Afrika: Bawana ing kawasan afro-eurasia

Afrika iku bawana (bawana) sing gedhé dhéwé kaping loro sa donya sawisé Asia.

Jembaré karo kapuloan ing saubengé ana 30,2 yuta km², iku minangka 6% lumahing bumi lan 20,4% lumah lemah donya. Ing tanah Afrika iku sing ndunungi ana kira-kira sak milyar jiwa (cacah taun 2009) lan kapérang dadi 61 wewengkon, yaiku nyakup kira-kira 14,72% sing ndunungi donya. Tanah Afrika iku kabagé dadi pirang-pirang tlatah sing luwih cilik, yaiku Afrika Lor (Maghribi), Afrika Kulon, Afrika Tengah, Afrika Kidul, lan Afrika Wétan.

Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi
Afrika

Afrika diliwati garis katulistiwa lan duwé warna-warna iklim; iki minangka siji-sijiné bawana sing mbentang saka wates loré zona iklim sedheng bumi nganti wates kidulé. Prakiran pertumbuhan ékonomi Afrika yaiku watara 5,0% ing taun 2010 lan 5,5% ing taun 2011.

Étimologi

Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi 
Péta Afrika 1890

Tembung Afrika asal saka basa Latin, Africa terra — "Tanah Afri" (wujud jamak saka Afer) — kanggo nuduhaké pérangan lor bawana mau, wektu iki minangka péranganing nagara Tunisia, papan panggonan provinsi Romawi ing Afrika. Asal tembung Afer manawa saka basa Fenisia, afar tegesé "awu"; utawa saka suku Bani Ifran, sing manggon ing pérangan lor bawana iki cedhak Kartago; utawa saka basa Yunani aphrike sing tegesé "tanpa adhem"; utawa saka basa Latin aprica sing tegesé "cerah".

Sajarah

Afrika iku dadi padunungan manungsa sing paling wiwitan, saka bawana iki manungsa sabanjuré nyebar menyang bawana-bawana liya. Werna-warna fosil saka spesiés manungsa purba kang wujudé esih kaya kethèk uga akèh tinemu, kaya ta Australopithecus afarensis (dinuga kira-kira saka 3,9–3,0 yuta taun SM), Paranthropus boisei (k. 2,3–1,4 yuta taun SM), lan Homo ergaster (k. 1,9 yuta–600.000 taun SM). Sawijining fosil kerangka manungsa purba sing misuwur diarani "Lucy", saiki disimpen ana ing musiyum nasional Addis Ababa, Etiopia. Manungsa sing modhèren kanthi anatomi wiwit kapisanan wujud fosil ing Afrika saka 195.000 taun kapungkur, nanging panelitian biologi molekulèr nemu tandha-tandha prakiran wektu pamisahan nènèk moyang sakabèhé populasi manungsa modhèren yaiku 200.000 taun kapungkur.

Paternakan kéwan diprakirakaké wis diwiwiti taun 6000 SM ing Afrika Lor. Ing taun 4000 SM, iklim Sahara molai dadi garing lan banjur rikat banget dadi ara-ara. Akibaté wewengkon sing bisa kanggo panggonan wong tani dadi sithik, amarga iku nggarai mingrasi menyang Afrika Kulon kang wewengkoné nduwé iklim luwih tropis.

Wiwit kira-kira taun 3300 SM, wiwit tinemu cathetan sajarah ing Afrika Lor, yaiku saka paninggalan peradaban Pirngon ing Mesir Kuna. Salah sawijining peradaban paling kuna lan suwé umuré ing donya, kakuwaosan Mesir Kuna iku ngadeg lan nyebaraké warna-warna prabawa ing wewengkon-wewengkon liyané nganti tekan taun 343 SM. Wong Fenisia saka Tirus (saiki ing Libanon) uga nuwuhaké punjer peradaban sing indepènden ing Kartago kang dumunung ana ing pasisir lor-wétan Afrika. Ing taun 332 SM, Alexander Agung yasa kutha Alexandria ing Mesir, kang sabanjuré dadi kutha krajan sing mégah lan minangka panggonan panguwasa Ptolemeus Mesir.

Perkembangan agama Kristen ing Afrika wis molai saka abad angka 1, yaiku wiwit diadegaké Gréja Ortodoks Alexandria déning Santo Markus sang Panginjil watara taun 43. Agama Kristen sumebar ing pirang-pirang tlatah saka Palestina nganti Mesir, uga ngliwati wates kidulé wewengkon Romawi menyang Nubia lan abad angka 6 uga wis teka ing Ethiopia. Ing mangsa awal abad angka 7 nganti abad angka 8, agama Islam sumebar ana ing tlatah Afrika Sub-Sahara, mligi ngliwati jalur dagang lan migrasi.

Géografi

Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi 
Foto Afrika kang dijupuk saka Apollo 17

Afrika iku wewengkon kebak alas kang lembab, padhang pasir kang garing, lan alas tropis. Afrika ugi bawana kang kebak bukit kang dhuwur lan ing pucukipun diubengi salju, sabana, lan udan kabut angin.

Afrika iku bawana gedhé dhéwé saka telu bawana ing belahan kidul Bumi lan sing gedhé dhéwé kaloro sawisé Asia. Jembaré kurang luwih 30.244.050 km2 (11.677.240 mil2) kalebu kapuloan ing saubengé, nyakup 20,3% saka total dharatan ing bumi lan didunungi punjul 800 yuta manungsa, utawa watara sapropitu populasi manungsa ing donya.

Kapisah saka Éropa déning Sagara Tengah, Afrika nyawiji karo Asia ing pucuk lor-wétan liwat Terusan Suez sing ambané 130 km. Ujung Sinai sing diduwèni déning Mesir kerep dianggep kanthi geopolitis minangka péranganing Afrika. Saka ujung paling lor, Tanjung Spartel ing Maroko, ing 37°21′ lintang lor, tekan ujung paling kidul, Tanjung Agulhas ing Afrika Kidul, 34°51′15″ lintang kidul, kabentang wewengkon sing leté 8.000 km; saka ujung paling kulon, Tanjung Verde, 17°33′22″ bujur kulon, nganti ujung paling wétan, Ras Hafun ing Somalia, 51°27′52″ bujur wétan, leté watara 7.400 km. Dawaning garis pasisir 26.000 km (minangka perbandingan, Éropa, sing duwé jembar 9.700.000 km² duwé garis pasisir 32.000 km).

Lumrahe wewengkon Afrika awujud lemah kang garing. Kualitas lemah kang kurang apik lan gampang rusak. Akèh lemah kang kurang subur amarga ngandhut akèh laterit, yaiku jenise watu kang gawé warna abang lemah.

Pulitik

    Deleng uga: Pratélaning parté pulitik ing Afrika miturut nagara

Ana pratandha cetha saka tambahé jaringan antarané organisasi lan nagara Afrika. Contoné, ing perang sipil ing Républik Dhémokratis Kongo (biyèn Zaire), tinimbang nagara non-Afrika sugih kang ngintervénsi, nagara-nagara Afrika tetanggan dadi mèlu (deleng uga Perang Kongo Kapindho). Wiwit konfliké wiwit ing taun 1998, kira-kira kurban jiwa wis tekan 5 yuta.

Uni Afrika

Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi 
Peta Uni Afrika karo nagara kang disuspènsi diwernani ijo

Uni Afrika (AU) iku sawijining fédherasi 54-anggota dumadi saka kabèh nagara Afrika kajaba Maroko. Panunggalan iku kawangun, kanthi Addis Ababa, Étiopia, minangka kantor punjer, tanggal 26 Juni 2001. Panunggalan iku resmi diadegaké ing 9 Juli 2002 minangka penerus Organisasi Afrika Bersatu (Organisation of African Unity, OAU). Ing Juli 2004, Parlemèn Pan-Afrika (Pan-African Parliament, PAP) Uni Afrika dipindhah menyang Midrand, ing Afrika Kidul, nanging Komisi Afrika ing Hak Manungsa lan Bangsa tetep ing Addis Ababa. Ana aturan kang isih berlaku kanggo desentralisasi institusi Federasi Afrika kang supaya padha dibagi déning kabèh nagara.

Uni Afrika, aja bingung karo Komisi AU, wis kawangun déning Undhang-Undhang Konstitutif Uni Afrika, kang yakuwi kanggo ndandani Komunitas Ékonomi Afrika, sawijining persemakmuran keklumpukan, menyang nagara sing ing pengakuan internasionalé dikukuhaké. Uni Afrika nduwé pemerintah parlementer, yaiku African Union Government, dumadi saka organ lègislatif, kahakiman, lan èksekutif. Iku dipanggedhèni déning Présidhèn lan Kepala Negara Uni Afrika, sing uga Présidhèn Parlemèn Pan-Afrika. Wong dadi Présidhèn AU amarga kapilih déning PAP, lan salajengipun éntuk panjurung mayoritas ing PAP. Kakuwasan lan otoritas saka Présidhèn Parlemèn Afrika asalé saka Undhang-Undhang Konstitutif lan Protokol Parlemèn Pan-Afrika, sarta warisan saka panguwasa présidhèn ditetapaké déning prajanjèn Afrika lan prajanjèn internasional, kalebu sing subordinating Sekretaris Jenderal ing Sekretariat OAU (Komisi AU) kanggo PAP. Pamarentah AU kasusun saka otoritas kabèh-uni (fédheral), regional, nagara, lan kotamadya, uga atusan institusi, sing bebarengan ngatur urusane dina-dina ing institusi.

Hubungan pulitik kaya ta Uni Afrika ngewéhi pangarep-arep kanggo ko-operasi lan tentrem luwih antarané akèh nagara ing bawana iki. Penyalahgunaan hak manungsa ekstensif isih dumadi ing sawatara péranganing Afrika, asring wonten ing kelalaian saka nagara. Akeh pelanggaran kelakon kanggo alasan pulitik, asring minangka efek sisih perang sipil. Negara ing kana pelanggaran hak manungsa utama wis dilapurké akir-akir iki kalebu Républik Dhémokratis Kongo, Sierra Leone, Liberia, Sudan, Zimbabwe, lan Panté Gadhing.

Nagara-nagara

Sapérangan gedhé nagara ing Afrika iku tilas nagara jajahan, kajaba Afrika Kidul, Etiopia lan Liberia. Républik Dhémokrasi Kongo minangka tilas jajahan Bèlgi. Mesir, Sudan, Uganda, Kenya, Djibouti, Sierra Leone, Ghana, Nigeria, Zambia, Zimbabwe lan Botswana tilas jajahan Karajan Manunggal. Maroko, Aljazair, Mauritania, Mali, Senegal, Guinea, Pasisir Gadhing, Burkina Faso, Benin, Niger, Chad, Républik Afrika Tengah, Gabon, Kongo lan Madagaskar tilas jajahan Prancis. Togo, Kamerun, Burundi, Rwanda, Tanzania lan Namibia tilas jajahan Jerman. Libya, Eritrea, Somalia tilas jajahan Italia. Guinea Bissau, Angola, Malawi, lan Mozambik yaiku tilas jajahan Portugal. Sarta Sahara Kulon sing tilas jajahan Spanyol. Saproteloné yaiku 15 saka 47 nagara kakurung déning dharatan.

Wewengkon Afrika Lor

Afrika lor kapérang saka nagara Aljazair, Maroko, Tunisia, Libia, Mesir, lan Sudan. Ing kabèh nagara iki, sapérangan akèh padununge yaiku wong-wong Arab lan agamané Islam. Basa kang utawa ing wewengkon iki yaiku basa Arab lan Prancis. Awit 5000 taun kapungkur, ing sadawané wewengkon lor Afrika wis ana masarakat kang duwé kabudayan kang luhur. Kaya ta Mesir Kuno, salah sijiné masarakat kang ngembangaké kabudayan kang luhur. Wewengkon Afrika Lor dadi laladan kang ngasilaké pangan, kaya ta: Kurma, Zaitun, lan Anggur, ditandhur bareng karo sayur-sayuran lan pari. Wewengkon kang ditukuli suket dianggo kanggo ngingu wedhus, lan raja-kaya liyané. Saka paternakan iki diasilake wol lan kulit mentah.

Wewengkon Afrika Kulon

Wewengkon sisih kulon Afrika kapérang saka nagara Mali, Burkina Faso, Niger, Pasisir Gading, Guinea, Senegal, Mauritania, Benin, Togo, Kamerun, Guinea Bissau, Sao Tome lan Principe, Guiena Ekuatorial, Sahara Kulon, Liberia, Sierra Leone, Gambia, Ghana, lan Nigeria. Wewengkon kulon iki dadi wewengkon kapisan kang ditekani wong Éropa. Bangsa Portugis miwiti njajah ing taun 1400-an.

Wewengkon Afrika Wétan

Wewengkon iki kapérang saka nagara Etiopia, Somalia, Djibouti, Rwanda, Burundi, Uganda, Kenya, lan Tanzania. Laladan iki awujud wewengkon gisik pasisir kang rata, munggah marang plato kang dhuwur, kang kapedhot déning tlaga lan gunung-gunung kang dhuwur. Ing Afrika Wétan akèh ditemoni masarakat keturunan kang béda-béda, duwé basa kang béda uga. Nanging sapérangan akèh nganggo basa Swahili.

Jeneng wewengkon lan
territoral lan gendéra
Jembar
(km²)
Populasi
(prakiran 1 Juli 2008)
Kapadhetan Padunung
(per km²)
Kutha krajan
Afrika Wétan
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Burundi 27.830 8.988.091 322,9 Bujumbura
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Komoro 2.170 752.438 346,7 Moroni
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Djibouti 23.000 516.055 22,4 Djibouti
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Eritrea 121.320 5.647.168 46,5 Asmara
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Etiopia 1.127.127 85.237.338 75,6 Addis Ababa
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Kenya 582.650 39.002.772 66,0 Nairobi
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Madagaskar 587.040 20.653.556 35,1 Antananarivo
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Malawi 118.480 14.268.711 120,4 Lilongwe
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Mauritius 2.040 1.284.264 629,5 Port Louis
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Mayotte (Prancis) 374 223.765 489,7 Mamoudzou
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Mozambik 801.590 21.669.278 27,0 Maputo
Réunion (Prancis) 2.512 743.981(2002) 296,2 Saint-Denis
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Rwanda 26.338 10.473.282 397,6 Kigali
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Seychelles 455 87.476 192,2 Victoria
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Somalia 637.657 9.832.017 15,4 Mogadishu
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Tanzania 945.087 41.048.532 43,3 Dodoma
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Uganda 236.040 32.369.558 137,1 Kampala
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Zambia 752.614 11.862.740 15,7 Lusaka
Afrika Tengah
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Angola 1.246.700 12.799.293 10,3 Luanda
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Kamerun 475.440 18.879.301 39,7 Yaoundé
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Républik Afrika Tengah 622.984 4.511.488 7,2 Bangui
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Chad 1.284.000 10.329.208 8,0 N'Djamena
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Kongo 342.000 4.012.809 11,7 Brazzaville
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Républik Dhémokrasi Kongo 2.345.410 68.692.542 29,2 Kinshasa
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Guinea Khatulistiwa 28.051 633.441 22,6 Malabo
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Gabon 267.667 1.514.993 5,6 Libreville
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  São Tomé lan Príncipe 1.001 212.679 212,4 São Tomé
Afrika Lor
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Aljazair 2.381.740 34.178.188 14,3 Aljir
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Mesir 1.001.450 83.082.869 total, Asia 1,4m 82,9 Cairo
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Libya 1.759.540 6.310.434 3,6 Tripoli
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Maroko 446.550 34.859.364 78,0 Rabat
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Sudan 2.505.810 41.087.825 16,4 Khartoum
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Tunisia 163.610 10.486.339 64,1 Tunis
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Sahara Kulon 266.000 405.210 1,5 El Aaiún
Teritori Spanyol lan Portugal ing Afrika Lor
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Kapuloan Canary (Spanyol) 7.492 1.694.477(2001) 226,2 Las Palmas de Gran Canaria,
Santa Cruz de Tenerife
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Ceuta (Spanyol) 20 71.505(2001) 3.575,2
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Kapuloan Madeira (Portugal) 797 245.000(2001) 307,4 Funchal
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Melilla (Spanyol) 12 66.411(2001) 5.534,2
Afrika Kidul
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Botswana 600.370 1.990.876 3,3 Gaborone
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Lesotho 30.355 2.130.819 70,2 Maseru
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Zimbabwe 390.580 11.392.629 29,1 Harare
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Namibia 825.418 2.108.665 2,6 Windhoek
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Afrika Kidul 1.219.912 49.052.489 40,2 Bloemfontein, Cape Town, Pretoria
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Swaziland 17.363 1.123.913 64,7 Mbabane
Afrika Kulon
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Benin 112.620 8.791.832 78,0 Porto-Novo
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Burkina Faso 274.200 15.746.232 57,4 Ouagadougou
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Tanjung Verde 4.033 429.474 107,3 Praia
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Pasisir Gadhing 322.460 20.617.068 63,9 Abidjan, Yamoussoukro
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Gambia 11.300 1.782.893 157,7 Banjul
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Ghana 239.460 23.832.495 99,5 Accra
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Guinea 245.857 10.057.975 40,9 Conakry
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Guinea-Bissau 36.120 1.533.964 42,5 Bissau
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Liberia 111.370 3.441.790 30,9 Monrovia
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Mali 1.240.000 12.666.987 10,2 Bamako
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Mauritania 1.030.700 3.129.486 3,0 Nouakchott
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Niger 1.267.000 15.306.252 12,1 Niamey
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Nigeria 923.768 158.259.000 161,5 Abuja
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Saint Helena, Ascension, lan Tristan da Cunha (Karajan Manunggal) 410 7.637 14,4 Jamestown
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Senegal 196.190 13.711.597 69,9 Dakar
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Sierra Leone 71.740 6.440.053 89,9 Freetown
Afrika: Étimologi, Sajarah, Géografi  Togo 56.785 6.019.877 106,0 Lomé
Total Afrika 30.368.609 1.001.320.281 33,0

Deleng uga

  • Pratélan nagara

Réferènsi

Pranala njaba

Tags:

Afrika ÉtimologiAfrika SajarahAfrika GéografiAfrika PulitikAfrika Nagara-nagaraAfrika Deleng ugaAfrika RéferènsiAfrika Pranala njabaAfrikaAfrika KulonAfrika LorAfrika Pérangan KidulAfrika TengahAfrika WétanAsiaBawanaBumiDonyaLemahMaghribi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

KismisJa'far ash-ShadiqBasa KwangtungFranz Ferdinand (Grup Musik)InvèstasiTaenia (cacing pita)Kerata basaSurat As SajdahDaihatsu MiraShinji KagawaVladimir PutinNia DaniatiBluesAlbert EinsteinÉjakulasiKung Fu HustleDhemitFosforGisella AnastasiaPsikopatSunan KudusInteraksiClint EastwoodOrthetrum sabinaBasa JawaWayang kulitWong TajikGelatinParto Patrioꦏꦼꦛꦺꦴꦥꦿꦏ꧀ (ꦥꦔꦤꦤ꧀)Kakawin ArjunawiwāhaKevin De BruyneFerry MaryadiGibran RakabumingNokénWalang sangitMateo KovačićElektronikaꦄꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦒꦼꦥꦸꦏ꧀Tobey MaguireManchester City F.C.Raffi AhmadSurat Ali ImranKabupatèn LebakNyi BlorongVanilaSalim A. FillahArimbiBiologiVidi AldianoHa Ji WonPhilippe CoutinhoHimalayaAreng watuThe BeatlesLily JamesAnomanWikiSitrusHans Christian AndersenHGuwa PindulSetatsiyun KuthaarjaGunung SibayakSoedirmanMamaliaPapan Anggegana Internasional Soekarno-HattaAmérika SarékatBal-balanKarajan ManunggalPupuk Sriwidjaja PalembangSanta AgnesAri LassoBloncèng🡆 More