Batik

Batik yakuwe produk kerajinan tekstil sing termasuk kuna, wis ana kawit 2000 tahun gemiyen.

Asal kata Batik yakuwe Ambatik (basa Jawa) sing maknane: nggambar utawa nulis. Nganti siki pancen esih akeh teori bab keaslian seni kerajinan batik, ning sing pasti kata batik yakuwe asli sekang Jawa.

Batik
Batik

Werna-werna utama batik Jawa yakuwe werna biru nila karo cokelat. Celupan biru karo coklat sing digabung karo kain putih kuwe nggambarna telu dewa Hindu (Siwa, Wisnu karo Brahma).

Pesona batik Indonesia yakuwe akeh perubahan nang corak karo motif sing muncul sesuai karo perbedaan kebudayaan. Batik utama nang Jawa motif-motife akeh dipengaruih ajaran Hindu – misal pemujaan manuk garuda karo kesucian kembang teratai. Pengaruh Islam ming motif-motif batik antarane motif-motif batik sing geometrik karo botanik.

Teknik & Perangkat

Batik kuwe jane seni nggo ngelawan celupan. Gambar-gambar ditulis nang kain nganggo malam sing dicairna, terus dijorna nganti mandan atos. Malam sing wis dadi atos kuwe dilawan karo celupan. Kain sing ora nana malame dicelup, dadi bagian sing dimalam ora berobah. Cara kiye diulang bola-bali, tergantung jenis pola tur pira werna sing dikarepaken.

Ada telu cara nganggo malam: karo tangan, nganggo tembaga khusus nggo nggambar karo nganggo cap tembaga, utawa bisa juga gabungan/kombinasi tangan karo cap.

Batik-batik sing digambar nganggo tangan diarani batik tulis. Kuwe 2-3 bulan tembe dadi. Sepotong kain 2.25 x 1.25 meter kuwe butuh 60-90 dina nggarape.

Batik cap lewih gampang, praktis tur ekonomis ningen mandan kurang nilai senine, nilai senine mung ana nang bentuk cap-e thok.

Seliyane kain, perangkat nggo mbatik yakuwe:

  • Malam
  • Canting
  • Kompor
  • Wajan
  • Bak cuci / bilasan
  • Karo liya-liyane.

Deleng Uga


mBalik ming:

Tags:

Jawa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Banyumasan:

OktoberKota Ho Chi Minh1237Ketitanglor, Bojong, PekalonganKecamatanDaftar Gubernur Jawa TengahAbad kaping-20Ki Hadjar Dewantara18 MeiKeris Mpu GandringCekoDaftar Gubernur BantenBill GatesAfrikaKahayan Hilir, Pulang PisauDaftar Bupati KebumenKristen1947Bacharuddin Jusuf HabibieIslamSiddhartha Gautama13 SeptemberWhitney Houston1995Marco PoloZurleily Sagita15 AgustusMendoanChris JohnChileWadonCowonganBekasi Barat, BekasiTaiwan8 SeptemberBloemfonteinKulonDaftar Gubernur Nusa Tenggara TimurAsia TenggaraOlahragaBatara-batari nang pewayanganTata SuryaKerajaan Tarumanegara12 JanuariVenusPenyakitItaliaDonny AlamsyahSejarah semar dalam basa sundaDaftar gubernur Sumatera UtaraGrace SimonUnguSeptemberAgama Buddha120314171439JawaBWikipedia basa JermanPlatoBausastra2 MaretWikipedia basa InggrisSulawesi Tenggara903Kota SukabumiBumiSaturnus🡆 More