Révolusi Indhustri

Révolusi Indhustri iku owah-owahan tèknologi, sosioékonomi, lan budaya ing pungkasan abad kaping 18 lan awal abad kaping 19 kang dumadi kanthi panggantian ékonomi kang dhedhasar pamakarya dadi didhominasi déning indhustri lan diprodhuksi mesin.

Révolusi iki diwiwiti ing Inggris kanthi pangenalan mesin uwab (migunakaké batu bara minangka bahan bakar) lan ditenagani déning mesin (mligi ing prodhuksi tèkstil). Ngrembakaning paralatan mesin logam-kasluruhan ing rong dhékade sepisanan saka abad kaping 19 nggawé prodhuk mesin prodhuksi kang dipigunaaké ing indhustri liyané.

Révolusi Indhustri
Mesin uwab Watt ing Madrid. Pangembangan mesin uwab miwiti révolusi indhustri ing Britania Raya. Mesin uwab diciptakaké kanggo ngompa banyu saka tambang batu bara, marakaké dadi luwih jero.

Mula bukané Révolusi Indhustri ora cetha nanging T.S. Ashton nulisaké kira-kira taun 1760-1830. Ora ana titik pamisah karo Révolusi Indhustri II ing kiwa-tengené taun 1850, nalika kamajon tèknologi lan ékonomi olèh momèntum kanthi perkembangan kapal tenaga-uwab, ril, lan banjur ing pungkasan abd mau perkembangan mesin obong njero lan perkembangan pambangkit tenaga listrik.

Èfèk budayané nyebar ing saindhenging Éropah Kulon lan Amérika Lor, banjur mangaruhi saindhenging donya. Èfèk saka owah-owahan iki ing masarakat gedhé banget lan asring dibandhingaké karo révolusi kabudayan ing mangsa Neolitikum nalika tetanèn wiwit dilakokaké lan mbentuk peradaban, nggantèkaké kauripan nomadik.

Istilah "Révolusi Indhustri" ditepungaké déning Friedrich Engels lan Louis-Auguste Blanqui ing tengahing abad kaping 19.

Pirsanana uga

  • Sajarah ékonomi Britania
  • Indhustrialisasi
  • Révolusi
  • Kapitalisme ing abad kaping19
  • Globalisasi
  • Perdagangan Internasional

Pranala njaba

Tags:

Abad kaping 18Abad kaping 19Batu baraBudayaInggrisMesinMesin uwabTèknologiTèkstil

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Tim nasional bal-balan Pasisir GadhingKudisKempulKopi Luwakꦧꦭꦥ꧀ꦤꦺꦏꦼꦂRebabSusuAdiwerna, TegalBrokohanSesorahJagoFritz Haber1777Éjaan Basa JawaKabupatèn KonawéKartiniPananggalan GrégoriyusAsem asetatWikisastraIwel-iwelNyadranSalokaꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦧꦱꦗꦮManganJambiAndika Naliputra WirahardjaYenny RachmanPada madyaDhadhuLivi ZhengCoboy JuniorSaron panerusUdohTifaGéorgiaHibiki ŌtsukiAnak Jalanan (sinetron)KenongSurat Al QadrDhomain publikMesut ÖzilNikita KhrushchevDasarataYusril Ihza Mahendraꦧꦺꦤ꧀ꦠꦺꦔꦤ꧀Elizabeth OlsenKoes PlusKodhokBadan SAR NasionalIsuzu PantherWadonKerata basaTemulawakSakura HarunoBatulicin, Tanah BumbuKempyangBillie EilishHarpaPeanutsNèkerMaricaPadusanCitraanRampage (filem 2018)RamayanaParibasan JawaBasa ngokoRuslanSurat Al Jumu’ahGunung KawiArab SaudiTom CruiseKarang Intan, BanjarWibisanaꦭꦧꦶꦫꦶꦤ꧀Anoman🡆 More