Boris Yeltsin

Boris Nikolayevich Yeltsin (IPA: , Ruslan: Бори́с Никола́евич Е́льцин) (1 Fèbruari 1931-23 April 2007) tampil sepindhah kanggé posisi Présidhèn Federasi Ruslan, njabat taun 1991-1999.

Panjenenganipun miyos ing Sverdlovsk (sapunika Yekaterinburg), Républik Sovyèt Ruslan, Uni Sovyèt lan présidhèn Ruslan samangsa pasca Uni Sovyèt.

Boris Nikolayevich Yeltsin
Борис Николаевич Ельцин
Boris Yeltsin
Présidhèn Federasi Ruslan Sepindhah
Linggih
10 Juli 1991 – 31 Dhésèmber 1999
Wakil PrésidhènAlexander Rutskoy
(1991–1993)
Jabatan ditiadakan
Kang sadurungéBoten wonten (dipunlantik minangka Présidhèn Ruslan sasampunipun Uni Sovyèt bibar lan pamimpin pungkasan Uni Sovyèt Mikhail Gorbachev lèngsèr saking jabatanipun)
Kang sawiséVladimir Putin
Rerincèn dhiri
Lair1 Fèbruari 1931
Butka, Sverdlovsk,
Ruslan SFSR
PatiApril 23, 2007(2007-04-23) (umur 76)
Moskow, Ruslan
BangsaRuslan
SisihanNaina Yeltsina
AgamaAtheisme
Tandha tanganBoris Yeltsin

Riwayat pulitik

Éra Yeltsin punika mangsa dramatis salebetipun sajarah Ruslan — periode ingkang dipuntengeri kanthi éwah-éwahan pulitik révolusioner, dhémokrasi-sesarengan kaliyan wontenipun masalah ageng pulitik lan sosial, setunggil ing antawisipun inggih punika korupsi ingkang ngrajalela lan binuka.

Ing wulan Juni 1991 Yeltsin minggah takhta sesarengan kaliyan gelombang pangajeng-ajeng ingkang inggil dhemi réformasi pulitik lan kakuciwan kaliyan kakuwaosan kuminis.

Tanggal 12 Juni Yeltsin dipunpilih minangka présidhèn Républik Sosialis Sovyèt Ruslan ingkang dipunbentuk dados fédherasi kanthi 57% saking swantun, dados présidhèn sepindhah ingkang dipunpilih kanthi langsung ing sajarah Ruslan.

Ing wulan Agustus 1991, Yeltsin pikantuk pangalembana internasional amargi panjenenganipun kanthi kendel lan minangka satunggiling dhémokrat saged nglawan usaha kudhéta ingkang dipunlampahi déning kaum kuminis garis keras. Perkawis punika ing pungkasanipun mbeta ancuripun kuminisme nanging ugi ancuripun Uni Sovyèt, nanging ndadosaken Yeltsin minangka tiyang paling kiyat ing Kremlin.

Émanipun panjenenganipun piyambak dados satunggiling autokrat otoritèr lan boten naté pikantuk malih popularitasipun lan panjenenganipun nilar kalungguhan nalika tanggal 31 Dhésèmber 1999 minangka tiyang ingkang dipunsengit. Panjenenganipun dipungantosaken déning Vladimir Putin.

Panjenenganipun tilar donya tanggal 23 April 2007 amargi gagal jantung.

Kutipan prakawis tilar donyanipun Yeltsin

  • Mikhail Gorbachev-Kula dhèrèk belasungkawa dhumateng kulawarga satunggiling priyantun ing pundi ing pundhakipun matumpu kathah karya ngédab-édabi ingkang saé kanggé nagari lan kasalahan ageng--nasib tragis

Pranala njawi


Kang sadurungé
Oleg Lobov
Mahamantri Ruslan
19911992
Kang sawisé
Yegor Gaidar
Kang sadurungé
Boten wonten
Présidhèn Ruslan
1991-1999
Kang sawisé
Vladimir Putin


Cithakan:PamimpinRuslan

Réferènsi


Tags:

Boris Yeltsin Riwayat pulitikBoris Yeltsin Kutipan prakawis tilar donyanipun YeltsinBoris Yeltsin Pranala njawiBoris Yeltsin RéferènsiBoris Yeltsin1 Fèbruari1931200723 AprilBasa RuslanPitulung:IPARuslanUni Sovyèt

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Emha Ainun NadjibCathetan padinanKerisTeguh OstenrikBimasektiWikipédiaAmien RaisGiri Lusi Janma Tan Kena KiniraAfrika KidulMohammad HattaKucingLumpiaMohamed Ahmed NassarVia VallenKerata basaGunung Ceremaiꦱꦝꦼꦭ꧀TinDrijiKethukBani AbbasiyahAnies BaswedanSarungGudhegDéklarasi DjuandaGudang garamSoe Hok GieSotoNicole KidmanNgupatAksaraKorupsiTsumugi AkariLibèriaSpanyolÉjaan Basa JawaKodhokKanadhaTembung aranGunung BaturUpacara WiwitMacan tutulYuen BiaoMasjidil KaramMicrosoftEnergi PotensialC++KapulagaRama TambakPanambangDasanamaBekakakꦥꦫꦺꦴꦤ꧀Jesse JamesBeras kencurPratélaning upacara adat JawaBanaspatiSri Mulyani IndrawatiSrengéngé mlethèkHangeulDinda KiranaBasa HindiSekatènAvenged SevenfoldKabupatèn RembangTéaterIwak pitikKendhiKagunanSistem Posisi GlobalHaumeaKuwé kembang goyangTumpeng🡆 More