K.h. Ahmad Sobri

K.H.

Ahmad Sobri kuwe salah siji ulama kesohor uga pengelola Pondok Pesantren Salafi Al Falah nang desa Tinggarjaya, Kecamatan Jatilawang, Kabupaten Banyumas. deweke kuwe sedulur kandunge Kang Ahmad Tohari Budayawan kondang ana ing kabupaten banyumas. Putrane almarhum K.H. Muhammad Diryat, salah siji ulama kesohor uga tokoh Nahdlatul Ulama jaman gemiyen.

pondok pesantren al falah di-degna antara th. 1980 neng tanah wakafe alm. K.H. Muhammad Diryat yakuwe ramane K.H. Ahmad Shobri. jasane almarhum gede banget kanggo anane pondok al falah kiye. malah wektu ngedegna pondok alm Muhammad Diryat lagi pesen kayu arep go gawe pondok naging kena musibah ditabrak truk terus bae seda /wafat ( muga muga diparingi jembar kubure, dingapura dosane, ditampa amale apike lan netepi iman islame, amin...) nalika semono kamar sing digawe tembe loro cacahe, bocah santri sing ngaji akeh nanging sing nginep nang pondok tembe 20 santri, kuwe bae angger awan ana sing bali ngrewangi wong tuane nyambut gawe neng sawah.

Alhamdulillah sikine pondok pesantren al falah wis rame lan akeh santrine, maju pengajiane uga pembangunane, santri lanang lan wadon wis ana 250 cacahe. sing dipelajari kuwe ilmu Al Qur.'an, Hadits, Fiqh, Tauhid, Nahwu, Shorf, Balaghoh, Mantiq, Mawaris, Hisab - Falak. malah sikine wis dikembangna ana ketrampilan (Pertanian,Pertukangan,gawe badug,nyetir mobil, jahit, komputer lan liya liyane), madrasah diniyah (th. 1985), TK Diponegoro (th. 1986) uga Madrasah Aliyah Al Falah /SLTA ( th. 2004). uga wis ana Madrasah Ibtidaiyah Al falah (2012).

Anane pondok bisa maju mau sebab do'a lan bantuan para dermawan uga jerih payah pengasuh lan pengurus uga dukungane masyarakat utamane keluarga alm KH. Muhammad Diryat

Bedug sing wis digawe K.H. Ahmad Sobri sing neng jabane banyumas ana lima cacahe, siji Bedug raksasa nang Masjid Agung Jawa Tengah nang dalan Gajah, Semarang kaping loro nang masjid agung semarang (kauman Johar) kaping telu masjid agung kebumen.kaping papat masjid agung wilayah gresik jawa timur, kaping lima masjid agung widang tuban jawa timur.

Seliyane mulangi santri ngaji neng sejerone pondok uga ngisi pengajian neng wilayah banyumas lan sekitare, uga duweni rutinan pendak malem setu pahing nganakna mujahadah Dzikrul Ghofilin neng wilayah karsidenan banyumas, biasane angger mujahadah sing teka bisa nganti 5.000 wong. uga pengajian rutinan rebo kliwon neng pondok al falah jamangahe ngantek punjul sekang 1.200 wong. uga rutinan mujahadah neng makam (pesarean) Syeh Mahdum Ali saben malem jemuah pon sing teka uga punjul sekang 2.000 wong

Neng sejerone organisasi nahdlotul ulama kabupaten banyumas deweke dadi rois mustasyar sing tugase nasehati karo ngarahna maring para ulama lan pengurus awit kabupaten ngantek desa. K.H. Ahmad Shobri uga nganakna bimbingan haji lan haji plus uga umroh, mulani saben tahun deweke mangkat haji.

Sebab go sentrale ulama neng banyumas lan jawa tengah mulane ulama, habaib neng jawa utawane luar negri (pakistan, malaysia,sigapura,yaman)lan pejabat mulai lurah, bupati, gubernur ngantek presiden wis tau mampir (silaturrahim) maring pondok peantren al falah sing diasuh deweke.

pondok al falah saben tahun ana neng sejerone wulan mulud tanggal 12 nganakna pengajian muslimat esuk ngantek awan. bengine muludan lan pengajian muludan uga mendaki (haul) simbah K.H. Muhammad Diryat. biasane sing teka neng acara mau bisa ngantek punjul sekang 20.000 wong.

pesen sing sering diomongna maring santri santrine, sampeyan kabeh angger bali aja ucul ngibadahe, pada ngamalna ngilmune lan nyambut gawe sing halal.

Mula sedulur kabeh tek jaluki dongane muga pondok pesantren al falah sing depimpin dening K.H Ahmad Shobri lan putra putrine lan mantu-mantu .( Gus Munif ngimami Jamaah Dzikrul Ghofilin, Gus Hasan di amanati dadi PCNU Banyumas, Gus Dulloh dadi Tokoh Organisasi lan Politik muda Banyumas, Gus Rony, Ning Jazil nerusaken perjuangane Almh IBU Nyai Hj.Marfu'ah ngrumati santri putri, Ning Nafis, Gus Abas, Gus Alfi, Ning Naily) sing saiki wis mulai muncul lan kanggo neng masyarakat, moga moga bisa nerusaken perjuangane para Ulama, Haba'ib uga para leluhur pejuang Islam sing neng tanah jawa kususe, moga moga Pesantren Al falah diparingi Istiqomah olihe nguri nguri Ilmu Agama Islam lan langgeng kanti bisa nyitak ulama sing bermutu uga bener lan migunani kanggo agama lan negara amin.....

Tags:

Kabupaten BanyumasKecamatan JatilawangNahdlatul Ulama

🔥 Trending searches on Wiki Basa Banyumasan:

Greged, CirebonLiliraja, SoppengPracimantoro, WonogiriKeraton KasepuhanPalakka, Bone2009Ebiet G. AdeBatikPulosari, PemalangWirosari, Grobogan24 AprilKaliwungu, Kendal1909Kota TasikmalayaTarutung, Tapanuli UtaraSydneyPulau IrianBasa ThaiJohn TravoltaKinjengAyu Ting TingCipatujah, TasikmalayaKabupaten IndramayuNagreg, BandungKuoh, Boven Digoel14281924Libya3 Maret1739Filum1945TripoliCiteureup, BogorTimor Leste13 AgustusMatematikaPandawaK.H. Abdurrahman WahidIlir Barat II, PalembangKradenan, BloraMangarabombang, Takalar20 September13 AprilEthiopia29 Desember3 SeptemberSamudra1929BiruCampaka, CianjurUndang-Undang Dasar Negara Republik Indonesia Taun 19451942Hamengkubuwana IXTemboro, Karangtengah, WonogiriSamudera Indonesia (perusahaan)Daftar Gubernur Jawa BaratBotaniBalaraja, Tangerang1863Kabupaten KendalThomas Alva Edison1081Sale pisangKeju🡆 More