Jaétun

Jaétun (Olea europaea) ya iku wit cilik taunan lan wernané ijo, ora ana owah-owahane, utawa sinebut ijo abadi.

Wohé yèn isih enom bisa dipangan mentah utawa sawisé diawètaké bisa dadi panyeger. Tuwuhan iki isih sakulawarga karo tuwuhan kembang mlathi. Jaétun wiwit woh nalika umuré wis limang taunan lan umuré wit bisa nganti éwonan taun. Wité dhuwuré undakara 8-15 mèter. Déné ambané godhong wataran 4–19 cm, lan duwé kembang rupané putih sarta woh kang ukurané kira-kira 1-2,5 cm. Panyebarané jaétun ana ing laladan-laladan iklim panas nganti iklim sedheng. Pang jaétun kang ana godhongé wis suwé dianggo simbul katentreman.

Jaétun
Jaétun
Olea europaea
Klasifikasi ngèlmiah e
Karajan: Plantae
Klad: Angiosperms
Klad: Eudicots
Klad: Asterids
Ordho: Lamiales
Famili: Oleaceae
Tribe: Oleeae
Génus: Olea
Spésies: O. europaea
Jeneng binomial
Olea europaea
L.
Jaétun
Gambar sebarané Jaétun, kanthi subspésies Olea europaea awerna ijo.

Paédah

Paedahé jaétun antarané:

  • Woh jaétun kena kanggo panganan, uga bisa kanggo panyedhep masakan.
  • Kulit pérangan njaba saka wohé ngandhut 60-70% lenga.
  • Lenga jaétun ngandhut asem lemak jenuh (asem palmitat, asem stéarat, asem arachidat, asem miristat lan lignoserat kanthi gunggung sing sithik), asem lemak ora jenuh mono, asem lemak ora jenuh poli, vitamin E, lan vitamin K.
  • Asem lemak ora jenuh iku migunani kanggo nyuda cacahé kolèsterol èlèk kang ana ing awak. Saliyané iku kandhutan kang ana ing lenga jaétun bisa njaga kuwarasan pambuluh getih ing jantung, saéngga ngédhunaké résiko lelara koronèr.
  • Nggosokaké lenga jaétun kanthi ajeg ing kulit bisa marakaké kulit alus lan nglembabaké kulit.
  • Manawa dienggo ing rambut bisa ngetelaké rambut uga bisa kanggo laksatif utawa mbiyantu bebuwang. Nyuda angka pati.
  • Risèt nuduhaké manawa warga Albania kang ngonsumsi jaétun duwé angka pati kang paling sithik ing Éropah.
  • Nyuda panganggoné usada panyuda tekanan getih dhuwur amarga jaétun duwé andhil ngontrol tekanan getih, sarta bisa nyuda serangan kangker.
  • Lenga jaétun duwé paédah kaya banyu susu ibu amarga lemak kang ana ing banyu susu ibu uga ana ing lenga jaétun, lan bisa nyuda lara sendhi. Sarta bisa matèni tuma (kutu ing sirah), nyegah ketombé/ sindap, lan gatel ing kulit sirah.
  • Bisa kanggo bahan kosmètik, lan bisa njaga wangun sarta kencengé payudara.

Subspesies

Ana enem subspesies alamiah sing sumebar ing donya:

  • Olea europaea subsp. europaea (Mediterranean Basin)
  • Olea europaea subsp. cuspidata (saka Afrika Kidul, Afrika Wétan, Arabia nganti South West Cina)
  • Olea europaea subsp. guanchica (Canaries)
  • Olea europaea subsp. cerasiformis (Madeira)
  • Olea europaea subsp. maroccana Maroko
  • Olea europaea subsp. laperrinei (Algeria, Sudan, Niger)

Prodhuksi

Nagara pengasil utama Zaitun (Taun 2009 per FAOSTAT)
Ranking Nagara/Region Prodhuksi
(sajeroning ton)
Jembar kebon
(sajeroning hèktar)
Asil
(q/Ha)
Donya 18,241,809 9,922,836 18.383
1 Jaétun  Spain 6,204,700 2,500,000 24.818
2 Jaétun  Italy 3,600,500 1,159,000 31.065
3 Jaétun  Greece 2,444,230 (2007) 765,000 31.4
4 Jaétun  Turkey 1,290,654 727,513 17.740
5 Jaétun  Syria 885,942 635,691 13.936
6 Jaétun  Morocco 770,000 550,000 14.000
7 Jaétun  Tunisia 750,000 2,300,000 3.260
8 Jaétun  Egypt 500,000 110,000 45.454
9 Jaétun  Algeria 475,182 288,442 16.474
10 Jaétun  Portugal 362,600 380,700 9.524
11 Jaétun  Libya 180,000
12 Jaétun  Argentina 160,000 52,000 30.769

Gladri

Rujukan

Pranala njaba

Jaétun 
Wiktionary
Pirsani informasi ngenani Jaétun ing KamusWiki.

Tags:

Jaétun PaédahJaétun SubspesiesJaétun ProdhuksiJaétun GladriJaétun RujukanJaétun Pranala njabaJaétun

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Anoman DutaReebokPerang Yom KippurPelemPawonBathara Guruİlkay GündoğanSri Mulyani IndrawatiTuakBoASuhuSulukTèknologi informasiParikanKabupatèn SarolangunGongBaskin-RobbinsZeusProyek Kajayan NasionalTumpengAksara CarakanRadja NainggolanStadion SiliwangiHappy AsmaraKempyangPersija JakartaYasser Al-QahtaniBerang-berangKomisi Penyiaran IndonésiaSandi morseKim Jong-unKalongKho Ping HooMikul dhuwur, mendhem jeroTapiokaDuka yayah sanipi, jaja bang mawinga-wingaAde RaiGNOMEGSandiaga UnoA thokéÉjakulasiDadar gulungLombokWidyamaknaMaulana Malik IbrahimGamelanDasanamaHelmy YahyaMount EverestKebo AfrikaMalaysiaAbimana AryasatyaCitraanNokénClana jeanOlahan GhanaKapal Perang Republik IndonésiaIvan LaninIndhonésiaMuhammad Quraish ShihabLepetMie ayamWujud dat12 JuliPutri PatriciaMuhammad Arifin IlhamSurat MuhammadKapukꦄꦛꦺꦴꦏꦺSundar PichaiKaris Alika IslamadinaArmida AlisjahbanaMichael JacksonKarajan ManunggalBumiOne Ok Rock🡆 More