Paus Biru

Lsksmismsjis|240px]]

Paus biru
Paus Biru
Paus biru diwasa di Samodra Pasifik.
Paus Biru
Perbandingan ukuran paus biru dengan manungsa.
Paus Biru
Kadrawasan  (IUCN 2.3)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Cetacea
Subordho: Mysticeti
Famili: Balaenopteridae
Génus: Balaenoptera
Spésies: B. musculus
Jeneng binomial
Balaenoptera musculus
(Linnaeus, 1758)
[[File:cetacea_range_map_Blue_Whale.PNG

Penyebaran baus biru

Paus Biru (Balaenoptera musculus) inggih punika mamalia laut ingkang kalebet ing subordo paus balin. Panjangipun saged langkung saking 33 mèter saha gadhah bobot 181 ton metrik utawi saged ugi langkung. Kéwan punika dipunpercaya minangka kéwan ingkang paling ageng ingkang naté wonten.

Dawa lan langsing, badanipun Paus Biru saged manéka macem kateduhan klawu saemu birunipun. SAkedhikipun wonten tiga pambéda subspesies: B. m. musculus Atlantik lèr lan Pasifik lèr, B. m. intermedia, Samodra kidul lan B. m. brevicauda (ugi diunkenl minangka paus biru kerdil) kapanggihaken ing Samodra Hindia lan Samodra Pasifik Selatan. B. m. indica kapanggihaken ing Samodra Hindia, kadospun dados subspesies sanès. Kados déné paus balin sanès, pola nedhinipun ingkang pokok crustacea alit ingkang ugi dipunkenal minangka krill, ingkang saénipun sami kaliyan iwak alit lan nus.

Paus biru kathah sanget, saged kapanggihaken saben samodra dumugi abad 20. Kirang langkung 40 taun paus-paus mau dipunburu dumugi nyaketi angka kepunahan, kanthi wntenipun perburuan paus, paus sapunika dipunlindungi déning komunitas internasional wiwit taun 1966. Sawijining palaporan ing taun 2002 ngira-ngira wonten 5.000 dumugi 12.000 paus biru ing saintering dunya ingkang lokasinipun kapérang paling sakedhik gangsal kelompok. Kathah-kathahipun riset sapunika maringi kawigatosan tumraping subspesies paus biru kerdil ingkang mungkin sampun ing ngandhap prakiran. Sadèrèngipun perburuan paus, populasi paling ageng dumunung ing tlatah Antartika, kanthi cacah kinten-kinten 239.000 (saged 202.000 dumugi 311.000). Sisanipun ingkang naumung sapérangan alit (antawis 2.000) mengkonsentrasaikan ing saben kelompok Pasifik timur laut, Antartika, lan Samodra Hindia. Wonten langkung saking kalih kelompok ing Samodra Atlantik lèr lan sakedhikipun kalih ing Sisih kidul.

Taksonomi

Cithakan:Deleng uga Paus biru minangka rorqual (famili Balaenopteridae), famili ingkang wonten ing salebeting inggih punika Paus bungkuk, Paus sirip, Paus Bryde, Paus Sei lan Paus Minke.Famili Balaenopteridae dipunpitadosi gadhah bedanipun kaliyan famili paus sanès saking subordo Mysticeti ingkang sami dangunipun kaliyan pertengahan Oligocene. Éwadéné makaten, bab punika boten dipunmangertosi éwadéné kelompok famili mau bènten kaliyan sanèsipun. Paus biru limrahipun dipunklasifikasikaken minangka salah satunggal saking pitung spésies paus ing génus Balaenoptera; satunggal otoritas ingkang mapanaken paus punika ing génus monotypic kapisah Sibbaldus, ananing boten dipunsarujuki ing papan sanès. Analisis karuntut DNA nedahaken bilih paus biru kanthi Filogenetik caket aliyan Paus bungkuk (Megaptera) lan Paus Kelabu (Eschrichtius) lajeng kaliyan spésies Balaenoptera sanès. Manawi panalitén ingkang langkung saged mengkonfirmasi wontenipun kekerabatan, mbok manawi badhé dipunbetahaken saperlu mengkalsifisasikaken ulang rorqual. [[Berkas:Rorqual phylogenetic tree.svg|ki|jmpl|250px|Pohon filogenetik hewan yang berhubungan dengan paus biru.]]

Sekedhikipun wonten 11 dokumetasi kasus persilangan paus biru / paus sirip diwasa ing alam alasan. Aranson lan Gullberg ngandharaken jarak genetik antawis paus biru lan paus sirip minangka kesamaan kados ta antawising manungsa lan gorila. Persilangan paus biru / paus bungkuk ugi dipunmangertosi.

Nama spesifik musculus minangka basa Latin lan saged ateges "berotot", nanging ésaged ugi dipuntafsiraken minangka "tikus alit". Linnaeus, ingkang nyukani nama spésies punika wonten seminaripun Systema Naturae taun 1758, mbok manawi sampun mangeértosi punika lan mbok manawi kanthi maksud pengertian ganda ingkang ironis. Spesies punika ugi dipunsebut Dasar-Sulfur déning Herman Melville wonten novelipun Moby-Dick ingkang gegayutan kaliyan sakedhik coklat oren utawi kuning ing bagéyén andhap saking filem diatom ing kulitipun. Nama umum sanès kanggéé paus biru kados ta Rorqual Sibbald (sabibaring Sir Robert Sibbald), paus biru raksasa lan rorqual utara raksasa. Nama mau sampun dipuntilar lan boten dipunanggé malih ing satunggal dékade sapunika.

Otoritas mengklasifikasikaken spésies punika ing salebeting tiga utawi sekawan subspesies: B. m. musculus, paus biru utara kasungsun saking populasi Atlantik utara lan Pasifik utara, B. m. intermedia, paus biru selatan Samodra Selatan, B. m. brevicauda, paus biru kerdil kapanggihaken ing Samodra Hindia lan Pasifik Selatan, lan B. m. indica, Rorqual Hindia Besar ingkang langkung prakawis, ugi kapanggihaken ing Samodra Hindia lan éwadéné kababar langkung wiwitan mbok manawi dados subspesies ingkang sami minangka B. m. brevicauda.

Cathetan suku

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

ISBNRukun IslamAntonio RüdigerAlice CooperSekotlanBonangThierry HenryTèknologiKumbakarnaThe ChangcutersThiwulMyanmarSlamet RahardjoKabupatèn BloraPatriarkat VenesiaLemahSetuLebak Bulus, Cilandhak, Jakarta KidulTrio Kwek KwekStadion SiliwangiProtéinSam LongIslamGessopalenaEdison ChenGudang garamRukun ImanSurat Adh DhuhaFebby FebiolaAngkor WatKabukicho Love HotelBackstreet BoysArtikelKabiskopan Agung VitóriaNajwa ShihabTrowongan ijoPasisir ParangtritisGurihWikispeciesKabiskopan Agung Chambéry–Saint-Jean-de-Maurienne–TarentaiseTyson GayNafa Urbach1050ConfettiKabupatèn Teluk WondamaHamengkubuwana II28 FèbruariBadmintonJeruk purutAngkotFésénjānSparrowRicky HarunKlembakAgamaJay IdzesWaring Wéra WanuaKaton BagaskaraTour de FranceÈnergiKabiskopan BataHypertext markup languageBillie EilishHotel Bahari InnSzklarska PorębaSoedjatmokoAaron Ramsey (pamain bal-balan, kalairan 2003)Masjid BingkuduSeni tayubBasa Inggris🡆 More