Tembung Panggandhèng

Tembung panggandheng utawi kadhangkawis dipunwastani Tembung panyambung punika tembung ing Basa Jawi ingkang ginanipun kanggé nggandhèng ukara satunggal kaliyan ukara sanèsipun ing satunggaling frasa.

Tembung-tembung punika kalebet tembung panggandhèng: sawisé, sadurungé, wiwit, rikala, nalika, sinambi, nganti, yèn, janji, saupama, supaya, sanadyan, kamangka, sabab, jalaran, awit, mula, tanpa, lan, sarta, tekan, karebèn, tinimbang, banjur, nanging, malah, kanthi, nganti, awit saking, lan uga, sadurungé iku, karo manèh, kanthi makaten, manawi ngantos, kajawi punika, sasampunipun punika, lan sapiturutipun.

Tembung pangiket

Tembung pangiket (kata sambung) yaiku tembung kang ngiket utawa anunggalaké: ukara, gatra utawa tembung loro. Tembung iki kena kapilah-pilah dadi 9 warna, yaiku:

  • Pangiket pasaja

Kaya ta: lan, karo, kambi, kalawan, sarta, tuwin, miwah, apadene, apamaneh, lsp. Tuladha: Si Agnes mangkat sekolah diboncèngaké Yamaha karo si Anna, mbakyuné.

  • Pangiket kosok balèn

Kaya ta: ewasemono, déné, suprandene, nanging, mangka, lsp. Tuladha: Olèhku ngandhani wis ora kurang-kurang, ewasemono ora dipaèlu.

  • Pangiket amarga (sebab)

Kaya ta: sarèhné, rehne, sabab, awit, jalaran, amarga, déné, lsp. Tuladha: Krisna ora bisa mèlu latihan karaté, amarga soré iki ana kuliyah.

  • Pangiket mangsa (wektu)

Kaya ta: dhèk, rikala, nalika, samangsa, bareng. Tuladha: Laire adhiku, si Bambang, ngepasi nalika penjajah Jepang teka ana ing Indonésia.

  • Pangiket ubaya (prajanji)

Kaya ta: manawa, upama, saumpama, yèn, angger. Tuladha: Kurniawan pareng ndhèrèk, angger ora rewel.

  • Pangiket sumengka

Kaya ta: najan, nadyan, sanajan, sanadyan. Tuladha: Nugraha tetep mangkat sekolah sanajan udan.

  • Pangiket tujuwan

Kaya ta: supaya, karebèn, cikbèn, murih. Tuladha: Obaté iku ombénen, cikbèn énggal waras.

  • Pangiket pepadhan/pepindhan

Kaya ta: kaya, lir, pindha, lirpendah, prasasat. Tuladha: Bocah loro iku rupané padha ceples, prasasat (kaya) jambé sinigar.

  • Pangiket panerus

Kaya ta: yèn, manawa, bilih. Tuladha: Bu Tris ngendika bilih ngenjang badhé rawuh.

Tags:

Basa JawaTembung

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

BlangkonEmha Ainun NadjibYamaha L2 SuperBatalyon infanteriSurat At TalaqSemen Padang FCTata SuryaGestapoRiyal SaudiSutantoLaudya Chintya BellaDian SastrowardoyoAdjie MassaidAfghanistanPheng Xat LaoRayapJaringan area lokalMulan JameelaOrdinariat Militèr HonggariTelik sandhiSurat Al HadiidAni-aniJepangFacebookꦱꦩ꧀ꦱꦸꦁ GT-E1205YSuku LematangKabupatèn Nganjuk16 AprilYérusalemPound sterlingWessexSrikandhiNglangi wudaBisbolRokètMark ZuckerbergAdolf HitlerSuriahOrgasmePawadonanDhini AminartiKaisarTejakusuma VWayangArkéologiPallywoodGamelan1608MilitèrFatamorganaHinata HyuugaBeit SafafaPrancisManuel RoxasThe Death of StalinRujak CingurTembung ngentas pitulusPélogNeptunusNafa UrbachGita WirjawanMaghribiGajahMimGermaniyumSalvador DalíBimasektiꦧꦼꦱ꧀​ꦠꦿꦸ6 MaretSop saudaraAnnisa TrihapsariꦆꦩꦶꦒꦿꦱꦶLin DanTumpengKresnaSepongDrupadi🡆 More