Tumpeng iku cara nyuguhaké sega lan lawuh sajeroning wangun bucu; amarga saka iku banjur diarani sega tumpeng.
Olahan sega kang dianggo lumrahé wujud sega kuning, sanadyan kerep uga digunakaké sega putih biyasa utawa sega uduk. Cara nyuguhaké sega iki mligi Jawa utawa masarakat Betawi katurunan Jawa lan racaké disuguhaké wektu kenduri utawa prayaan mèngeti kadadéan wigati. Sanajan mangkono, masarakat Indonésia wis ngenal kagiyatan iki kanthi umum.
Tumpeng uga diarani tumpukan sega kang padhet. Tumpeng dhapuré kerucut. Wujud kerucut duwé filosofi pangarep-arep supaya urip saya munggah lan dhuwur ing bab drajat, pangkat, lan martabat.
Tumpeng tau didhaku dadi duwèkké Malaysia. Déné pangan liyané kang uga diklai yaiku kupat, cendol, lan rendang. Tumpeng kanggo ubarampé upacara ingkang sipatipun seneng utawa suka uga sedhih. Ing acara ritual, tumpeng lumrahé dihias karo sayuran lan iwak kang duwé teges kang sakral lan duwé pralambang lan pangarep-arep.
Tumpeng dhapuré kerucut lan ditata ing wadhah utawa tampah kang diléméki godhong gedhang. Tumpeng manggoné ing tengah lan diubengi lauk lan sayur.
Jaman biyèn tumpeng wernané putih, nanging supaya katon éndah tumpeng banjur diwernani. Saiki tumpeng kuning kang dienggo ing upacara-upacara mirunggan. Saliyané tumpeng kuning kang kanggo upacara tradisiomal masarakat Jawa, uga ana tumpeng putih. Jaman saiki banjur ana tumpeng-tumpeng kanthi warna liyané, kaya ta tumpeng ijo (daun suji campur daun pandan), tumpeng ireng (biji keluwek utawa abu merang padi), tumpeng abang (sari angkak utawa sari bayam abang), lan tumpeng orén (sari wortel).
Sega tumpeng lumrahé dadi hidangan istiméwa ing acara-acara wigati. Carané gawé tumpeng kang énak yaiku.
Tumpeng yaiku sega kang dhapuré kerucut kanthi warna-warna lauk pauk. Tumpeng dihidangaké ing tampah kang wujud nampan gedhé, bunder, saka anyaman pring. Tumpeng lumrahé dianggo ing upacara tradhisional. Tumpeng ing ritual Jawa ana warna-warna jinisé. Ana tumpeng sangga langit,Arga Dumilah, Tumpeng Megono lan Tumpeng Robyong. Tumpeng kebak ing simbol kang nggambaraké makna kauripan. Tumpeng robyong asring dianggo dadi sarana upacara Slametan (Tasyakuran). Tumpeng Robyong dadi simbol keslametan, kasuburan lan kasejahteraan. Tumpeng kang wujudé kaya Gunung nggambaraké kamakmuran kang langgeng. Banyu kang mili saka gunung bakal nguripi tuwuhan-tuwuhan. Tuwuhan kang dhapuré ribyong diarani semi utawa semen kang tegesé uri lan thukul ngrembaka.
Wujud tumpeng kaya wujud gunung. Indonésia kalebu nagara kapuloankang duwé akèh gunung merapi. Nenek moyang warga Indonésia duwé persépsi tumrap gunung. Gunung dianggep papan panggonan kang luhur. Sega tumpeng utawa tumpengan duwé teges simbol gunung Mahameru.
Tumpeng iki dadi tradhisi suguhan kang digunakake jroning upacara kang asipat kasedhihan utawa gumbira.
Sawetara sumber nyebutaké manawa jaman biyèn tumpeng mesthi disuguhakè saka sega putih. Sega putih lan lawuh jroning tumpeng iku duwé makna, yaiku sega putih kang awujud gunungan utawa kerucut iku nglambangaké tangan kang nyembah mring Gusti Pangeran. Sega putih uga nglambangké samubarang kalir kang dipangan, dadi getih lan daging kudu dipilih saka sumber kang resik lan halal. Wujud gunungan iku uga bisa ditegesi miana ingka pangajab supaya karaharjaning urip manungsa sansaya munggah lan dhuwur.
Kustawa Esye, Pangarsa Komunitas Kiai Damar Sesuluh, mratelakaké tumpeng utawa inthuk-inthuk iku ngandhut piwulang luhur, yaiku pangajabe manungsa marang kuwasaning Pangéran. Jroning uripe manungsa ing donyaiku ana trape, kaya kang kagambar ing tumpeng.
Sanajan wujudé kerucut, sajané tumpeng iku kapara dadi telung trap. Ngisor dhewe, tengah lan pucukan utawa dhuwur dhewe. Kabeh ngandhut piwulang. Perangan paling ngisor dhewe kang dipasangi gudhangan lan jajanan iku dadi gegambaraning donyané manungsa. Dene trap kaloro utawa tengah iku dadi sarana meneping rasa manungsa kanggo nuju kasampurnan. Dene pucuk dhewe dadi simbul pangajabé manungsa mring Gusti kanggo nggayuh kabahagyan hakiki. Yaiku kang diarani ilmu sangkan paraning dumadi ana ing pucukan tumpeng kuwi. Mula ing pucukan ditancepi lombok abang ngacung jejeg. Iku kanggo pepeling supaya manungsa kudu tansah eling marang Kang Maha Tunggal, yaiku Pangéran.
Jaman biyèn, sesepuh kang mimpin donga slametan lumrahe bakal ngudhar dhisik makna kang kakandhut jroning suguhan tumpeng. Kanthi cara kang mangkono iku wong kang mèlu slametan bakal mangerteni makna tumpeng lan antuk wedharan kang arupa piwulang urip sarta pepeling.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Tumpeng, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.