Universitas Loyola Marymount

Loyola Marymount University (LMU) inggih punika universitas swasta Yesuit Katulik di Los Angeles, California, Amérikah Sarékat.

Universitas punika minangka salah satunggal saking 28 perguruan tinggi ingkang kagabung wonten ing the Association of Jesuit Colleges and Universities (Asosiasi Kolese lan Universitas Jesuit Amérikah Sarékat) lan minangka satunggali ing antawising 5 perguruan tinggi Marymount. LMU jumeneng nalika taun 1973 sasampuning kagbunging Marymount College lan Loyola University wonten ing Los Angeles.

Loyola Marymount University
Seal LMU
Diadegaké1911
JenisSwasta
Dana abadiUSD 500 juta
PresidhènRev. Robert B. Lawton, SJ, PhD.
Sarjana5,465
Magister3,082
KampusUrban, 150 ha)
LokasiLos Angeles, California, AS
WarnaMerah kardinal dan biru laut
MaskotLions
Situs web

Kampus

Universitas Loyola Marymount 
Sesawangan Bluff
Universitas Loyola Marymount 
Xavier Hall

LMU dumunung wonten ing nginggil bukit ingkang wiyaripun 150 hèktar ing kawasan Westchester, ing sisih kilèn Los Angeles, dumunung wonten ing perbukitan Del Rey Hills. Wiyaripun lemah aslinipun 99 hèktar minangka sumbangan saking Harry Culver, satunggaling pangusaha real estate. Xavier Hall, ingkang dipunsukani nama saking nama Santo Fransiskus Xaverius, S.J., salah satunggaling kanca Santo Ignatius Loyola, S.J., lan St. Robert's Hall, ingkang dipunsukani nama saking nama Santo Robert Bellarmine, S.J., satunggaling tiyang kardinal lan Dhoktor Gréja, inggih punika 2 yasan pisanan ingkang dipunyasa wonten ing aréa kampus Westchester wekdal punika. Sasampuning pungkasan dipunyasa wonten ing taun 1929, Xavier Hall dipunpapani déning para dhosèn Jesuit lan para mahasiswa nalika wekdal St. Robert's Hall dipun-ginakaken minangka gedung akademis lan administratif.

Sacred Heart Chapel (Kapel Hati Kudus) lan Regents Bell Tower inggih punika yasan kampus non-residensial ingkang dipunyasa (1953-1955). Malone Student Center, dipunsukani nama saking nama Lorenzo M. Malone, S.J., satunggaling alumnus universitas lan mantan Dekan lan Bendahara Universitas, dipunpungkasaken taun 1958 lan dipunrénovasi nalika taun 1996. LMU wekdal punika gadhah 36 fasilitas akademis, atletik, administratif lan event kejawi 12 gedung perumahan mahasiswa lan 6 komplèks apartemèn ing aréa kampus.

Kampus Westchester sapunika ugi gadhah 2 lapangan suket ingkang wiyar ingkang sanès fasilitas olah-raga. Alumni Mall lan Sunken Gardens nyamektakaken sesawangan kampus ingkang éndah ingkang sampun samekta kaliyan sesawangan sadaya wewengkon pasisir Los Angeles, Marina del Rey, Playa Vista, Playa del Rey lan Lautan Pasifik.

Universitas Loyola Marymount 
University Hall
Universitas Loyola Marymount 
Sculpture Gardens

Akuisisi pihak universitas saking yasan University Hall wonten ing taun 2000 nyiptakaken gerbang mlebet kampus énggal, kejawi ruang kantor lan kelas ingkang dipunbetahaken sanget. University Hall inggih punika sawijining fasilitas ingkang unik kanggé sawijining institusi akademis: yasan punika aslinipun dipunyasa kanggé parusahan Hughes Aircraft minangka kantor pusatipun lan ngéwahi saking fasilitas parusahan ingkang eksklusif dados sawijining yasan ingkang nunjang pagesangan akademis. LMU pikantuk yasan wiyaripun 1.000.000 mèter persegi punika ing sasi Januari 2000 saking Raytheon ingkang tumbas Hughes Aircraft. LMU mungkasaken penataan ulang interior ruangan ingkang wiyaripun 250.000 mèter persegi ing sasi April 2001. Wangunan punika, ingkang dipundunungi déning Bellarmine College of Liberal Arts, dipunyasa kanthi konstruksi baja lan beton, lan wonten 7 lanteing nginggil lemah. University Hall gadhah langkung saking 500.000 mèter persegi ruangan lan saged nampung langkung saking 1000 papan kanggé parkir wonten ing 3 tingkat parkir ngandhap lemah. Ruang atrium wiyaripun 70.000 mèter persegi sapunika dipun-ginakaken minangka papan kanggé manéka event LMU.

Princeton Review dèrèng dangu punika dunungaken LMU minangka universitas ingkang gadhah kampus paling éndah kaping 7 ing wewengkon Amérikah Sarékat. CampusSqueeze college e-zine ranked LMU as having the 3rd most beautiful campus in America.

Cathetan suku


Tags:

1973Amérikah SarékatCaliforniaKatulikLos AngelesYesuit

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

NitrogenSurat Al HadiidZinédine ZidaneIker CasillasHeather StormTutti fruttiCatherine WilsonWader cakulDhini AminartiSzklarska PorębaYamaha L2 SuperLuhut Binsar PanjaitanFlorentino PérezPeggy Melati SukmaPound sterlingGongUmpan gaweanSpacetoonAnang HermansyahPagunungan AltaiThiwulJawaArané pérangan awakKim Tae-heeJay IdzesSunniCurug CikasoGaya asuBlangkonSuriahDeli Tua, Deli SerdangL'AquilaKeraton Kasepuhan CirebonLiu YangOrdinariat Militèr JermanPrangkoWayangYuzukoshōPelaminanWaring Wéra WanuaMarokoWayang kulitNafa UrbachSri Mulyani IndrawatiPuthuLimaWali BandResèpNguyuhHotel Bahari InnGunung SibayakLee Min HoPatiSetiawan DjodiBilly SyahputraTata SuryaBasa ArabAnak Jalanan (sinetron)SetuIwakCacing kremiAsem asetatGathotkacaNadiem MakarimLiga PremierKatulistiwaHappy AsmaraKabiskopan Agung VitóriaJesse JamesKabupatèn NganjukTèknologi🡆 More