Helsinki (Basa Swèdhen: Helsingfors) iku kutha krajan sisan kutha gedhé dhéwé ing Finlan kang ndunungi ana 562.570 jiwa.
Kutha iki dumunung ing pérangan kidul Finlan, ing gisiking Lempongan Finlan lan Sagara Baltik. Laladan urban Helsinki kalebu kutha Espoo, Vantaa, lan Kauniainen, kang karan uga Wewengkon Kutha krajan kanthi kang ndunungi 992.836 jiwa. Laladan Helsinki Raya (Greater Helsinki) nyakup luwih akèh kutha-kutha ing saubengé lan duwé 1.283.093 kang ndunungi kang tegesé siji saka papat kang ndunungi Finlan manggon ing laladan mau.
Helsinki Helsinki – Helsingfors | |
---|---|
Kota | |
Helsingin kaupunki Helsingfors stad | |
Saka dhuwue kiwa: Katédral Helsinki, Suomenlinna, Lapangan Sénat, Aurinkolahti beach, City Hall | |
Peparab: Stadi (for Helsinkians)
| |
Pamaréntahan | |
• Walikutha | Jussi Pajunen |
Situs wèb | www.hel.fi |
Helsinki iku pusat bisnis, kauangan, modhe, panglipur, médhia, lan budaya ing Finlan kanthi jajaran musiyum, gladri, lan papan tontonan. Kutha iki uga dadi gapura internasional Finlan. Helsinki duwé gunggung warga manca paling akèh ing Finlan. Wong manca iki dumadi saka watara 130 kawarganagaraan lan mayoritas saka Ruslan, Éstlan, lan Swèdhen.
Wiki Commons duwé médhia ngenani Helsinki. |
Cithakan:Kutha krajan ing Éropa
Artikel géografi Finlan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Helsinki, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.