Agama

Agama Islam | Agama Katolik | Agama Protestan | Agama Hindu | Agama Budha | Agama Kong Hu Cu

Agama
Agama


Prakata

Maksute "agama" kuwe akeh, salah sijine yakuwe: Percaya maring kang Maha Pencipta. Percaya kuwe artine: taat karo patuh maring ajaran-ajarane kan Maha Pencipta nggo tuntunan urip menungsa. Sing dimaksud Maha Pencipta kuwe bisa nyiptakna apa baen kecuali awake dhewek, sebab angger bisa nyiptakna awake dhewek brarti ana sing sebanding, ana kancane sing setara, kuwe jenenge dudu Maha maning jenenge.

Maha Pencipta kuwe anane sekang 2 tembung: Maha karo Pencipta. Maha kuwe artine ora nana sing sebanding, setara, apamaning sing bisa ngalaih. Brarti dheweke siji thok utawa bisa bae diarani Maha Esa utawa Yang Maha Esa utawa Tuhan. Pencipta kuwe arti ringkesé tukang gawe, ning sing penting apa sing digawe apa sing dicipta karo kanggo ngapah kuwe dicipta ?.

Sing jenenge nggawe utawa nyiptakna sesuatu mesthi ana kagunaane, ana fungsine, ora sia-sia. Menungsa, kuwe salah siji ciptaane Tuhan sing duwe fungsine, duwe kagunaane. Angger wis crita fungsi utawa kagunaan brarti kudu ana ajaran, ben fungsine dadi bener, uga kudu ana kepercayaan utawa percaya, ben manut maring ajaran kuwe. Sing ora percaya maring Maha Pencipta kuwe diarani Ateis.

Percaya karo manut maring ajaran kuwe akeh kaitane karo mutu utawa kwalitas. Sing jenenge ajaran (materi ajaran = subject) kuwe tergantung banget karo 3 syarat: sing ngajari, isi ajarane, karo sing diajari. Kasile mengko yakuwe nang mutu utawa kwalitas kepercayaan maring agama kuwe utawa biasa disebut kualitas iman. Angger sing ngajari bener, materi ajarane bener, sing diajari ya melu bener, kasile engko bisa bener, kaya kuwe uga sewalike.

Agama-Agama Resmi Indonesia

Agama-Agama Liya

  • Yahudi
  • Agama Mesir Kuna
  • Zarathustra
  • Shinto
  • Baha'i
  • Kaharingan
  • Parmalim
  • Lao Tse utawa Taoisme

Aliran Kepercayaan-Kepercayaan

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Banyumasan:

PolandiaCikampek, KarawangKabupaten CilacapCowongan1948Bojasari, Kertek, WonosoboRangga WuniWikipediaPlutoKabupaten Tapanuli TengahSoemarno Wiryo Di Harjo utawa Pak SingaTaunAktorStasiun Pasar SenenNepalKota Tanjung PinangDaftar gubernur Sumatera UtaraAGempol, PasuruanMendoanMajalaya, BandungKota MedanBabul Rahmah, Aceh TenggaraSeni rupa28 FebruariKota MagelangJawa WetanSrengengeKlojen, MalangKota SemarangKamboja1490CamatDaftar Gubernur LampungPenyanyiKabupaten KebumenPangeran Mangkubumi IIKabupaten BanyuwangiPandawaStasiun Semarang TawangBojongloa Kidul, BandungWashington, D.C.PurwokertoWangi-Wangi, WakatobiDaftar Gubernur Sulawesi SelatanDinaKota SurakartaKabupaten BekasiKalimantan Barat729SulawesiDaftar Gubernur Bali660Kali SerayuBumiayu, BrebesKuwarasan, KebumenBasa BanyumasanBatujajar, Bandung BaratKabupaten BrebesKabupaten SubangSiddhartha Gautama18411711Kabupaten BanyumasKatolik17 MeiMaulafa, Kupang1 MaretKi Hadjar DewantaraAlbert EinsteinDaftar Gubernur BantenBasa IndonesiaTeknologi🡆 More