Isaac Asimov (lair nang Rusia, 2 Januari 1920 – seda 6 April 1992 dong umure 72 taun) kuwe ahli biokimia Amerika Serikat kelairan Rusia, sing uga dadi penulis sing sukses banget lan luar biasa produktif.
Dheweke dadi kondang jalaran nggawe karya fiksi ilmiah lan buku sains kanggo wong awam. Karya Asimov sing paling kondang yakuwe Seri Dasar (Foundation Series), sing banjur digabungna karo rong seri liyane yakuwe Seri Kerajaan Galaksi (Galactic Empire Series) lan Seri Robot (Robot Series).
Dheweke uga akeh nulis kisah misteri (sing akeh dihimpun nang buku-buku Black Widowers) lan fantasi. Totale, Asimov nulis utawa nyunting lewih sekang 500 jilid lan sekitar 90.000 surat utawa kartu pos, lan karyanya ana nang jroningkabeh kategorigedhe Sistem Desimal Dewey kecuali Filsafat. Melalui konsensus umum, dheweke kuwe rajane genre fiksi ilmiah, lan bareng karo Robert A. Heinlein lan Arthur C. Clarke, dianggep dadi salah siji sekang "Tiga Besar" penulis fiksi ilmiah.
Asimov kuwe jane anggota lawase Mensa, senajan mandan bebeh (dheweke nggambarna mereka "senang bertempur secara intelektual"). Asteroid 5020 Asimov dijenengi kaya kuwe kanggo ngormati Asimov.
Asimov ngarepna nek dheweke teyeng nulis 500 buku ningen ora kelakon; dheweke "mung" ngasilna sekitar 463 buku. Nek kabeh judul, carta, lan koleksi sing disunting diitung, sekiye ana 509 karya nang bibiliografi lengkape.
This article uses material from the Wikipedia Basa Banyumasan article Isaac Asimov, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses. ®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Banyumasan (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.