Opera

Opera yaiku jeneng Italia kanggo drama kang diwujudaké musik (vokal, instrumental, lan kala-kala disartani jogèd utawa beksan), asipat kadonyan.

Opera
Opera House kang misuwur ing Paris

Opera ing Italia

Florence

Opera wiwit ngrembaka kang pisanan ing Florence utawa Italia Lor. Ing ngisor pimpinan ksatria kang jenengé Giovani Bardi, pangeran ing Vernio (1534-1614). Dené, dhèwèké ora arep nyiptakaké jinis musik anyar (opera), nanging mung kepéngin minangka drama Yunani kang muniné uga nggunakaké musik. Asal-usul opera cukup prasaja (prasaja): drama Yunani kang pertalan Itali dideklamasikaké karo tembang solo vokal karo iringan pira-pira piranti musik.

Venetia

Ing Venetia, ana komponis kang nyempurnakaké wujud musik iki, yaiku Claudio Monteverdi. Monteverdi lair ing kutha Cremona (Italia Lor) kang misuwur kanthi kutha panggawé piyul. Jasa Monteverdi yaiku dhèwèké usaha kanggo ngungkapaké makna ing jero musik. Opera kang kapisan karangan Monteverdi duwé irah-irahan Orfeo taun 1607. Opera iki dipentasake kapisan ing Mantua ing dina tanggap warsané Fr. Gonzaga.
Pietro Francesco Cavalli yaiku komponis opera saliyané Monteverdi. Gayané rada dramatis, tuladhané ing opera II Giasone.
Pietro (Marc) Antonio Cesti yaiku komponis liya ing Venetia. Nyiptaaké musik kang luwih duwé sipat lyris.

Ciri Khas Opera Venetia

Opera gaya Venetia sugih ing resitatif lan accompagnato (liris utawa dramatis), arioso lan aris (kanthi iringan cembalo utawa orkes, ansambel). Nanging, paduan swara lan balèt ora ana amarga babagan biaya.
Liberatto utawa teks opera racaké dicétak lan didol kanggo diwaca saksuwéné opera karo lilin kanggo dilah.

Roma

Ing Roma, ngrembaka siji gaya khas, yaiku Opera Rohani.. séje iku, Roma uga dadi panggonanan lairé opera buffa utawa opera jenaka.

Napoli

Napoli ing akir abad-17 miwiti dadi pusat vokal, amarga ing kéné ana papat konservatori sarta sekolah-sekolah vokal swasta kang misuwur ing Éropah.
Komponis-komponis kang misuwu saka Opera-Napoli racaké dipérang dadi 3 golongan:

  • Golongan pendhiri Opera-Napoli, yaiku Francesco Provenzale, Alessandro Strandella, lan Alessandro Scarlatti.
  • Golongan Kaloro, yaiku Francesco Durante, Nicolo Porpora, lan Domenico Scarlati. Uga Leonardo Da Vinci lan Leonardo Leo.
  • Golongan Katelu, yaiku Giovanni Battista Pergolesi, Nicolo Piccinni, lan Domenico Cimaroso.

Opera ing Prancis

  • Ballet de Cour

Ballet de cour yaiku jogèd pura. Jinis kagunan iki ditujokaké kanggo pujian marang sang Raja, awujud adegan-adegan kang ditarékaké utawa ditembangakè utawa disajekaké kanthi cara akrobat.

  • Pastorale
  • Comédie-Ballet

lumebu ing jinis balet komedi.

  • Tragédie Lyrique (tragedi liris)
  • Opera-Balet

Pelopor opera-balet yaiku Jean-Philippe Rameau (1683-1764). Rameau ngarang 26 Opera, nanging musiké ora diterima kabéh pihak.

Opera ing Inggris

Ing wiwitan abad 17 ing Inggris wis ana siji pelopor opera kang istilahé Masque. Diarani kaya mangkono, sebab para peran migunakaké topeng (masque). Masque ngalami mangsa jaya wektu pementasan The Triumph of Peace kang naskahé dikarang déné Shirley. Musiké ditulis William Lawes lan Simon Ives.

Tags:

Opera ing ItaliaOpera ing PrancisOpera ing InggrisOperaDramaItalia

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

ItaliCornelis de HoutmanGuinéa-BissauLee Jong-sukAmérikah SarékatJawaSengkalanTurkiSurat At TaubahJempolPakta WarsawaPrajuritClint EastwoodYérusalemGamelanBlilu tau pinter durung nglakoniBekicotArkéologiSepur Kertanegara1981Cut Nyak MeutiaMicrosoft WindowsSahadat1716Surat Al An’amPaul Robinson (kiper)Resi GotamaBank MandiriIbnu SinaDonald TrumpMenara EiffelOhioSamudra PasifikBillie EilishIrakWisnuMaskumambangNikelMassachusettsBabad SokarajaUBlock OriginPatih SuwandaVermontPallywoodMia KhalifaLiga Championship InggrisOlimpiadhe Mangsa Panas 2024Parto PatrioMijilBasa NguPluto2018Shikamaru NaraSri Mulyani IndrawatiHiraganaVidi AldianoTotohanSyahriniKretegParikanAsiaFilipinaWaring Wéra WanuaLantanumSwèdhenPra-PaskahAfrikaSinomBasa LatinSandra DewiRobotikaFrans KaisiepoNyadranSurat At TalaqJesse James🡆 More