Tumpeng Robyong

Tumpeng Robyong inggih punika salah satunggaling jinis sesajen ingkang asring dipun-ginakaken nalika upacara selametan utawi upacara siraman ing adat priyantun Jawi.

Tumpeng Robyong
tumpeng robyong

Bahan-bahanipun

Bahan-bahan ingkang dipun-ginakaken kanggé damel tumpeng robyong inggih sajatosipun radi sami kaliyan bahan-bahan kanggé damel tumpeng ing padatanipun. Namung ingkang bédakaken inggih uborampé tumpeng ingkang dipun-ginakaken kanggé njangkepi tumpeng. Bahan-bahan ingkang dipunbetahaken kanggé damel tumpengipun inggih punika kados makaten.

  • 750 gram wos, lajeng dipunpususi ngantos resik
  • 100 gram wos ketan, dipunkum rumiyin danguninpun kirang langkung 30 menit lajeng dipuntus
  • 10 cm kunir ingkang tuwa lajeng dipunparut lan dipunperes toya nipun.
  • 1.250 ml santen saking 1 wutir kambil
  • 2 batang sereh, lajeng dipungeprak
  • 2 lembar ron pandan, dipunsuwir-suwir lajeng dipuniket
  • 5 lembar ron jeruk
  • 2 cendhok teh uyah
  • 1 sdm toya jeruk

Déné bahan-bahan minangka pelengkap tumpeng robyong inggih punika:

Caranipun Damel

Sajen punika dipunwujudaken ing wujud tumpeng ingkang dipunsukani kacang panjang ingkang sampun dipunjangan rumiyin. Anggenipun nata kacangipun mlingker dumugi tumpeng pérangan nginggil ingkang letakipun sampun boten aturan malih. Tata urutan ubarampé sesajen wonten ing pucuking tumpeng manawi dipuntata saking ngandhap dumugi nginggil inggih punika tigan pitik ingkang taksih wetah kulitipun ingkang sampun dipunmasak, terasi, brambang, saha lombok abrit. Ing sisih tengen saha keringipun tumpeng wonten jangan-janganan saha lawuh-lawuhipun ingkang sampun dipunmasak ingkang anggènipun nata boten aturan. Déné jinising janganan ingkang dados uborampe ing sajen tumpeng punika inggih kacang, wortel, lobis, ron so utawi ron mlinjo, thokolan, bayem, saha godhong tela. Jinising lawuh ingkang dados ubarampe inggih punika; tempe goreng, pitik goreng, iwak asin, saha tigan pitik ingkang sampun mateng. Tumpeng saha ubarampenipun dipunsajekaken ing nyiru. Sedaya ubarampe ing tumpeng dipuntata boten aturan, mila dipunsebat tumpeng robyong.

Uga delengen

Cathetan suku

Tags:

Tumpeng Robyong Bahan-bahanipunTumpeng Robyong Caranipun DamelTumpeng Robyong Uga delengenTumpeng Robyong Cathetan sukuTumpeng Robyong

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

GaliyumHafniumIndiaKabupatèn LebakTèknologiQin Shi HuangBandeja paisaXXX (filem 2002)École polytechniqueSurat MuhammadBanyu susu ibuRadja NainggolanGoogleUniversitas Oxfordꦆꦤ꧀ꦠꦼꦫꦏ꧀ꦱꦶJatim ParkGSunan BonangAyu DewiHa Ji WonAgus MustofaBélarusWujud datKaliwadas, Sumber, CirebonNahdlatul UlamaꦠꦺꦭꦺꦏꦺꦴꦩꦸꦤꦶꦏꦱꦶTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)Vidi AldianoSisingamangaraja XIIHam sosisSesebutan bangsawan JawaAgeng TirtayasaWalang sangitSalim A. FillahRuth SahanayaAl-GhazaliKumbang koksiKulawarga (biologi)Sepi ing Pamrih Ramé ing GawéDilraba DilmuratCiambottaKapal Perang Republik IndonésiaTapak daraEnny BeatricePariwaraRamaFisikaAlamF-35 Lightning IISunan KalijagaBonangGabe NewellBonang panerusLepetOscar's OasisPlasaarang, Sanankulon, BlitarBayurAntimonWikipédiaInvèstasiSurat At TalaqJamur gorèngKarnaJawa WétanGamelanKomisi Penyiaran IndonésiaSang Hyang WenangSt. PetersburgHeckler & Koch MP5TuvaluPerang Donya IIWikiquoteLesmana🡆 More