Batara-Batari (Dewa-Dewi) nang cerita pewayangan kuwe Dewa-Dewi sing muncul nang mitologi agama Hindu sekang India, lan diadaptasi nang budaya Jawa.
Dewa nang budaya Jawa kasebut Batara (lanang) atawa Batari (wadon). Miturut ceritané R.A. Kosasih, menungsa awalé sekang Adam lan Hawa, terus dheweke nurunna Nabi Sis, terus nurunna Anwar sing mengkoné nuruna para Hyang. Terus nurunna Hyang Nur Cahya, sing manggoné nang pucuk gunung Mahameru. Hyang Nur Cahya nurunna Nurasa, terus nurunna Hyang Wenang, terus Hyang Tunggal lan seterusé terciptalah dewata.
Generasi awal iki lahiré sekang bagiané endog. Miturut R.A. Kosasih, urutanné mulai sekang Ismaya, Antaga, Manikmaya. Mung maring Manikmayalah Keturunan berikutnya diterusna.
Senajan mengkone ngabdiné maring wong sing sejen-sejen, tapi kabeh nduweni tugas penting yaiku njagani keseimbangan donya. Mengkone bakal ana ketidakseimbangan donya jalaran polahé Rahwana nganti perang Mahabaratha, tapi kabeh iku dadi proses keseimbangan donya sing uwis ana sing ngatur.
Keturunan Batara Guru karo Dewi Uma
This article uses material from the Wikipedia Basa Banyumasan article Batara-batari nang pewayangan, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Banyumasan (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.