Holocaust

Holocaust (saka basa Yunani: holokauston kang tegesé pisungsung pangurbanan kang diobong ), uga kaloka minangka (Ha)-Shoah (Ibrani: השואה), Churben (Yiddish: חורבן) iku genosida sistematis kang dilakoni Jerman Nazi marang warna-warna golongan ètnis, kaagamaan, bangsa, ing jaman Perang Donya II.

Bangsa Yahudi ing Éropah minangka kurban-kurban utama sajeroning Holocaust, kang ingaran kaum Nazi minangka "solusi pungkasan masalah Yahudi". Cacahing kurban Yahudi lumrahé ingaran watara enem yuta jiwa. Genosida kang diciptakaké déning Adolf Hitler iki ditindakaké kanthi cara panémbakan, panyiksan, lan nganggo gas racun, ing sajeroning kampung Yahudi lan Kamp konsèntrasi.

Saliyané kaum Yahudi, golongan-golongan liyané kang dianggep kaum Nazi "ora disenengi " antarané bangsa Polen, Ruslan, suku Slavia liyané, panganut agama Katulik Roma, wong cacat, wong cacat méntal, homosèksual, Saksi-Saksi Yehuwa (Jehovah's Witnesses), wong kuminis, suku Gipsi (Wong Rom lan Sinti) lan lawan-lawan pulitik. Wong-wong mau uga ditangkep lan dipatèni. Yèn digunggung kalebu wong-wong iki mau cacahing kurban Holocaust bisa nganti 9-11 yuta jiwa.

Rujukan


Uga delengen

Pranala njaba

Tags:

AgamaBasa IbraniBasa YiddishBasa YunaniGenosidaJerman NaziPerang Donya IIÈtnis

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

ꦎꦩ꧀ꦧꦺꦤꦤ꧀ꦊꦒꦶKäsespätzleWajikGiri Lusi Janma Tan Kena KiniraMahfud MDTahu campurPenitiPevita Pearce1909Kuwé lapisTarmizi TaherBancakan Wetonꦩꦼꦱꦶꦤ꧀ꦗꦲꦶꦠ꧀Rama TambakLemètKolaIrfan BachdimBonangLangitErling HaalandKapulagaPlanèt1509Zhang ZuolinAbyasaArimbiKabupatèn KaranganyarSandy WalshGriki KunaBeras kencurJalen BrunsonKangsadéwaKendhangBasa HindiNovèlSurat Al FathAgnes MonicaImam BukhariMarie AntoinetteMitoniBaworLaut MatiLondonTembung ancer-ancerDream HighSosiologiReliefꦏ꧀ꦊꦤ꧀ꦛꦶꦁRaja Ali HajiIan KaselaMakemakeSèngLee Jong-sukMuhammad Arifin IlhamHibiki ŌtsukiKaséhatanGarang asemPersija JakartaIShowSpeedAndy Lau1982Semen Padang FCRengginangUnit 731Tenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)PallywoodSaid Agil Husin Al MunawarKacerdhasan gawéyan🡆 More