Kulawarga yaiku masarakat cilik kang ing njeroné ana sapérangan wong kang isih kaiket.
Kulawarga iku dibawahi bapak, lan sakabèhing wong manggon ana ing papan kang nyawiji lan padha nyengkuyungan.
Manut aturé Salvicion lan Celis (1998) ing kulawarga iku ana wong loro utawa luwih kang dumadi saka paseduluran sadulur undha-undhi, sadulur kang nyeduluraké saka dedhaupan, ing uripé sajeroning bebrayan, urip bebarengan lan nglakokaké tugasé dhèwè-dhèwè lan nggawè sarta nguri-uri kabudayan.
Ana sapèrangan jinising kulawarga, yaiku: kulawarga utama kang dumadi saking kakung, èstri, lan para putra putriné, kang padha cecaturan saka salah siji utawa loroné wong tuwa.: Saliyané iku uga ana kulawarga amba kang ditarik dhedhasar garis tedak turun ana dhuwuré kulawarga kang asli. Wong kang kalebu ana ing kulawarga amba yaiku pak Lik, buk Lik, kulawarga mbah kakung, lan kulawarga mbah putri.
Kulawarga iku duwé fungsi kang kudu dilakoni, yaiku.
Betuk kulawarga kang ditingali saking kepriyé cara ngukuhaké apa kang dadi karepé diperang dadi loro, yaiku dhedhasar papan lan dhedhasar pola otoritas..
Subsistem kang nèng jero kulawarga ana warna telu, yaiku subsistem kakung-èstri, subsistem wong tuwa-anak, lan subsistem sibling (raka-yayi). Subsistem kakung-èstri kawujud saking kakung lan èstri kang padha urip bebarengan kanthi kekarepan kanggo yasa kulawarga. Pacangan iki padha nyengkuyung bebarengan lan yasa talènan kang ngayomi subsistem mau saking gangguan kang ana saking kawigatèné wong akèh utawa kabutuhan saking subsistem-subsistem liyané. Subsistem wong tuwa-anak dumadi wiwit lairé anak nèng kulawarga, subsistem iki isiné ngenani bab transfer nilèi lan kawruh uga ngenalke tanggeljawab ngenani sadulur Bapak Ibu lan anak.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Kulawarga, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.