Cithakan:Wewengkon administratif papréntahan Indonésia
Aksara Latin |
Désa (ꦢꦺꦯ), miturut dèfinisi universal, yaiku aglomerasi panggonan ing karang padésan (rural). Ing Indonésia, istilah désa iku kanggo wewengkon administratif ing Indonésia sing ana ing ngisoré kacamatan lan dipandégani déning Kepala Désa. Kepala Désa iku racaké diarani Lurah. Wiwit lumakuné otonomi laladan istilah désa bisa karan mawa jeneng liya, upamané ing Sumatra Kulon karan nagari, lan ing Papua lan Kutai Kulon, Kalimantan Wétan karan kampung. Semana uga kabèh istilah lan institusi ing désa bisa karan kanthi jeneng liya miturut karakteristik adat désa mau. Bab iki dadi pangaku lan pangajining pamaréntah marang mula buka lan adat enggonan.
Miturut Peraturan pamaréntah Nomor 72 Tahun 2005 ngenani Désa, karan yèn désa iku kesatuan masarakat hukum sing duwé wates-wates wewengkon sing duwé wewenang kanggo ngatur lan ngurus kapentingan masarakat saenggon, miturut asal-usul lan adat istiadat saenggon sing diakoni lan diurmati sajeroning sistem papréntahan Nagara Kesatuan Républik Indonésia.
Désa iku dudu bawahan kacamatan, amarga kacamatan minangka péranganing perangkat laladan kabupatèn/kutha, lan désa dudu péranganing perangkat laladan. Béda karo Kalurahan, désa duwé hak ngatur wewengkoné luwih ombèr. Nanging sajeroning perkembangan sabanjuré, sawiji désa bisa diowahi statusé dadi kalurahan.
Kawenangan désa yaiku:
Désa duwé papréntahan dhéwé. papréntahan désa dumadi saka pamaréntah désa (sing nyakup Kepala Désa lan Perangkat Désa) lan Badan Permusyawaratan Désa (BPD)
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Désa, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.