Sung-Ha Jung ya iku salah sawijining wong sing dadi kondhang amarga ngunggah vidéo ana ing YouTube.
Nganggo akun jwcfree, dhèwèké wis ngunggah punjul 500 vidio ana ing YouTube. Sung-Ha Jung miwiti ngunggah vidio nèng YouTube saka 8 September 2006. Awit saka iku tekan saiki channel jwcfree wis ditonton kaping 500.000.000 luwih. Amarga kapinterané dolanan gitar, wis akèh musisi-musisi internasional sing gumun karo dhèwèké. Ora mung digumuni, Sung-Ha Jung uga bisa duèt karo musisi-musisi mau, kaya ta Ulli Bögershausen, Thomas Leeb, Trace Bundy, Tommy Emmanuel lan liya-liyané.
Sung-Ha Jung | |
---|---|
Lair | 정성하 Sèptèmber 2, 1996 Koréa Kidul |
Pakaryan | Gitaris fingerstyle akustik solo |
Taun aktif | 2006-saiki |
Sana jaringan | sunghajung |
Sung-Ha Jung miwiti dolanan gitar saka umur 9 taun. Dhèwèké kepéngin dolanan gitar amarga nyawang bapaké dolanan gitar. Awit iku, dhèwèké tangi ésuk umun-umun supaya bisa dolanan gitar dhisik sadurungé mangkat sekolah. Wiwitan Sung-Ha Jung dolanan gitar, dhèwèké isih diwulang bapaké. Nanging,bapaké mung mulang dhèwèké sedhéla amarga olèhé Sung-Ha Jung sinau dolanan gitar rikat banget. Miturut bapaké, Sung-Ha wis bisa dolanan luwih apik saka bapaké sawisé 6 sasi sinau gitar. Sabanjuré, dhèwèké sinau dolanan gitar dhéwé.
Gitaran cara fingerstyle iku diwiwiti Sung-Ha sawisé bapaké nduduhi vidio-vidio babagan fingerstyle. Saka vidio-vidio iku dhèwèké dadi seneng gitaran cara fingerstyle.
Pas wiwitan Sung-Ha Jung ngunggah vidioné ana ing You Tube, dhèwèké lagi umur 10 taun. Sanadyan lagi umur 10 taun, olèhé dolanan gitar wis apik banget lan wis ditonton karo yutanan wong nèng donya. Anggoné Sung-Ha Jung nggarap satembang adaté mung rong nganti telung dina. Nanging, yèn tembang sing digarap iku rada angèl bisa nganti seminggu.
Adaté sing pisanan dilakokaké Sung-Ha Jung pas nggarap tembang ya iku nonton vidio. Sawisé nonton,dhèwèké banjur nemtokaké nada-nada apa waé sing dienggo. Olèhé Sung-Ha Jung nemtokaké nada racaké mung sajam lan lumrahé ora nganggo tab gitar utawa partitur musik.
Sung-Ha Jung saiki ngomah nèng Chungju, Korea Kidul. Bapaké Sung-Ha Jung asmané Woo-chang Jung. Panjenengané ngasta nèng salah sawijining perusahaan ana ing Koréa. Panjenengané iku sing marakaké Sung-Ha Jung "kecemplung" dadi gitaris saka hobi dolanan gitaré. Sung-Ha duwé adhi wadon jenengé Soo-Ha Jung.
Sung-Ha Jung éntuk sponsor gitar saka Lakewood Archived 2012-08-28 at the Wayback Machine.. Lakewood Archived 2012-08-28 at the Wayback Machine. iku jeneng produsèn gitar sing kondhang nèng Éropah. Ulli Bögershausen, gitaris kondhang sing dadi mèntoré Sung-Ha Jung, uga nganggo gitar saka Lakewood. Gitar iku digawé kusus kanggo Sung-Ha Jung dhéwé. Olèhé Lakewood Archived 2012-08-28 at the Wayback Machine. nggawé gitar iku nganti 4 sasi. Sung-Ha nganggo gitar iku saka taun 2009. Saiki, Sung-Ha duwé gitar lakewood cacahé 6. Sadurungé dhèwèké nganggo gitar iku, dhèwèké wis tau nganggo gitar saka Selma, salah sawijining produsèn gitar kondhang nèng Koréa.
Sung-Ha Jung ora mung bisa dolanan gitar waé. Sadurungé bisa dolanan gitar, dhèwéké wis bisa dolanan piano dhisik. Saliyané piano, dhèwéké uga bisa dolanan piranti musik liyané, kaya ta ukulélé, lan drum. Dhèwéké lagi waé sinau jazz piano wiwit taun 2010. Dhèwèké uga lagi sinau teknik vokal.
Dhèwèké wis tau konsèr nèng ngendi-ngendi, embuh iku konsèr solo apa dudu. Konsèr ing Koréa wis tau, konsèr ing manca uga wis tau.
Taun | Album | Pratélan Tembang | |
---|---|---|---|
2010 | Perfect Blue | 01. Hazy Sunshine 02. Billie Jean | |
2011 | Irony | 01. For You 02. Irony |
Foto-foto:
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Sung-Ha Jung, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.