Eutanasia

Eutanasia (Basa Yunani: ευθανασία -ευ, eu kang tegesé apik, lan θάνατος, thanatos kang ateges kepatèn) yaiku praktik panjabutan panguripan manungsa utawa kéwan kanthi cara kang dianggep ora nuwuhaké rasa lara utawa nuwuhaké rasa lara kang minimal, lumrahé ditindakake kanthi cara mènèhi suntikan kang bisa gawé mati.

Eutanasia
Mesin eutanasia kang kanggo nyuntikake usada kang bisa gawé mati kanthi dosis dhuwur. Layar komputer jinjing mandu pangguna lumantar sapérangan tahapan lan pitakonan kanggo mesthèkaké yèn si pangguna wis bener-bener siyap sajeroning kaputusane mau. Suntikan pungkasan banjur ditindakake kanthi pitulungan mesin kang diatur saka komputer.

Aturan hukum ngenani prakara iki béda-béda ing saben nagara lan kerep owah manut pangowahan norma-norma budaya lan cawisan perawatan utawa tindakan medis. Ing sapérangan nagara, eutanasia dianggep legal, déné ing nagara-nagara liyané dianggep nglanggar hukum. Amarga sensitife isu iki, winatese lan prosedure kang ketat tansah ditrapake tanpa ndeleng status hukume.

Terminologi

Eutanasia dideleng saka sudut cara tindakane

Yèn dideleng saka cara tindakane, eutanasia bisa dibagi dadi telung kategori, yaiku eutanasia agresif, eutanasia non agresif, lan eutanasia pasif.

  • Eutanasia agresif, uga sinebut eutanasia aktif, yaiku sawijining tindakan kanthi sengaja kang ditindakake déning dhokter utawa tenaga keséhatan liyané kanggo nyingkatake utawa mungkasi uriping pasien. Eutanasia agresif bisa ditindakake kanthi pawenehan sawijining senyawa kang bisa gawé mati, yaiku kanthi oral utawa suntikan. Salah sawijining conto senyawa kang bisa gawé mati yaiku tablet sianida.
  • Eutanasia non agresif, kadang-kadang uga sinebut eutanasia otomatis (autoeuthanasia) digolongake minangka eutanasia négatif, yaiku kaanan sawijing pasien nolak kanthi tegas lan kanthi sadar nampa perawatan medis sanajan ngerti yèn panolakane bakal mungkasi uripé. Panolakan mau diajokake kanthi resmi kanthi gawé sawijining "codicil" (pernyataan tinulis tangan). Eutanasia non agresif intine yaiku sawijining praktik eutanasia pasif ingatase panjalukane pasien.

Cathetan sikil

Tags:

Basa YunaniKéwanManungsa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

BenikPrastawaDelimaÈksistènsialisme719SotongStade de FranceJaranPaskahCelempung1578Klanjer gondhokWoh nagaLondonAndi Alfian MallarangengBeşiktaş JKWilliam ShockleyGambuhHamburgerValutaCornelis de Houtman14 OktoberEgy Maulana VikriPrancisPagawéanLombokBabad SokarajaAksara Lontara20001399BendiGaranganAbimana AryasatyaKylian MbappéNagara Islam Irak lan SyamHemisferTobey MaguireSomalilandLadrangSistem operasi komputerGajahTembung panggandhèngGedhang gorèngYamaha L2 SuperKali BrantasGajah gajah10 JanuariKimiaIsopodaKendhangMarsSamudra Pasifik1708Sèrbi1930RomaOrkestraMartha Christina TiahahuCentre-Val de LoireUkara gothang800Hajar AswadLaura BasukiMcDonald'sBasa Arab MesirBermudaKucingKoranKapadhetanIan KaselaCarita Aji SakaDuka yayah sanipi, jaja bang mawinga-winga🡆 More