Victoria Wood

Victoria Wood CBE (19 Méi 1953 – 20 April 2016) ya iku juru kumidhi, juru paraga, juru nyanyi lan juru nulis lagu, juru nulis adegan layar, lan juru ngarah asal Inggris.

Wood nulis lan maragani blabaran, sandiwara, filem, lan kumidhi swasana. Lakoné ing kumidhi urip asring kaselingan karya anggitané, ya iku sarana main piyano. Wood uga nganggit lan mainaké musik irah-irahan kanggo kumidhi swasanané ing BBC, Dinnerladies. Banyolané akèh-akèhé dhedhasar kaanan urip padinan, kalebu nyebut madya-madya Britania kondhang sarta mèrek-mèrek weton Britania. Dhèwèké katiti awit prigelé nitèni budaya lan nyindhir golongan-golongan masarakat.

Wood miwiti karir taun 1974 mentas njuwarani gelaran calakan ing ATV, New Faces. Dhèwèké dadi bintang kumidhi kala taun 1980-an sarana sèri tèlèpisi Victoria Wood as Seen on TV kang menang bebungah lan minangka salah siji juru banyol ngadeg paling kondhang ing Britania. Kala taun 1998, dhèwèké nulis lan mbintangi kumidhi swasana Dinnerladies kang banjur menang bebungah. Kala taun 2006, dhèwèké menang rong bebungah BAFTA jalaran main sandiwara pisan ing ITV1, Housewife, 49. Wood kerep makarya karo juru tembaya Julie Walters, Duncan Preston, lan Celia Imrie kanthi panjangkah suwé.

Rujukan

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Paolo MaldiniWikiPuthuKamaharajan RumMenganti, GresikFilsafatTirto UtomoNadiem MakarimIra WibowoBasa JawaJames WilsonNicholas SaputraTeuku WisnuSurat Al MuddatstsirTélévisiYérusalemSetatsiyun NgromboSuster KeramasRuud van NistelrooyWerna wèbMikul dhuwur, mendhem jeroDésaKim Soo-HyunCampursariKarbon dioksidaCepu, BloraPlexus brachialisGlepungJoão CanceloAshton ChenRumeniSrengéngéTsukasa AoiÉpistémologiPheng Xat LaoRinggit tiyangDewi SandraGetafe CFAngelina Sondakh1644Tugu YogyakartaTwitterMenara EiffelDarius SinathryaAnne AvantieYin lan YangTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)Florentino PérezPulau Tambak, Amuntai Kidul, Hulu Sungai LorMD EntertainmentGunung GalunggungLydia KandouGarpu talaGunung LawuY.B. MangunwijayaPiramida Agung GizaGibran RakabumingCarissa PutriKurniawan Dwi YuliantoTokyoHypertext markup languageJann MardenboroughBlogAndika Naliputra WirahardjaSoedirmanCristiano RonaldoReca Zeus ing OlympiaReza ArtameviaSurinameSMK Migas CepuMaulana Malik IbrahimWalang sangitSurat Al Muzzammil🡆 More