Taman Nasional Baluran mapan ing Jawa Wétan, Indonésia.
Ing taman kono iklime rada panas, alame awujud alas dataran cendhek, savana, alas mangrurove lan bukit-bukit. Uga ana Gunung Baluran (1247m) minangka pucuke gunung kang paling dhuwur.
Baluran National Park | |
---|---|
IUCN kategori II (taman nasional) | |
Pernah | East Java, Indonésia |
Laladan | 250 km² |
Dikukuhaké | 1980 |
Dhayoh | 10,192 (ing 2007) |
Bebadan pamaréntahan | Ministry of Forestry |
Ing taun 1937, Gubernur Jenderal Hindia Walanda ngukuhaké Baluran dadi Suaka Margasatwa kanthi dhedhasar GB. No. 9 tanggal 25 September 1937 Stbl. 1937 No. 544. Banjur dikukuhaké déning Mantri Pertanian lan Agraria RI kanthi dhedhasar Surat Dudutan Nomor. SK/II/1962 tanggal 11 Mèi 1962. Nalika tanggal 6 Maret 1980 bebarengan karo dina Strategi Pelestarian se-Dunia, Suaka Margasatwa Baluran déning mantri Pertanian diresmekake dadi Taman Nasional.
Taman Nasional Baluran mapan ing Kacamatan Banyuputih, Kabupatèn Situbondo, Provinsi Jawa Wétan. Watese ya iku ing sisih lor Selat Madura, sisih wétan Selat Bali, sisih kidul Kali Bajulmati, Désa Wonorejo lan sisih kulon kali Klokoran, Désa Sumberanyar.
Miturut SK. Mantri Kehutanan No. 279/Kpts.-VI/1997 tanggal 23 Mèi 1997 Papan Taman Nasional Baluran ambané kurang luwih 25.000 Ha.
Wujudé taman iki wujud bunderan kang kasar, ana gunung geni, gunung Baluran ing tengahé. Ambane tlatah iki kurang luwih 25.000 hèktar. Taman iki dumadi saka limang papan: Papan utama (12.000 ha), Papan Rimba (5.537 ha, kadadéan saka 1.063 ha banyu lan 4.574 lemah ha), papan kang dimupangatake anthi intensif (800 ha), Papan kang dimupangatke kanti kaperluan liya (5.780 ha) lan Papan Rehabilitasi (783 ha).
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Taman Nasional Baluran, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.