Télévisi: Piranti èlèktronik kanggo nyebar lan nampa gambar obah uga swara

Télévisi utawa TV ya iku médhium tèlèkomunikasi medium kanggo nyaluraké swara karo gambar-gambar kang obah ing monokrom / sak warna (ireng-putih), utawa ing warna-warni, lan ing dhiménsi loro utawa dhiménsi telu.

TV bisa ngrujuk marang saprangkat télévisi, sawiji acara télévisi, utawa médhiumé transmisi télévisi. télévisi iku sawiji média massa, kanggo klangenan, pangajaran, pawarta, lan pangiklanan.

Télévisi: Piranti èlèktronik kanggo nyebar lan nampa gambar obah uga swara
Télévisi-télévisi layar lètèr lagi didol ing toko èlèktronik ing taun 2008

Télévisi uwis sadhiya ing akir taun 1920an awujud èkspèrimèn kang isih kasar. Sawisé Perang Donya II, wujud panyiaran TV ireng-putih kang uwis luwih apik dadi kaloka ing Amérika Sarékat lan Karajan Manunggal, lan prangkat-prankat télévisi dadi barang wajib ing omah-omah, padagangan, lan institusi-institusi. Nalika ing taun 1950an,télévisi iku medhium utama kanggo mangaribawani opini publik. Ing tengah-tengahing taun 1960an, Panyiaran warna kawanuhaké ing Amérika Sarékat lan akèh-akèhé nagara-nagara kang uwis maju. Sadhiyaning médhia panyimpenan kaya ta tép VHS (1976), DVD-DVD (1997), lan blu-ray discs HD (2006) ngolèhaké para pamiyarsa bisa nonton acara-wujud acara kang uwis direkam sadurungé ing omahé dhéwé-dhéwé, kaya ta filem-filem. Ing akhiré dékade kapisaning taun 2000an, kawentarané panyiaran-panyiaran télévisi digital mundhak kanthi gedhé. Pangembangan liyané ya iku pindhé saka standard-definition television / SDTV (TV dhèfinisi standard) (576i, kang garis-garis interlaced résolusiné 576 lan 480i) dadi high-definition television / HDTV (TV dhèfinisi tingkat dhuwur), kang nyedhiani resolusi kang luwih dhuwur banget. HDTV bisa kasiaraké ing sawerna format kaya ta: 1080p, 1080i lan 720p. Awit taun 2010, pangrékaning smart television (télévisi pinter), Internet television (télévisi nganggo internét) mundhakaké sadhiyaning acara-acara télévisi lan filem-filem nganggo Internèt  kanthi leladèn-leladèn kaya ta Netflix, iPlayer, Hulu, Roku lan Chromecast.

Ing taun 2013, 79% somah ing sadonya dhuwé prangkat télévisi. Panggantining layar saka cathode ray tube (CRT) kang lemu, setrumé gedhé dadi téknologi alternatif kang wujudé ringkes lan lètèr, ora butuh setrum kang gedhé, kaya ta plasma displays (layar plasma), LCD ( fluorescent-backlit lan LED), lan OLED display iku revolusi piranti kasar kang kawiwitan kanthi parèkaning monitor-monitor komputer ing akir taun 1990an. Akèh-akèhé prangkat TV kang didol ing taun 2000an saiki uwis kang layar lètèr, racaké LED. Pabrik-pabrik kang gedhé mbiwarakaké prangkat-prangkat kaya CRT, DLP, plasma, lan fluorescent-backlit LCD ora bakal digawé manèh ing tengah-tengah taun 2010an. TV jinisé LEDs dilit engkas dikarepaké bakal diganti déning OLED sithik mbaka sithik. Pabrik-pabrik iku mau uga uwis mbiwarakaké manawa bakal mundhakaké produksi prangkat-prangkat smart télévision ing tengah-tengahing taun 2010an. Smart TVs kang uwis gabung karo internét lan gunané Web 2.0 dadi format paling lumrahé télévisi ing akir taun 2010an.

Rujukan

Tags:

IklanMedia massaPawartaWerna

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

SilkAirNahdlatul UlamaMa Dong-seokBathara SuryaUraniumTom HollandMegawati PrabowoTembung sesulihHafniumFilsafatCut KekeKeylor NavasCN BlueLuna MayaChibi Maruko-chanAmérika SarékatTaenia (cacing pita)SoehartoIbnu SutowoRaffi AhmadPimchanok Leuwisedpaibool (Fern)Rocket RockersLily JamesPuputanCacing lemahFlorentino PérezOstraliBerang-berangHendra SuhendraPahingCinta LauraSidang Umum PBBOsechiBandeja paisaJawa WétanEnergi PotensialYésus KristusKleponMaskotEmbing-embingGuru wilanganAncas4Tèknik sipilSurat At TalaqVanilaRuslanAnnisa TrihapsariVladimir PutinNakulaAksara JawaReza RahadianLucas VázquezFisikaPejuMusikKepanjen, Gumukmas, JemberUwangIvan LaninSlowakiaBunga Citra LestariJonathan FrizzyIan MaatsenSlamet RahardjoSandiaga UnoThe HeirsCangkemBrondongAngga Aldi YunandaRépublik Rakyat CinaMaricaꦄꦕꦂꦮꦺꦴꦃDian SastrowardoyoSalman KhanAntonio Rüdiger🡆 More