Wong Lémko

Wong Lémko (Ukrainian: Лемки, basa Polandia: Łemkowie, Lemko: Лемкы, translit.

Lemky; kang. Лемко, Lemko) salah siji subètnis kang laladané cilik lan cacah jiwané sithik. kang ndunungi wewengkon kang nyrambahi Pagunungan Karpathia kang karan Lemkivshchyna. Akèh wong Lemkos nganggep golongané iku cawang wong Ukrainia.

Wong Lémko
Wong Lémko


Anggotaning paguyuban rakyat Osławianie saka Mokre ing busana rakyat gunung Lémko
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Wong Lémko Ukraina672
Wong Lémko Polen11,000 (census, 2011)
Wong Lémko Slowak55,469
Basa
basa Rusyn, basa Ukraina, Polski
Agama
Akèh-akèhé Katulik Yunani Ukraina utawa Ortodoks, kanthi Katulik Roma minoritas
Golongan ètnik magepokan
wong Boyko, wong Hutsul
Wong Lémko
Gambar kar nasional ba basa (Karpathia Wétan Njaba; Wewengkon Presov; lan Subkarpathia Voivodeship, 1876)
Wong Lémko
Wong Lémko ing wewengkon Prešo (sisih kiwa) lan wong Rusyn ing wewengkon Przemyśl (wong Ukraina) ing sandhangan tradhisional. Poto: Désa Mokre sacedhaké Sanok. 2007

Basa tuturé kang durung kakodhifiksi asring dianggep basa swatantra,[butuh sitiran] dhialèké Rusyn, utawa sawijiing dhialèk ing basa Ukraina Ukrainian. Ing Ukraina amèh kabèh wong Lémko nyaturaké basa Ukraina, miturut Sènsus Ukraina ing taun 2011.

Ing Sènsus Polen taun 2011, ana 11.000 wong kang mbiwara yèn dhiriné bangsa Lémko, saka wong-wong iku ana 6.000 wong kang mbiwara yèn dhèwèké amung bangsa Lémko, lan 4.000 wong mbiwara yèn dhèwèké nduwé kabangsan rangkap – Lémko-Polen, lan 1.000 wong mbiwara kabangsan Lémko bebarengan karo kabangsan non-Polen.

Wewengkon

Tanah wutah getihé wong Lémko iku lumrahé karan Lemkivshchyna (Ukrainian: Лeмкiвщина , Lemko: Lemkovyna (Лемковина), basa Polandia: Łemkowszczyzna). Nganti taun 1945, wewengkon iki kalebu laladan saka Kali Poprad River ing sakuloné lebak Kali Oslawa ing wétan, wewengkon kang mligi ana ing Polen ing wektu iki, ing Provinsi Polen Cilik lan Provinsi Podkarpacie. Pérangan pagunungan Karpathia iki akèh-akèhé alas kang wis dibabad kanggo ékonomi agraria lan pangonan rajakaya.

Wewengkon Lémko dadi pérangané Polen ing wektu Piast tengahan. Wong Lémko dadi pérangané provinsi Galicia ing Ostenrik ing 1772. Wewengkon iki dadi pérangané Kakaisaran Ostenrik-Honggari nganti pambubarané ing 1918, nalika Républik Lémko-Rusyn (Ruska Lemkivska) mbiyawarakaké kamardhikané. Sanajan mangkono, swatantra kuwi ora suwi, lan républik mau kagabung dadi Polen ing taun 1920.

Amarga anané dhèportasi peksan wong Ukraina saka Polen marang Uni Sovièt sawisé Perang Donya II, mayoritas wong Lémko ing Polen dilih pamukimané saka tanah wutah getihé marang wewengkon Jerman sadurungé ing wewengkon Lor-Wétané Polen utawa menyang Républik Sosialis Sovièt Ukraina. Amung wong-wong Lémko kang ndunungi Wewengkon Presov ing Slowak ing wektu saiki kang panggah urip ana ing tanahé leluriné, nanging uga katambahan wong Lémko kang ngalih mukim menyang tanah wutah getihé ing pungkasaning 1950-an lan saterusé. Wong Lémko iki tanggan karo wong Slowak, wong jerman Karpathia lan Lachy sądeckie (wong Pole) ing kulon, Pogorzans (wong Pole) lan Dolinians (sawijining subgolongan Rusyn) ing lor, wong Ukraina ing wétan, lan wong Slowak ing kidul.

Basa

Wong Lémko 
Musiyum tinarbuka Lémko ing Zyndranowa

Basa Lémko dianggep karo para ahli basa Ukraina minangka dhialèk Ukraina kang paling kulon. Tanah wutah getih kang didunungi wong Lémko uwis akèh kaprabawani déning basa-basa kang dicaturaké déning tanggané utawa wong-wong kang nduwé kuwasa saéngga sawenèh wong nganggep basa iku minangka èntitas kang béda.

Sawenèh sujana mratèlaké yèn bas Lémko iku dhialèk kang paling kulon saka basa Rusyn, kang uga dianggep karo wong Ukraina minangka sawijining dhialèk Ukraina. Basa Lémko nduwé sawenèh pola kang gathuk karo basa-basa Polski lan basa Slowak, kang njalari sawenèh wong nganggep yèn basa kuwi minangka dhialèk transisi saka basa Polski lan basa Slowak (ana sawenèh wong kang uga nganggep yèn dhialèk kang ana ing Slowak Wétan iku dhialèk basa Slowak). [citation needed]

Ing pungkasaning abad angka 20, sawenèh wong Lémko/Rusyn, mligi para migran saka pèrèngan kidulé Karpathia ing modhèren Slowak, nuli wiwit kodhifikasi sawijining paramasastra setandar kanggo dhialèk Lémko, ing 27 Januari taun 1995 ing Presov, Slowak. Basa Lémko/Rusyn wiwit tinampa minangka basa kang uwis dikodhifikasi. Ing taun 2013 uga ana wacan kondhang, The Little Prince, kang dipertal menyang basa Lémko déning Petro Krynyckij

Ana punjul 1.000.000 panutur dhialèk lokal ing Slowak kang lumrahé migunakaké tembung lem.

Rujukan

Waca uga

  • Moklak, Jaroslaw. The Lemko Region in the Second Polish Republic: Political and Interdenominational Issues 1918--1939 (2013); covers Old Rusyns, Moscophiles and National Movement Activists, & the political role of the Greek Catholic and Orthodox Churches
  • Łemkowie Grupa Etniczna czy Naród?, [The Lemkos: An Ethnic Group or a Nation?], trans. Paul Best Paul Best
  • The Lemkos of Poland – Articles and Essays, editor Paul Best and Jarosław Moklak
  • The Lemko Region, 1939–1947 War, Occupation and Deportation – Articles and Essays, editor Paul Best and Jarosław Moklak
  • Horbal, Bogdan (April 30, 2010). Lemko Studies: A Handbook. East European Monographs. ISBN 0-88033-639-0. OCLC 286518760.
  • Laun, Karen (6 December 1999). "A Fractured Identity: The Lemko of Poland". Central Europe Review. 1 (24).
  • Лемкiвскiй календар. (Lemkivskiĭ kalendar)
  • Madzelan, Seman (1986). Smak doli [Taste of fate] . Nowy Sącz. OCLC 28484749.
  • Madzelan, Vasil; Madzelan, Seman (1993). Lemkivshchyna, a Ukrainian Ethnic Group (ing basa Rusyn). Lviv. Diarsip saka sing asli ing 2016-11-19. Dibukak ing 2016-09-06.
  • Drozd R., Halczak B. Dzieje Ukraińców w Polsce w latach 1921–1989 / Roman Drozd, Bohdan Halczak. – wyd. II, poprawione. – Warszawa: TYRSA, 2010. – 237 s.
  • Halczak B. Publicystyka narodowo – demokratyczna wobec problemów narodowościowych i etnicznych II Rzeczypospolitej / Bohdan Halczak. – Zielona Góra: Wydaw. WSP im. Tadeusza Kotarbińskiego, 2000. – 222 s.
  • Halczak B. Problemy tożsamości narodowej Łemków / Bohdan Halczak // W: Łemkowie, Bojkowie, Rusini: historia, współczesność, kultura materialna i duchowa / red. nauk. Stefan Dudra, Bohdan Halczak, Andrzej Ksenicz, Jerzy Starzyński. – Legnica – Zielona Góra: Łemkowski Zespół Pieśni i Tańca "Kyczera", 2007 – s. 41–55.
  • Halczak B. Łemkowskie miejsce we wszechświecie. Refleksje o położeniu Łemków na przełomie XX i XXI wieku / Bohdan Halczak // W: Łemkowie, Bojkowie, Rusini – historia, współczesność, kultura materialna i duchowa / red. nauk. Stefan Dudra, Bohdan Halczak, Roman Drozd, Iryna Betko, Michal Šmigeľ. Tom IV, cz. 1. – Słupsk – Zielona Góra: [b. w.], 2012 – s. 119–133.
  • Дрозд Р., Гальчак Б. Історія українців у Польщі в 1921–1989 роках / Роман Дрозд, Богдан Гальчак, Ірина Мусієнко; пер. з пол. І. Мусієнко. 3-тє вид., випр., допов. – Харків: Золоті сторінки, 2013. – 272 с.
  • Andrzej A. Zięba (1997). Łemkowie i łemkoznawstwo w Polsce. Nakł. Polskiej Akademii Umiejętności. ISBN 978-83-86956-29-6. 
  • Małgorzata Misiak (2006). Łemkowie: w kręgu badań nad mniejszościami etnolingwistycznymi w Europie. Wydawnictwo Uniwersytetu Wrocławskiego. ISBN 978-83-229-2743-4. 
  • Polskie Towarzystwo Turystyczno-Krajoznawcze. Zarząd Główny. Komisja Turystyki Górskie.̊ (1987). Łemkowie, kultura, sztuka, język: materiały z symposjum zorganizowanego przez komisję turystyki górskiej ZG PTTK Sanok, DN. 21-24 Września 1983 r. Wydawnictwo PTTK "Kraj". 
  • Andrzej Kwilecki (1974). Łemkowie: zagadnienie migracji i asymilacji. Państwowe Wydawn. Naukowe. 
  • Muzeum Narodowe Rolnictwa i Przemysłu Rolno-Spożywczego (Szreniawa). (2007). Łemkowie: historia i kultura : sesja naukowa Szreniawa, 30 czerwca - 1 lipca 2007. Muzeum Narodowe Rolnictwa i Przemysłu Rolno-Spożywczego w Szreniawie. ISBN 978-83-86624-58-4. 
  • Jarosław Zwoliński (1996). Łemkowie w obronie własnej: zdarzenia, fakty, tragedie : wspomnienia z Podkarpacia. J. Zwoliński. 
  • Ewa Michna (1 January 1995). Łemkowie: grupa etniczna czy naród?. Zakład Wydawniczy "Nomos". ISBN 978-83-85527-27-5. 
  • Roman Reinfuss (1936). Łemkowie: (opis etnograficzny). Druk W. L. Anczyca. 
  • Tadeusz Zagórzański; Andrzej Wielocha (1984). Łemkowie i Łemkowszczyzna: materiały do bibliografii. SKPB. 

Pranala njaba

Tags:

Wong Lémko WewengkonWong Lémko BasaWong Lémko RujukanWong Lémko Waca ugaWong Lémko Pranala njabaWong LémkoPagunungan Carpathian

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Wikipédia basa JawaTerpentinWikiquoteSimpoaDéklarasi Djuanda1200PanambangCrash Landing on YouIranPerang ing KurukshetraBoomerang (Grup Musik)Menara EiffelNagita SlavinaJenang sungsumChairul TanjungPrajuritDian SastrowardoyoMiki TikusRukun ImanKomètPitikLombokBaktèriPangkurOrkestraEgy Maulana VikriManuel RoxasKéwanPatih SuwandaKalédonia AnyarPallywoodCentre-Val de LoireBovidaeParikanDrijiWiki FoundationHidrogenJambuManganMahabharataGaranganSevilla FCMetaforaBanggaladésa1260Fanny FabrianaWuduKolombiaMadrasah ibtidaiyahSulingMuhammad Yusuf ChudloriHajar AswadReza RahadianAbad ping 20Resi GotamaVenusPitulungPolaIPhoneVeve ZulfikarSemarNgulamaIqbaal Dhiafakhri RamadhanGalaksi AndromedaHeike Kamerlingh OnnesKomputasiMangkunagara XWungu1556TetanènGendhingLindhuMalta🡆 More