Iwak

Iwak

Iwak guppy kang populèr sadonya
Klasifikasi èlmiah
Karajan: Animalia (Kéwan)
Filum: Chordata
Kelas: Pisces

Iwak (Basa krama: ulam lan Kawi: mina) iku sawijining kéwan kang urip ing banyu. Iwak ambegan mawa angsang lan kalebu kéwan getih anyep (poikilotermik). Iwak kalebu klompok vèrtebrata kang paling anéka warna, kanthi gunggung spésies punjul 27,000 ing saindhenging donya. Sacara taksonomi, iwak kagolong klompok paraphyletic kang gayutan kakrabatané isih dadi pasulayan; racaké iwak dipérang dadi iwak tanpa wang (kelas Agnatha, 75 spésies kalebu lamprey lan iwak hag), iwak mawa balung enom (kelas Chondrichthyes, 800 spésies kalebu iwak yu lan iwak epé), lan sisané kagolong iwak mawa balung atos (kelas Osteichthyes). Iwak duwé warna-warna ukuran, wiwit saka iwak geger lintang kang ukurané 14 mèter (45 ft) nganti stout infantfish kang mung ukuran 7 mm (kira-kira 1/4 inci). Ana sawetara kéwan banyu kang kerep dianggep "iwak", kaya déné iwak lodan, iwak sotong lan iwak dhuyung, kang sabeneré ora kagolong iwak.

Klasifikasi

Iwak iku kalebu parafiletik: iki tegesé, saben kelas kang ngamot kabèh iwak bakal nyakup uga tetrapoda kang dudu iwak. Saka dhasar iki, panglompokan kaya Kelas Pisces, kaya déné ing mangsa kapungkur, ora layak dipigunakaké manèh.

Ing ngisor iki unit-unit kang nyaakup kabèh vertebrata kang biyasa karan iwak:

      • Subkelas Pteraspidomorphi (iwak tanpa wang primitif)
    • Kelas Thelodonti
    • Kelas Anaspida
    • (ora duwé status) Cephalaspidomorphi (iwak tanpa wang primitif)
      • (ora duwé status) Hyperoartia
        • Petromyzontidae (lamprey)
    • Kelas Galeaspida
    • Kelas Pituriaspida
    • Kelas Osteostraci
  • Infrafilum Gnathostomata (vertebrata mawa wang)
    • Kelas Placodermi (iwak mawa tamèng, cures)
    • Kelas Chondrichthyes (iwak mawa balung enom: iwak yu, iwak epé)
    • Kelas Acanthodii (iwak yu mawa eri, cures)
  • Superkelas Osteichthyes (iwak mawa balung sajati: nyakup mèh kabèh iwak wigati mangsa saiki)
    • Kelas Actinopterygii (iwak mawa kèpèt kipas)
    • Kelas Sarcopterygii (iwak mawa kèpèt daging/iwak mawa kèpèt cuping)
      • Subkelas Coelacanthimorpha (coelacanth)
      • Subkelas Dipnoi (iwak paru)

Uga delengen

Rujukan

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Masayu AnastasiaMount EverestNana MirdadJonathan FrizzyEmpal gepukMinati AtmanegaraWader cakulCakram laserAmérika SarékatBathara SuryaWashington, D.C.TelkomselGabe NewellTaman Sari NgayogyakartaKapal Perang Republik IndonésiaKandangan TVUniversitas OxfordGaliyumAlang-alangKembang kolLos AngelesNew YorkJalur SutraWalang sangitSlamet RahardjoParibasan JawaUniversitas Pertahanan IndonésiaMi celorNikahBendiRab Ne Bana Di JodiIan MaatsenSianidaWarkopKabupatèn Kapuloan SitaroUniversitasMi karéBanjirJefri Al BuchoriBoAEgy Maulana VikriOrong-orongKaliwadas, Sumber, CirebonPimchanok Leuwisedpaibool (Fern)CatalunyaDadar gulungKabupatèn GunungkidulGoogleTegesé Aksara JawaPuputanBanyuBrondongSufismeTèknologiAgus MustofaMusikGunung MerbabuMaumere, SikkaDelimaÉkonomiKebo AfrikaTaralliSundar PichaiBauwarnaRadja NainggolanSurat Al QiyaamahIbnu KhaldunSwiwi pedhesDaihatsu MiraꦄꦕꦂꦮꦺꦴꦃGojekPheng Xat LaoSlankVladimir PutinProyek Kajayan NasionalBank🡆 More