuebecPhiladelphiaAsem lemakPangidhèntifikasi Obyèk DigitalꦕꦁꦏꦶꦂPiala Donya FIFA 2022Dhadhuꦏꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦒꦿꦗꦶGathotkacaDramaGambuhWikipédia basa JawaDéwi Sukèsiꦆꦏꦿꦏ꧀AnafilaksisDiah PermatasariMGM MiragePandhitaToyotaTumpengLesothoFlorentino PérezForex990Pasarékatan Bangsa-BangsaYoghurtÉnérgi panas bumiKhadijah binti KhuwailidCitibankꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮLawang SèwuAndien Aisyah HariadiSunan BonangDavid CameronBasa Indhonésiaꦥꦭꦺꦠ꧀Ricky HarunCiléMateri petengTetanduran ngembangꦎꦪꦺꦴꦢ꧀Transistor sambungan dwikutubAntoine-François FourcroyMarshmelloCublak-cublak suwengUniversitas Negeri JakartaProteomikaTapéJawa TengahPangrasaEritrositSon Heung-minGunung SinaiSurat Al QadrWalandaDewi SandraEuroMaghribiMawarPatungIndhonésiaSurat Al JinMuhammad Yunus🡆 More