Trijatha

Trijatha inggih punika putri pambayunipun Gunawan Wibisana saking negri Alengka kaliyan Dewi Triwati, putri titisanipun Sanghyang Taya.

Dewi Trijatha punika putri ingkang ayu sanget, gadhah sipat ingkang sarèh, jatmika, andhap asor, kaliyan setya. Dewi Trijatha kathah sanget pambiyantunipun marang Dewi Sinta, inggih punika ngréncangi, ngayomi, sarta ngladosi Dewi Shinta nalika diculik déning Rahwana lan kedah cumondhok wonten ing Alengka. Trijatha ingkang tansah ngréncangi Dewi Shinta ing Taman Soka.

Trijatha
Dewi Trijatha

Trijatha saged ngayomi Dewi Shinta ingkang badhé kajamah déning Rahwana, saéngga damel Rahwana duka. Saking dukane, Rahwana ngedalaken panguman-uman, inggih punika ing samangké Trijatha bakal gadhah garwa kethèk ingkang sampun sepuh. Trijatha dados sedhih sanget penggalihipun, nanging Dewi Shinta nglipur panjenengané manawi sanadyan garwanipun awujud kethèk nanging putrinipun saged sesandhingan kaliyan titisanipun Bathara Wisnu. Pungkasanipun Trijatha dados garwanipun Kapi Jembawan, kethèk sepuh ingkang dados pamomongipun Subali kaliyan Anoman. Jembawan saged dados garwanipun Dèwi Trijatha kanthi cara malih praupan dados Lesmana saéngga saged ngrayu Dèwi Trijatha. Trijatha gadhah putri ingkang namanipun Dèwi jembawati ingkang sasampunipun diwasa dados garwanipun Prabu Kresna, raja negri Dwarawati. Sasampunipun perang Alengka, Trijatha kaliyan kulawarganipun manggèn ing pertapan Gandamana.

Tags:

AlengkaRahwanaWibisana

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Erling HaalandUwuhFlorentino PérezKembangSwitserlanRukun ImanWayang golèkDian SastrowardoyoRéunionSlankPaus Leo XHypertext markup languageSrabiJawa WétanRobérto Carlos2016Centre-Val de LoireSetatsiyun Semarang TawangDonny DamaraBaladéwaWetengSèrbiDramaPrancisTransistorKéwan gegremetanHamburgerSamudra PasifikLiga Championship InggrisSinarmas GroupArkéologiMangkunagara XKacilakan nuklir Fukushima I1930-anSastraAlex FergusonTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)Ancab nglaluKim Hee SunMartha TilaarCathetan padinanGambangAcer Inc.Tjong A FieOrkestra875ÉropaRama1970RomaChairul TanjungTsukasa AoiVenusJambuMiki TikusÉtanolGongAnomanBon JoviCarita Aji Saka1574IrakAgustus1938UntaResi GotamaTongaPallywood2008NatriyumSrengéngéStephen ChowEmma WatsonMeteorIsopodaMercedes-Benz SLS AMG🡆 More