Albert Einstein (lair nang Ulm, Kerajaan Württemberg, Kerajaan Jerman, 14 Maret 1879 – seda nang Princeton, New Jersey, Amerika Serikat, 18 April 1955 dong umure 76 taun) kuwe salah siji ilmuwan fisika teoretis sing diakoni dadi ilmuwan paling kondang nang abad ke-20.
Einstein nemokna teori relativitas lan uga akeh nyumbang kanggo pengembangane mekanika kuantum, mekanika statistika, lan kosmologi. Dheweke dianugerahi Penghargaan Nobel Fisika taun 1921 kanggo penjelasane bab efek fotolistrik lan "pengabdiane maring Fisika Teoretis".
Albert Einstein | |
---|---|
Albert Einstein nang taun 1921 | |
Lahir | 14 Maret 1879 Ulm, Kerajaan Württemberg, Kerajaan Jerman |
Meninggal | 18 April 1955 (umur 76) Princeton, New Jersey, Amerika Serikat |
Tempat tinggal | Jerman, Italia, Swiss, Amerika Serikat |
Suku | Yahudi |
Kewarganegaraan | Cithakan:Unbulleted list |
Alma mater | Cithakan:Unbulleted list |
Dikenal karena | Cithakan:Unbulleted list |
Pasangan | Mileva Marić (1903–1919) Elsa Löwenthal, née Einstein, (1919–1936) |
Penghargaan | Cithakan:Unbulleted list |
Tanda tangan |
Seuwise teori relativitas umum dirumusna, Einstein banjur dadi kandang sadonya, pencapaian sing ora lumrah kanggo ilmuwan. Dong masa tuane, dheweke wis kondang ngungkuli kabeh ilmuwan nang sejarah, banjur nang budaya populer, jeneng Einstein kuwe wis dianggep pada karo kecerdasan utawa malahan genius. Wajahnya dadi salah satu sing paling kondang sadonya.
Taun 1999, Einstein dijenengi "Tokoh Abad Sekiye" nang majalah Time.
Kanggo ngormati Einstein, salah siji satuan nang fotokimia dijenengi einstein, uga ana unsur kimia sing dijenengi einsteinium, lan asteroid sing dijenengi 2001 Einstein.
Rumus Einstein sing paling kondang yakuwe:
Wiki Commons nduweni galeri babagan: |
Wiki Commons nduweni kategori mengenai Albert Einstein |
Wikiquote nduweni koleksi kutipan sing ana kaitane karo: |
Cithakan:Amerika-Serikat-bio-stub
This article uses material from the Wikipedia Basa Banyumasan article Albert Einstein, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Banyumasan (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.